2 Para Raja 18:1-8,28-36; Jabur 37:1-9; Wahyu 2:8-11 PITADOS KANTHI GOLONG-GILIG “Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati, temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.” (Wahyu 2:10c) Trisno nyritakake menawa dhek wingi dheweke melu upacara Hari Kesaktian Pancasila neng alun-alun. “Bu, ingkang damel kula gumun punika kok para Pahlawan Revolusi purun bela-pati kangge nglabuhi Pancasila.” Biyunge enggal mangsuli: “Amarga Pancasila iku tetalese negara, le. Yen tetalese ilang, negarane mesthi bakal rubuh lan tundhane gawe rekasa rakyat kabeh. Mula para Pahlawan Revolusi lila bela-pati supaya Pancasila lestari lan nagara bisa mbudidaya supaya rakyat bisa urip kepenak.” Nalika jumeneng dados nata ing Yehuda, prabu Hizkia nindakaken ingkang sae wonten pamirsaning Sang Yehuwah. Piyambakipun nyingkiraken tengger-tengger pangurbanan lan ngempuri tugu-tugu brahala. Boten namung punika, saka brahala dipun kethok lan ula tembaga yasanipun nabi Musa dipun remuk awit nalika semanten tiyang Israel caos kurban kangge ula tembaga punika. Awit saking kasetyan lan kapitadosanipun, prabu Ahas tansah binerkahan. Dene pacoban ingkang ageng dipun adhepi nalika prabu Sanherib mengsah perang nedya nelukaken Yerusalem. Nalika semanten, prabu Sanherib utusan tiyang kangge nguwuh-uwuh kanthi sora supados saged kapireng dening tiyang Yerusalem kanthi angkah sami nilar prabu Ahas. Sinaosa kaaben-ajengaken kaliyan bebaya lan pepejah, prabu Ahas lan rakyat sami sumendhe dhateng Allah. Tundhanipun, Gusti Allah paring pitulungan kanthi nyirnakaken prajurit Asyur ingkang kathah cacahipun (2 Para raja 19:35). Saben tiyang kalebet brayat Kristen, badhe manggihaken prekawising gesang. Mila kedah sami mbangun kapitadosan ingkang golong-gilig dhateng Gusti Allah, tan ajrih-kuwatos nadyan ngadhepi bebaya-rubeda. Kapitadosan punika kawujudaken kanthi nindakaken pambudidaya ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah. Temtu wonten pitulungan. Dhateng pasamuwan ing Smirna, Gusti Allah paring prasetya lumantar rasul Yohanes bilih menawi tetep setya lan pitados sanadyan ngadhepi pati, badhe kaganjar makuthaning gesang. |*GPY
Rebo, 1 Oktober 2025 Minggu Limrah
Hosea 12:2-14; Jabur 62; Mateus 19:16-22 NAMUNG ALLAH INGKANG KWAWI MILUJENGAKEN “Pangucape Efraim: “Aku rak wus dadi sugih, wus oleh raja-brana.” (Hosea 12:9a) Awan iki, Trisno mulih saka sekolah kanthi ulat kang mbingungi. Biyunge sing pirsa enggal ndangu putrane: “Tris, kenangapa kok ulatmu katon bingung?” “Boten wonten napa-napa, kok bu.” Wangsulane Trisno. “Nek ora ana apa-apa kok ulatmu kaya ngono?” biyunge ndangu sinambi nyawisake sega, lawuh karo jangan kanggo Trisno. “Pardi dipun purugi ramanipun nalika taksih wonten kelas. Ngandikanipun, badhe pindhah sekolah. Nanging ibunipun ugi manggihi. Bapak lan ibunipun Pardi lajeng sami padu ing sakngajenging kelas dipun sekseni kanca-kanca. Kok boten sami lingsem, nggih bu?” Mangkono wangsulane Trisno sakdurunge ndhingkluk ndedonga. Temtu kita mangretos bilih brayat punika dados papan anggenipun manungsa miwiti gesang. Mila brayat dados perangan ingkang wigati saktemah kedah tansah kajagi lan karimat kanthi temen. Brayat Kristen ingkang kabangun adhedhasar katresanipun Gusti Allah katimbalan nglampahi gesang jumbuh kaliyan karsaning Allah. Punika pancen boten gampil awit kathah panggodha ingkang sedyanipun