II Para Raja 5:1-3,7-15c; Jabur 111; II Timoteus 2:8-15; Lukas 17:11-19 NGREKAOS NGASORAKEN DHIRI “Ing kono panjenengane tumuli mandhap lan slulup kaping pitu ana ing bengawan Yarden netepi ature abdining Allah mau, …” (II Para Raja 5:14a) Amarga ora mung Trisno sing kena Demam Berdarah, mula PUSKESMAS nindakake fogging. Pancen pak Wiryo sakbrayat ngrekasa amarga omah sakisine dadi mambu obat kabeh. Nanging iku mau pamrihe supaya nyamuk kang nggawa memala dadi lan matine. Eman dene isih ana sawenehe warga sing ora kepranan yen omahe disemprot. Kahanan sing kaya mangkene ora mung mbebayani tumrape sakisine omah iku wae, nanging uga tangga-teparone. Weruh sing kaya mangkono iku, pak Wiryo mung bisa ngunjukake pandonga; nyenyuwun panganthi lan pangayomaning Allah. Senapati Naaman punika tentindhing wadyabala Aram ingkang pinunjul lan nggadhahi kalenggahan inggil. Mila piyambakipun rumaos kaasoraken dening nabi Elisa nalika dhinawuhan siram ngantos ambal kaping pitu ing bengawan Yarden. Sang Naaman kanthi duka nedya enggal wangsul dhateng Aram. Nanging saksampunipun kaerih-erih dening para punggawanipun, Sang Naaman purun nglampahi dhawuhipun nabi Elisa. Nalika purun ngasoraken dhiri, Sang Naaman nampi berkahing Allah; sanalika saras saking memala saraat. Nandhang sakit punika boten sakeca. Nanging emanipun tiyang asring boten purun ngasoraken dhiri kangge njagi kasarasaning badan utawi nglampahi usada kangge ngudi pulihing kasarasan. Wonten tiyang ingkang nggadhahi pamanggih pung-nak, pung-na; mumpung enak-mumpung ana. Tiyang-tiyang punika boten njagi dhiri sinaosa mangretos bilih piyambakipun saged ketaman sesakit saking tetedhan ingkang saweg dipun rahabi. Wonten ugi tiyang ingkang mbokbilih ajrih utawi aras-arasen; sae kangge nedha obat, priksan dhateng PUSKESMAS utawi nglampahi terapi kangge ngudi kesarasan. Sumangga sinau saking Senapati Naaman ingkang purun ngrekaos ngasoraken dhiri kangge ngudi kasarasan kanthi mancekaken wekdal nindakaken olahraga, wicaksana anggenipun nedha lan ngunjuk, nedha obat kanthi rutin lan enggal manggihi juru-medis nalika ngraosaken badanipun saweg kirang sakeca. |*GPY
Setu, 11 Oktober 2025 Minggu Limrah
Wilangan 12:1-15; Jabur 111; Lukas 5:12-16 GUSTI ALLAH KARSA NYARASAKEN “Gusti nuli mulung astane, ndemek wong mau kalawan ngandika: “Aku karsa, birata najismu! Sanalika iku uga lelarane budhug sirna” (Lukas 5:13) Wis telung dina anggone Trisno opname ana Rumah Sakit amarga kena lelara Demam Berdarah. Trisno ngangluh marang bapake: “Pak, napa kula kados mekaten punika awit dosa nalika boten mbangun-turut dhateng bapak?” Karo mesem, pak Wiryo mangsuli karo mesem: “Ngger, sing baku kowe lara iku merga ketularan rikala dolanan karo kanca-kancamu ngoyak layangan pedhot nganti tekan kebonan. Dene menawa dianggep pinangka wohing dosamu merga ora manut bapak, kuwi tuwuh saka rasa pracayamu marang Gusti Allah. Pancen Gusti Allah kwasa ngganjar lelara; nanging Panjenengane uga kwaos nyarasake umate saka sakehing lelara. Luwih becik saiki kowe ndedonga nyuwun