nebihaken brayat Kristen saking pangreh lan pangreksaning Allah. Panggodha punika saged awujud bandha donya, panyambut damel utawi sesami ingkang ngreridhu gesanging brayat. Ing saklebeting pamecanipun, nabi Hosea nedahaken bab taler Efraim ingkang ngandelaken kasugihan lan raja-branaipun. Nanging eman, jebul ingkang dados piandelipun boten milujengaken; kepara malah ndhatengaken paukuman. Punika temtu ngemutaken kita dhateng tiyang anem ingkang ngudi kawilujengan nanging dados sedhih nalika dipun dhawuhi dening Gusti Yesus supados nyade bandha gadhahipun ingkang kathah. Mila sumangga brayat Kristen ing saklebeting nindakakaken panyambut damel kangge ngudi kacekapaning rejeki lan nalika nyanggi bot-repoting gesang, tansaha ngudi karsaning Allah ingkang mesthi milujengaken. Sampun ngantos malah dhawah ing cecongkrahan awit brayat Kristen punika katimbalan supados dados tuladha kangge sesami. |*GPY
Slasa, 30 September 2025 Minggu Limrah
Hosea 10:9-15; Jabur 62; Yakobus 5:1-6 NGUNDHUH KANTHI KATRESNAN “Sira padha nyebara kang cundhuk karo kaadilan, ngundhuha kanthi katresnan! Mbukaka tanah anyar, marga wus wancine ngupaya marang Sang Yehuwah, nganti panjenengane rawuh sarta maringi kaadilan kang luber marang sira.” (Hosea 10:12) Tembung “nyebar” lan “ngeneni” punika perangan ingkang boten saged dipun pisah ing gesang kita, mirungan kita minangka tiyang pitados. Tembung “nyebar” nelakaken bab ingkang kedah kita tindakaken ing sedaya babagan gesang kita, inggih punika gesang neningkahan, brayat, pakaryan utawi ing peladosan kita. Dene tembung “ngeneni” nelakaken perangan ingkang pikantuk kita tampi lan raosaken, minangka woh saking punapa ingkang sampun kita tindakaken (sebar) sadangunipun kita nglampahi gesang ing padintenan. Wonten piwucal ingkang badhe kita raosaken ing nas dinten niki. Kados pundi kedahipun kita nyebar lan ngeneni ing saben babagan ing gesang kita. Kita langkung asring dipun wucal utawi kagulawentah kados pundi anggen kita nyebar karana punapa ingkang dipun sebar, punika ugi ingkang badhe dipun undhuh. Sabab sinten ingkang nyebar ing daging, badhe ngundhuh karisakan saking dagingipun. Ananging sinten ingkang nyebar ing Roh, badhe ngeneni gesang langgeng saking Roh punika. Kita kedah migatosaken punapa ingkang kita sebar lan kados pundi cara kita nyebar ing gesang kita. mekaten ugi kados pundi cara anggen kita ngeneni asil utawi woh saking punapa ingkang sampun kita sebar. Boten cekap namung nyebar manut pranatan, nanging ugi manut sih katresnan cundhuk kaliyan sabda pangandikanipun Gusti dinten niki. Kita boten saged namung waton ngeneni mekaten kemawon. Kitab Suci nyerat bilih kita mesthi ngeneni manut kawelasan, katresnan lan kasaenan. Nalika kita ngeneni asil utawi woh saking punapa ingkang sampun dipun sebar, punapa wonten katresnan, kawelasan, lan kasaenanipun? Punapa wonten raos sokur dhumateng Gusti awit sedaya sih susetyanipun lan sih rahmatipun? Punapa kita angsal ngeneni asil utawi woh ingkang sae saking punapa ingkang sampun kita sebar? Utawi, punapa kita malah rumaos dhiri kita sae lan dados gumunggung? |*DAC
Senen, 29 September 2025 Minggu Limrah
Amos 6:8-14; Jabur 62; Wahyu 3:14-22 CAKET KALIYAN GUSTI “Amung yen cedhak karo Gusti Allah aku ngrasa ayem, kaslametanku iku saka ing Panjenengane.” (Jabur 62:2) Namung menawi caket kaliyan Gusti Allah kita ngraosaken ayem, kawilujengan punika saking Panjenenganipun. Namung Panjenenganipun ingkang dados peparang lan kawilujengan, kitha beteng kita, kita boten badhe gloyoran. Punika paseksi Juru mazmur. Kita temtu sarujuk. Pitakenanipun, kawontenan ingkang kados pundi ingkang saged dipun sebat caket kaliyan Gusti Allah? Punapa nalika kita rumaos caket kaliyan Gusti? Oh, mangke rumiyin. Pangraos kados mekaten saged leres, nanging saged ugi semu lan klentu: kita rumaos caket kaliyan Gusti, kamangka gesang kita tebih saking Gusti. Emut dhateng para tiyang Farisi? Sami yakin sampun gesang caket kaliyan Gusti Allah. Ananging, Gusti Yesus mastani tiyang-tiyang punika gesang tebih saking Gusti Allah. “Namung menawi caket kaliyan Gusti Allah kita ngraosaken ayem, ” punika tembungipun Juru mazmur. Ayem ingkang kados pundi ? Ayem karana bebas saking kangelan punapa kasangsaran? Temtu boten mekaten. caket kaliyan Gusti Allah boten ngluwari kita saking kangelan lan kasangsaran. Ayem karana sedaya pangajeng-ajeng kasembadan? Ugi boten. Gesang caket kaliyan Gusti boten badhe damel sedaya pangajeng-ajeng mesthi kasembadan. Manungsa ingkang caket kaliyan Gusti inggih punika tiyang ingkang tansah ngandelaken Gusti lan mbudi daya nglampahi karsanipun Gusti, inggih punika kayekten lan katresnan. Badhe anteng, boten badhe goyah. Boten awit kalis saking sedaya kangelan (kita mangertos, gesang caket kaliyan Gusti malah kedah manggul salib), ananging karana kita milih nglampahi kayekten lan katresnan kanthi emut bilih kasangsaran ingkang mbok bilih dipun alami punika salib ingkang dipun parengaken dening Gusti kangge kita pikul. Gusti Allah karenan lan suka rena awit katresnan dhateng Gusti kita mawujud kanthi manggul salib. Pasrah dhumateng Gusti lan eklas manggul salib ing gesang padintenan manut karsaning Gusti, mijil saking patunggalaning kaliyan Gusti. Punika ingkang ndadosaken ayem lan bingah. |*DAC
Ahad, 28 September 2025 Minggu Limrah
Amos 6:1a, 4-7; Jabur 146; I Timoteus 6:6-19; Lukas 1619-31 AMBEK KAREM BANDHA “Amarga kang dadi witing sakehing piala iku ambek karem bandha. Sabab marga saka anggone mburu dhuwit sawenehing wong padha nyimpang saka ing pracaya sarta nyiksa awake dhewe kalawan kasusahan warna-warna.” (I Timoteus 6:10) Nggadhahi arta punika boten klentu, malah dados tiyang ingkang nggadhahi arta ingkang kathah ugi boten klentu. Ingkang lepat inggih punika nalika manungsa ambek karem arta (ngabdi dhateng bandha kadonyan). Gusti ngendika ing Lukas 12:34, “Amarga ing ngendi dununge bandhamu, iya ing kono dununging atimu.” Punika ngemutaken kita bilih arta saged nebihaken manah kita saking Gusti. Ing Mateus 6:24 Gusti Yesus ngemutaken supados kita ngatos-atos kaliyan roh Mamon ingkang saged nggered kita tebih saking Gusti. Mamon punika sanes ngengingi artanipun nanging roh pepeteng ingkang damel kathah tiyang nresnani arta. Mila ing waosan kita dinten niki ngemutaken kita bilih sumbering sedaya kadurakan punika ambek karem bandha. Tiyang ingkang nresnai arta badhe nebihaken kita saking Gusti, dados srakah, malah saged nindakaken kadurakan sanesipun. Awit saking punika wonten sawetawis manungsa anggenipun mbujeng arta sami nyimpang saking pitados sarta nyiksa badanipun piyambak kanthi kasisahan maneka warni. Kados pundi supados kita boten dhumawah ing dosa punika ? Sepisan, kita kedah sinau tansah ngucap sokur dhumateng Gusti. Punapa kemawon peparinguipun