berkah kasarasan saka Gusti Allah!” Miryam lan Harun nampi bebendu saking Gusti Allah awujud memala saraat awit meri dhateng nabi Musa. Nalika emut dhateng cariyosipun Korakh, Datan, Abiram dalah sakbrayatipun ingkang dipun untal dening bumi urip-uripan awit mbalela dhateng nabi Musa (Wilangan 16), ingkang katamakaken dhateng ibu Miryam lan imam Harun punika taksih kapetang entheng awit Gusti Allah taksih karsa nyarasaken lan nampi kekalihipun malih. Wonten titi-wancinipun Gusti Allah namakaken memala, nanging ugi wonten titi-wancipun Gusti Allah nyarasaken memala. Kacariyos Gusti Yesus ugi karsa nyarasaken tiyang ingkang ketaman budhugen. Nalika semanten sesakit ingkang kados mekaten kaanggep minangka bebendu saking Gusti Allah karana awrating dosa lan panerak ingkang katindakaken. Mila punika ingkang damel tiyang punika munjuk; “Gusti, menawi Paduka karsa, tamtu saged birat najis kawula.” Dados piyambakipun pitados bilih ingkang njalari piyambakipun mantun punika sanes awit saking dayaning tamba, nanging awit saking karsaning Allah. Mila nalika ketaman sesakit, prekawis utawi momotaning gesang; sumangga enggal nyuwun pitulunganipun Gusti Allah. |*GPY
Jemuwah, 10 Oktober 2025 Minggu Limrah
Wilangan 4:34-5:4; Jabur 111; II Timoteus 2:1-7 MBAGI WEKDAL TEMAH PRAYOGI “Prajurit kang lagi perang iku ora mraduli marang prakara-prakara kang gegayutan karo panguripane…” (II Timoteus 2:4a) Trisno karo mbakyune sing biasane ngrewangi bu Minal asah-asah lan resik-resik meja makan, sore iki langsung mlebu kamar. Tanggung jawabe bocah loro kuwi diayahi pak Wiryo. Bengine, pak Wiryo ora mirsani kethoprak sing dadi klangenane. TV sengaja ora disetel lan radio ora muni. Omah iku sepi nyenyet. “Bocah-bocah besuk ngadhepi mid-semester, pak. Mula kareben padha temen sinau. Saiki wayahe awake dhewe ndedonga, nyenyuwun supaya Gusti Allah kersa nganthi lan maringi kasil sing prayoga”. Mangkono pangandikane bu Minal. Gusti Allah netepaken bilih tiyang Lewi nindakaken ayahan peladosan ing Tarub Pasewakan. Awit turunipun Lewi punika kathah, mila kedah katata supados boten wor-suh lan tundhanipun peladosan boten saged katindakaken kanthi prayogi. Pancen peladosan mbetahaken katelatosan, boten saged katindakaken namung minangka samben utawi malah kangge rebatan pados pangalem. Patrap ingkang nengenaken watak kamanungsan ingkang kados mekaten boten dados karenaning Allah. Mila dhateng Timoteus, Rasul Paulus ugi ngemutaken supados sampun ngantos kaceneng dening babagan kabetahaning gesang nalika ngayahi peladosan kagem Gusti Allah. Boten ateges para peladosipun Gusti Allah boten migatosaken kabetahaning gesangipun piyambak punapa dene brayatipun. Sepisan; sadaya pandherekipun Sang Kristus nampi timbalan peladosan mila sadaya ugi sinebat minangka pelados. Kaping kalih, ayahan peladosan boten ateges boten nggadhahi panyambut damel sanesipun kangge nyekapi kabetahaning kajasmanen tumrap dhiri pribadi punapa dene brayatipun. Kepara peladosipun Gusti Allah nggadhahi tanggel jawab temen anggenipun nindakaken ayahanipun. Mila ingkang dipun betahaken punika namung mbagi wekdal supados boten wor-suh saktemah sadaya ayahan saged katindakaken kanthi temen lan tundhanipun sadaya sami ndhatengaken kasil ingkang prayogi kangge dhiri pribadhi, brayat, sesami lan ndadosaken kaluhuran asmanipun Gusti Allah. |*GPY