Gusti kita tampi kanthi manah ingkang kebak panuwun sokur. Kaping kalih, kita kedah sinau nresnani Gusti lan sesami kanthi sawetahing manah, nyawa lan nalar budi kita. Kaping tiga, kita kedah sadhar bilih sedaya kasugihan ingkang kita gadhahi pinangkanipun saking Gusti lan kita gadhah tanggel jawab kangge nggulawentah sedaya ingkang kita gadhahi kanthi sae lan leres. Sumangga kita sinau gesang leres kanthi mranata bandha kita kanthi wicaksana supados boten dhumawah ing sikep ambek karem bandha. Gesang kita badhe manggihaken katentreman lan karahayon ingkang sejati ing Sang Kristus. |*DAC
Setu, 27 September 2025 Minggu Limrah
Wulang Bebasan 28: 11-28; Jabur 146; Lukas 16:19-31 TANSAH AJRIH ASIH “Rahayu wong kang tansah wedi-asih marang Sang Yehuwah, nanging kang wangkot bakal tumiba ing bilai.” (Wulang Bebasan 28:14) Tembung “ajrih asih” maknanipun inggih punika sikep urmat ingkang mbangun kita dados manembah dhumateng Gusti ingkang sejati. Sikep ajrih asih menggah sikep urmat lan tresna dhumateng Gusti punika dhasar kangge pengertosan utawi kawicaksanan. Punika ndadosaken tiyang tetep urmat lan purun nindakaken ingkang dados karsanipun Gusti. Tiyang ingkang ajrih asih dhumateng Gusti punika tansah migatosaken pepakenipun, purun dipun emutaken nalika nindakaken kalepatan. Ajrih nindakaken dosa boten karana ajrih badhe dipun ukum mangkenipun, nanging awit raos urmat lan tresna. Kados dene nalika lare ajrih dhateng tiyang sepuh, boten namung nalika tiyang sepuhipun wonten ing sacelakipun. Sinaosa boten wonten tiyang sepuhipun, lare punika tetep ajrih nindakaken dosa awit nggadhahi raos urmat lan asih. Benten kaliyan tiyang ingkang mangkotaken manah! Tiyang punika dipun emutaken dening sabda pangandikanipun Gusti, nanging boten purun mandheg, malah milih kangge boten migatosaken lan nyupekaken, lan dhirinipun dipun kuwaosi dening dosa. Kados dene lare sampun dipun emutaken dening tiyang sepuhipun supados boten nindakaken dosa nanging tetep mangkotaken manah lan tetep nindakaken dosa. Wusana dhumawah ing bilai. Sumangga kita sampun ngantos mangkotaken manah. Nanging sami ajrih asih dhumateng Gusti, purun dipun emutaken dening sesami nalika dhumawah ing dosa, purun mandheg lan mratobat saking dosa ingkang boten nyondhongi karsaning Gusti. Mangkotaken manah dados pepalang kangge berkahipun Gusti ing gesangipun. Rahayu ingkang tansah ajrih asih dhumateng Gusti, ingkang tetep ngabekti kanthi sikep urmat lan tresna dhumateng Gusti. Rahayu ingkang tansah purun nindakaken karsaning Gusti ing gesang padintenan. Kita badhe katebihaken saking bilai, lan manggihaken gesang ingkang tansah binerkahan dening Gusti. |*DAC
Jemuwah, 26 September 2025 Minggu Limrah
Wulang Bebasan 28:3-10; Jabur 146; Efesus 2:1-10 NDARBENI ALLAH “Rahayu wong kang ndarbeni Allahe Rama Yakun minangka pamomonge, kang pengarep-arepe marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe,” (Jabur 146:6) Ndarbeni satunggaling barang ingkang kita remeni punika ndadosaken manah bingah. Menawi barang punika ketlingsut utawi ical, manah kita kuciwa lan sedhih. Mila barang ingkang anggep awis sanget lan kita remeni badhe kita jagi sampun ngantos ketlingsut punapa malih ical. Lajeng kados pundi bab ndarbeni Allah? Temtu kemawon linangkung aji katimbang punapa kemawon ingkang kita gadhahi. Sumangga kita ngraosaken pangandikanipun Gusti dinten niki. Pemazmur miwiti kanthi memuji Allah (ayat 1-2), lan enggal ngemutaken kita kangge boten mapanaken kapitadosan kita dhateng manungsa, sapinten inggilipun pangkat lan drajadipun (ayat 3). Pemazmur ngemutaken iba apesipun manungsa ingkang boten nggadhahi kawilujengan ing dhirinipun. Nalika manungsa pejah, sirna sedaya ingkang dipun gadhahi (ayat 4). Kados pundi bandha kadonyan lan simpenanipun ? Dhateng pundi sedaya ingkang dados andel-andeling gesang sadangunipun gesang ing jagad punika ? Punika sedaya sirna ngaten kemawon. Pramila, rahayu ingkang ndarbeni Allah minangka pamomongipun (ayat 5). Gusti Allah ingkang nitahaken donya, nebus umatipun saking pangawulan, lan mulihaken gesanging manungsa (ayat 6-9). Malah, pepejah boten saged ngawonaken lan nguwaosi awit Gusti Allah punika jumeneng Raja ing salami-laminipun (ayat 10). Punika iman kapitadosan kangge kita ingkang gumantung dhumateng Gusti Yesus Kristus, ingkang kagungan panguwaos ing gesang lan pejah. Panjenenganipun ingkang dados jaminan langgeng kangge sinten kemawon ingkang pitados dhateng Sang Kristus. Saking kapitadosan punika kita ngaturaken “Haleluya!” utawi “Puji Gusti”, punika sanes japa mantra utawi jimat ingkang nentremaken jiwa. Langkung saking punika! Haleluya minangka wujuding pengaken iman kita nalika kita tepang kaliyan Gusti Allah ingkang kita sembah punika. Manungsa asring pengin ndarbeni panguwaos lan kesupen bilih manungsa punika titahipun Allah. Rahayu ingkang ndarbeni Allah minangka pamomongipun, ingkang pangajeng-ajengipun namung dhateng Sang Yehuwah.|*DAC
Kemis, 25 September 2025 Minggu Limrah
Wulang Bebasan 22:2-16; Jabur 146; II Korinta 8:8-15 EKLAS NRESNANI “Anggonku mituturi mangkono iku ora ateges prentah, nanging mung marga saka anggonku kapengin neter kaeklasaning sih-katresnanmu kalawan nuduhake sakehing pambudidayane wong-wong kang padha aweh pambiyantu.” (II Korinta 8:8) Rasul Paulus ngajak pasamuwan ing Korinta kangge dados sugih. Nanging sugih ingkang dipun wucalaken dening Rasul Paulus boten kanthi cara numpuk bandha kadonyan. Kasugihan ingkang kedah dipunupadi dening tiyang pitados inggih punika kanthi dados sugih ing “samukawis”. Asring namung dipun pahami sugih menika gadhah arta kathah. Miturut piwulangipun Rasul Paulus, sugih punika boten namung kathah artanipun. Wonten sugih kanthi pangertosan sacara bandha kadonyan. Wonten ugi sugih iman, pitembungan, kawruh, saestu mbiyantu, katresnan lan sapiturutipun (ayat 7). Sinaosa kathah arta, nanging boten gadhah katresnan ingkang luber lan kawruh ingkang inggil, punapa dene iman ingkang ageng; tiyang punika dereng sugih ing samukawis. Emanipun, kathah tiyang ingkang namung sugih sacara bandha kadonyan, nanging sampun rumaos nggadhahi samukawis satemah dados gumunggung. Kosok wangsulipun, wonten tiyang sugih ing samukawis, nanging karana nggadhahi arta ingkang sekedhik, lajeng dados minder. Kamangka tiyang wau sugih ing katresnan, peladosan ingkang eklas, pitembunagn ingkang jujur lan wohing Roh ing gesangipun. Tiyang ingkang kados mekaten kedah kasengkuyung supados gadhah semangat, boten minder. Nresnani kanthi eklaspunika salah satunggaling wujud sugih ing samukawis ing Gusti. Boten kedah nengga kaluberan ing bandha kadonyan kangge saged nindakaken katresnan. Awit nresnani sesami namung mbetahahaken kamirahan manah, boten kaluberan bandha kadonyan. Pasamuwan-pasamuwan ing Makedonia sampun ”kaluberan berkah”, mekaten ugi pasamuwan-pasamuwan ing Korinta samangke saweg “kaluberan” ing samukawis. Kita ugi saged atur paseksi bilih kita kaluberan ing samukawis lumantar nresnani kanthi eklas. Sih katresnaning Sang Kristus ingkang dados tuladha kangge kita dados berkah kangge dhiri kita lan sesami. Sugeng dados sugih ing samukawis lumantar nresnani kanthi eklas. |*DAC