Kemis, 9 Oktober 2025 Minggu Limrah
Kaimaman 14:33-53; Jabur 111; II Timotius 1:13-18 TANGGEL JAWAB DHATENG BRAYAT “wong kang duwe omah iku kudu nemoni lan matur marang Imam:…” (Kaimaman 14:35a) Sakwise adus sore, Trisno ditimbali pak Wiryo neng ruang tamu. “Tris, pas sepedamu ambruk dhek mau; kok kowe bisa misuh kaya ngono? Sing ngajari sapa?” Dangune pak Wiryo. “Kala wau kanca-kanca wonten lapangan sami ngucap tembung niku. Nek ngucap tembung niku kok rasane marem. Kenging punapa, pak? Napa boten pareng?” Trisno mangsuli karo garuk-garuk sirah merga bingung. “Le, mbesuk maneh aja ngucap kaya ngono. Sepisan, kowe dadi kulina diereh hawa nepsu. Suwe-suwe, kowe dadi gampang nepsu sanadyan masalahe mung sepele. Kaping pindhone, kowe njuk kangelan nresnani wong sing mbok pisuhi. Tundhane mung gelutan. Apa paedahe? Aja mbok teruske, ya.” Mangkono pemute pak Wiryo. Dhateng bangsa Israel, Gusti Allah lumantar nabi Musa nedahaken bilih tiyang ingkang nerak angger-angger badhe nampi paukuman. Dene nalika semanten, mala saraat punika kaanggep kanajisan minangka paukuman saking Allah. Nalika ing griya wonten pratandha memala saraat, ingkang kagungan griya; inggih punika kepalaning brayat, kedah sowan dhateng Imam ingkang saklajengipun badhe mrenahaken bab punapa ingkang kedah katindakaken supados sakisining griya kepareng pikantuk kamirahaning Allah. Mila wigati tumrap kepalaning brayat dados tengen dhateng pratandha saking Gusti Allah ing griyanipun minangka wujuding tanggel jawab tumrap kawilujenganing brayatipun. Sinaosa kinanthi lan tansah binerkahan dening Gusti Allah, gesanging pasamuwan boten eca-sakeca kemawon. Tetep wonten prekawis ingkang kedah dipun adhepi. Rasul Paulus kemawon ugi ngraosaken katilar dening sadherek peladosan. Kados dene Rasul Paulus tetep temen ngestokaken timbalan peladosan, brayat Kristen ugi ngandhemi kapitadosan minangka rajabrana aji ingkang ndunungaken dhateng kawilujengan. Nalika wonten peranganing brayat ingkang ketawis nebih saking margining Allah, sakderengipun kedlarung brayatipun kedah ngemutaken supados kapitadosan lan kawilujenganipun tansah lestantun. |*GPY
Rebo, 8 Oktober 2025 Minggu Limrah
Habakuk 2:12-20 ; Jabur 3; Markus 11:12-14, 20-24 NEBIHI PANERAK, NGUDI BERKAH “Bilai wong kang yasa nagara srana getih lan nalesi beteng kalawan tindak kang ora adil.” (Habakuk 2:12) Pak Wiryo diojok-ojoki kanca-kancane supaya melu nyorek nomer, mula dheweke dipoyoki: “Oalah, Wir; uwong diwenehi dalan ben oleh kasil sing kapenak tur ora ngrekasa kok ora gelem? Wong susah kok kemaki!” Krungu sing mangkono, pak Wiryo entheng mangsuli: “Ora masalah ngrekasa angger sing dak lakoni ora cengkah karo karsaning Allahku! Aku ora kapengin brayatku dak cukupi nganggo kasil sing kaya mangkono. Uger isih gelem ngarit lan macul, mesthi Gusti Allahku mberkahi!” Nabi Habakuk meca paukuman ingkang badhe kasandhang dening bangsa Israel karana panerak ingkang katindakaken; inggih punika remen tumindak boten adil. Para pangarsaning negari ingkang mesthinipun ngudi karaharjaning rakyat lan ngayomi tiyang ringkih sarta sekeng, malah tumindak dakwenang; kepara ngwutahaken rahipun tiyang ingkang boten tumindak lepat. Gusti Yesus rawuh ing jagad netepi pamecanipun para nabi. Nalika Gusti Yesus nyupaosi wit anjir, punika estunipun minangka pasemon kangge bangsa Israel. Wit anjir punika minangka pralambanging bangsa Israel ingkang kedahipun saben-saben tansah saged ngedalaken woh kagem kamulyanipun Gusti tanpa ngengeti mangsa awit gesanipun datan kendhat rinoban ing berkah. Mila nalika namung manggihaken godhongipun, mratandhani bilih gesangipun bangsa Israel boten sumbut kaliyan sakathahing berkah ingkang sampun katampi saking Gusti Allah. Gesang ingkang ngedalaken woh punika gesang ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah. Tiyang ingkang ngestokaken dhawuhipun Allah mesthi kaganjar berkah. Dene berkahing Allah punika kasaenan ingkang sejati, boten badhe mitunani ing tembe. Tiyang ingkang ngudi rejeki kanthi nerak bebener kados dene ngapusi, colong-jupuk, korupsi, main, sekuthon kaliyan dhemit; kadosipun enggal pikantuk kasil kathah kanthi entheng, nanging sejatosipun badhe kaganjar paukuman saking pamarentah lan dening Gusti Allah ing tembe. |*GPY
Slasa, 7 Oktober 2025 Minggu Limrah
Habakuk 2:5-11 ; Jabur 3; I Yohanes 5:1-5, 13-21 PITADOS LAN OLAH TRESNA “Sok wonga kang pracaya, manawa Gusti Yesus iku Sang Kristus, iku laire saka ing Gusti Allah, …” (I Yokanan 5:1) Pak Wiryo mbudidaya nyisihake tabungan kanggo anak-anake. Nanging nalika ana kancane sing weruh dheweke nabung, banjur nyaruwe: “Oalah, Wir…Wir. Wong kanggo mangan saben dinane wae wis ngaya kok ndadak nabung barang.” Krungu panyaruwe sing kaya mangkono, pak Wiryo mangsuli: “Olehku nabung kuwi minangka bukti aku percaya yen Gusti Allah paring rejeki kanggo anak-anakku. Malah, iki uga kanggo njagani supaya aku aja nganti srakah njupuk rejeki peparinginge Gusti Allah sing kudune kanggo anak-anakku!” Kathah tiyang ingkang ngandelaken bandha donya, drajat pangkat lan kalenggahan minangka dhasaring kabingahan. Awit tigang bab punika asipat kadonyan, mila anggenipun nggayuh ugi kanthi cara kadonyan. Boten gumun menawi tiyang-tiyang punika ngantos boten migatosaken sesaminipun lan nglirwakaken sabdanipun Gusti Allah. Menawi saged nggayuh, tumindak ingkang mekaten punika namung damel manungsa dados srakah. Dene ingkang boten saged nggayuh, lajeng dados semplah awit rumaos bilih piyambakipun boten badhe saged ngraosaken kabingahan ing saklebeting gesang. Mila kabereg raos ajrih boten saged bingah, manungsa lajeng kanthi temen ngudi tigang bab punika. Rasul Yokanan ngemutaken bilih jagad sampun katelukaken dening Gusti Allah lumantar Sang Kristus. Mila pasamuwan boten prelu ajrih nalika ngadhepi bebaya, punapa malih ngantos kecalan kabingahan. Gusti Allah punika namung ngersakaken supados manungsa pitados dhateng Panjenenganipun kanthi mratelakaken katresnan. Nalika mratelakaken katresnan, manungsa boten badhe ngudi kasenenganipun piyambak nanging ugi purun migatosaken kawontenaning sesaminipun. Ngrigenaken rejeki peparinging Gusti Allah supados munpangati tumraping sesami, mirunggan brayatipun; punika sanes wujuding ajrih nanging minangka wujuding tresna dhateng sesami lan pitados dhateng pangrimating Allah. |*GPY
Senen, 6 Oktober 2025 Minggu Limrah
Habakuk 1:5-17 ; Jabur 3; Yakobus 1:2-11 NGREKAOS MBUDIDAYA “manawa pendadaran tumrap pracaya iku nuwuhake sabar mantep. Sarta sabar mantep iku kareben metokake woh kang sampurna.” (Yakobus 1:3b-4a) Sore sakwise resik-resik omah, pak Wiryo ngancani bu Minal nggoreng tempe kanggo lawuh mengko bengi. “Sampeyan rak kudune dina iki rak ngaso. Wingi Setu wis nyambut gawe nganti surup, malah besuk Senen kudu mruput gasik menyang Semarang. Apa ora kesayahen?” ature bu Minal karo nyemplungke tempe neng jero wajan. “Lha piye maneh, bune? Nuruti gawean malah ora ana tutuge! Nadyan kudu ngrekasa, nanging aja nganti awake dhewe ora bisa ninggali pakulinan becik kanggo bocah-bocah! Nek dudu awake dhewe minangka wong tuwane, sapa sing arep mulang bocah-bocah?” mangkono wangsulane pak Wiryo. Dhateng pasamuwanipun Gusti, rama Yakobus ing seratipun ngemutaken bab panandhang ingkang kasandhang dening para pandherekipun Gusti Yesus. Panandhang ingkang awujud panyoba warna-warna punika estunipun pendadaran ngkang badhe nuwuhaken sabar manteb. Mila pacoben pendadaran punika dados margi supados kapitadosaning tiyang Kristen sangsaya kiyat. Kapitadosan ingkang kiyat punika ingkang sinebat minangka woh ingkang sampurna; awit srana temen pitados dhateng Sang Kristus, manungsa manggihaken kawilujengan. Emanipun boten saben tiyang purun ngrekaos. Tiyang ingkang kapengin gesang sakeca tanpa ngrekaos punika estunipun boten saestu gesang. Kadosipun kemawon gesang, nanging estunipun namung ngimpi lan boten purun nglilir. Tiyang ingkang sami temen mbudidaya supados sampun ngantos ngrekaos punika estunipun ugi ngrekaos. Bedanipun namung wekdalipun; badhe ngrekaos sapunika punapa badhe benjang. Ingkang katindakaken dening pak Wiryo punika purun ngrekaos sapunika kanthi pangajab supados ing benjang kantun ngraosaken sekecanipun. Mila para pandherekipun Sang Kristus sampun ngantos ajrih ngrekaos, langkung-langkung ingkang magayutan kaliyan babagan karohanen. Kangelaning tiyang sepuh punika ingkang badhe dados pepenget tumrap para lare anggenipun badhe nglampahi gesang ing margining Sang Kristus.|*GPY
Ahad, 5 Oktober 2025 Minggu Limrah
Habakuk 1:1-4, 2:1-4; Jabur 37:1-9; 2 Timoteus 1:1-14; Lukas 17:5-10 DADI TULADHA “Amarga aku kelingan marang pracayamu kang tulus eklas, yaiku pracaya kang wiwitane dumunung ana ing embahmu-putri Louis lan ibumu Enunike lan aku yakin iku iya dumunung ana ing kowe.” (II Timoteus 1:5) Awan iku sakrampunge saka Greja, pak Wiryo sakbrayat resik-resik omah. Trisno njunjungi bantal, guling lan kasur; digawa menyang njaba supaya kena srengenge. Dene mbakyu karo ibune Trisno padha nyapu njero omah. Pak Wiryo ngresiki pekarangan njaba. Sakrampunge resik-resik sinambi nyruput teh anget, pak Wiryo ngendika: “Saben-saben, awake dhewe mesthi nindakake sing kaya mangkene. Sepisan, njaga omah resik ateges ngadohake lelara. Kaping pindhone, supaya kowe duwe pakulinan mangkene. Dadi mbesuk nek wis padha duwe brayat lan omah dhewe-dhewe, padha kulina urip resik lan sehat; aja nganti bisane mung mangan, turu utawa dolanan saksenenge dhewe!” Ing seratipun ingkang katujokaken dhateng Timoteus, Rasul Paulus nedahaken bab anggenipun Lois, embahipun lan Eunike, biyungipun; sampun mbudidaya kanthi temen supados Timoteus nggadhahi kapitadosan ingkang kiyat. Pambudidaya ingkang katindakaken temtunipun boten namung piwulang, nanging mesthinipun ugi patuladhan. Pambudidaya ingkang katindakaken boten nglaha, katitik anggenipun Timoteus kapiji nindakaken ayahan peladosan martosaken kabar kabingahan dhateng sesami. Sapunika nalika lumebet ing Wulan Brayat, pasamuwan sami katimbalan supados temen ndedonga lan makarya. Kalih bab punika wigati tumrap gesanging tiyang pitados awit lumantar ndedonga, manungsa badhe sangsaya celak kaliyan Gusti Allah; lan manungsa ngudi kacekapaning kabetahan lumantar makarya. Kasunyatan sakmangke, kathah tiyang ingkang kapengin pikantuk kasil ingkang kathah nanging boten purun temen nyambut damel. Langkung-langkung lare sapunika remenipun anteng njingglengi HP ngantos nglirwakaken tanggel jawabipun sae ing babagan pasinaon mekaten ugi ing olah karohanen. Mila samangke tiyang sepuh nggadhahi ayahan wigati; inggih punika mbangun pakulinan temen ndedonga lan makarya dhateng para putra. Boten namung cekap kawulangaken, nanging langkung prayogi menawi saged katuladhakaken.|*GPY
Setu, 4 Oktober 2025 Minggu Limrah
Yesaya 7:1-9; Jabur 37:1-9; Mateus 20:29-34 SETYA “Nanging banjur disendhu ing wong akeh, dikon meneng. Ewasemono malah saya seru anggone nguwuh-uwuh, ature: “Dhuh, Gusti, mugi karsaa melasi kula, dhuh Putranipun Sang Prabu Dawud.” (Mateus 20:31) Sore iku, Trisno mulih rada gasik tinimbang lumrahe. “Pak, ibu nembe wonten pundi?” Mangkono atur pitakonane Trisno marang pak Wiryo sinambi nyelehake sepedha karo layangane. “Ibumu lagi neng warung. Sadhela maneh rak kondur. Kok olehmu dolan kok gasik, ora nganti surup?”. Pak Wiryo ndangu putrane. “Kala wingi ibu ngandika menawi badhe tindak tuwi tiyang sakit sekaliyan tumbas atur-atur. Kula ingkang didhawuhi mbektakaken bingkisanipun.” Mangkono atur wangsulane Trisno. “O, alah! Jebul kuwi sing gawe kowe gageyan bali. Setya temen kowe karo ibumu, le! Muga karo bapak lan Gusti Allah, setyamu kaya mangkono uga, ya.” Pak Wiryo karo ngguyu. Sang Yesaya kadhawuhan dening Gusti Allah supados manggihi prabu Ahas ingkang saweg sami gumeter kados hiyad-hiyuding wit-witan ing wana awit nalika semanten karajan Aram sakuthon kaliyan karajan Israel kangge nelukaken Yehuda. Lumantar nabi Yesaya, Gusti Allah nedahaken bilih piawon ingkang badhe katandukaken dening mengsah boten badhe kelampahan. Mesthinipun prabu Ahas lan tiyang Yehuda anggenipun sami teteg lan setya dhateng prasetyaning Allah kados dene tiyang wuta cacah kalih tetep sami nguwuh-uwuh nyuwun pitulunganipun Gusti Yesus sanadyan dipun saruwe dening tiyang kathah. Punika katindakaken temtu awit tiyang-tiyang punika sinaosa wuta nanging tansah ngantebi pitados dhateng prasetyaning Allah ingkang badhe ngutus Sang Mesih minangka Juruwilujeng. Boten maiben bilih prekawising gesang punika gilir-gumantos nemahi gesangipun tiyang pitados. Nanging sampun ngantos sadaya kawontenan punika damel manah semplah, kecalan pangajeng-ajeng lan punapa malih kecalan kapitadosan dhateng Gusti Allah. Sinaosa momotaning gesang awrat, nanging sumangga mbudidaya tansah mujudaken kasetyan dhateng Allah kanthi temen lan remen nggegesang dhawuh timbalaning Allah. |*GPY
Jemuwah, 3 Oktober 2025 Minggu Limrah
2 Para Raja 19:8-20,35-37; Jabur 37:1-9; Wahyu 2:12-29 TEMEN “Sang Prabu banjur tindak lumebet ing pedalemaning Sang Yehuwah sarta mbeber layang mau ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.” (Wahyu 2:10c) Saben mulih sekolah, Trisno mesthi nyritakake sabarang kang disawang lan dilakoni nalika neng sekolahan. Awan iki, Trisno nggawa kertas ulangan sing ana tulisan angka “100”. “Bu, kula angsal 100.” Ature Trisno kanthi mrenges. Bu Minal enggal ndangu: “Ulangan apa, le? “Basa Jawa, bu.” wangsulane Trisno. “Kanca-kanca sami gumun wong biasane kula boten saged aksara Jawa. Mila wingi kula ngempet boten dolan supados saged sinau. Lajeng, punika kasilipun.” “Puji Gusti, ngger. Mula, awake dhewe kudu temen yen duwe tanggung jawab. Anggonmu temen nindakake tanggung jawab minangka bocah sekolah iku uga wujud sokur marang Gusti Allah amarga ora saben bocah uga nampa kanugrahan bisa sekolah kaya kowe, le.” Mangkono welinge biyung. Prabu Ahas lan rakyat nampi pangancam saking utusaning Sang Nata ing Asyur ingkang nedahahaken kados pundi anggenipun kathah karajan sampun sami katelukaken lan para allahipun ingkang dipun sembah boten kwawi paring pitulungan. Pangancam punika angkahipun supados tiyang Yehuda semplah lajeng kecalan kapitadosan dhateng Sang Yehuwah. Nanging prabu Hizkia boten sumelang. Piyambakipun tetep temen anggenipun ngabekti dhateng Gusti Allah. Mila prabu Hizkia lumebet dhateng Padaleman Suci lan ngaturaken sadaya punika dhateng Gusti Allah. Lumantar nabi Yesaya, Gusti Allah lajeng nedahaken bilih pandonganipun prabu Hizkia sampun kapireng lan Panjenenganipun badhe tumindak. Sampun ngantos sengseming jagad, bebaya lan prekawising gesang nebihaken pasamuwan saking margining Injil. Sumangga tansah enget bilih pasamuwan sampun pinaringan pangapuntening dosa lan kawilujengan lumantar pangurbananipun Sang Kristus. Malah berkahing Allah datan kendhat kaluberaken ing saben dintenipun. Punika ingkang dados dhasar anggenipun pasamuwan sami tansah temen ngestokaken sabdaning Allah ing salamining gesang minangka wujud sokur.|*GPY