Rebo, 24 September 2025 Minggu Limrah
Wulang Bebasan 21:10-16; Jabur 12; Lukas 20:45-21:4 ANDHAP ASOR LAN NGABEKTI “Andhap-asor lan pangabekti marang Sang Yehuwah iku diganjar, kasugihan, kaluhuran lan urip.” (Wulang Bebasan 22:4) Limrahipun guru punika kedah nglegakaken wekdal ingkang kathah ing padamelanipun, kadosta mriksa garapanipun murid lan wawan rembag kaliyan para siswa. Asring ugi menawi wonten prekawis mirunggan guru ngawontenaken pirembagan kaliyan tiyang sepuhipun. Kangge njagi lestantuning pamulangan, guru nyuwun pnyengkuyung lan pambiyantu sesami kanca guru. Pakaryan ingkang awrat dados langkung entheng awit nyambut damel sesarengan. Satunggaling paneliten bab tenaga pamulang manggihaken kanyatan bilih nyambut damel sesarengan ageng ginanipun, nalika saben pamulang ingkang makarya sesarengan ngetingalaken andhap asoring manah. Nalika kita purun tinarbuka ngakeni kekirangan, kanca sanesipun badhe rumaos nyaman kangge andum kawruh, satemah sedaya ing kelompokipun kabiyantu. Kitab Suci memucal bab wigatinipun sikep andhap asor. Punika boten namung kangge ningkataken panyambut damel sesarengan. Sikep ajrih asih dhumateng Gusti (nggadhahi pangertosan ingkang leres bab sinten ta kita punika dipun ngrasanipun Gusti Allah ingkang maha sedayanipun) badhe ndhatengaken “kasugihan, kaluhuran, lan gesang”. Andhap asor nuntun kita kangge gesang sami, dene bantu-biyantu setunggal lan sanesipun satemah pakempalan kita migunani kagem pakaryaning Allah, boten namung kangge pakaryan kadonyan kemawon. Kita tansah andhap asor boten namung kangge nggayuh “kasugihan, kaluhuran, lan gesang” dhiri pribadi, awit punika sanes andhap asor ingkang sejati. Kosok wangsulipun, kita nuladha dhateng Gusti Yesus, ingkang sampun nyuwungaken sariranipun piyambak, lan ngagem sipating abdi, sarta sampun dados sami kaliyan manungsa. (Filipi 2:7) Kanthi mekaten kita saged dados peranganing sariranipun Sang Kristus ingkang makarya sesarengan kanthi andhap asoring manah kagem nindakaken pakaryanipun Sang Rama. Sedaya namung kagem kamulyaning Asmanipun Gusti Allah, Rama Kita. Sumangga kita sinau tansah andhap asor lan namung ngabekti dhumateng Gusti. |*DAC
Slasa, 23 September 2025 Minggu Limrah
Wulang Bebasan 17:1-5; Jabur 12; 1 Korinta 9:19-23 NYUWUN PANGAYOMAN “Dhuh Yehuwah, Paduka badhe netepi, kawula tansah badhe Paduka ayomi, Paduka uwalaken saking jinis punika.” (Jabur 12:8) Nindakaken kayektening Pangandikanipun Gusti boten gampil, awit saben dinten kita tansah dipun aben ajengaken kaliyan panggodha kangge nindakaken dosa. Pemazmur ndedonga nyuwun dhumateng Gusti Allah karana ningali boten wonten tiyang mursid lan setya, sedaya sampun sirna (ayat 2). Sami dene apus-ingapusan, manis ing wicanten nanging manahipun rangkep (ayat 3). Pemazmur nyuwun dhumateng Gusti supados numpes tiyang-tiyang punika (ayat 4). Pandonga panyuwunan punika dipun unjukaken kanthi pangajeng-ajeng ing prasetyanipun Gusti ingkang murni lan sampun kabukten (ayat 5-7). Gusti Allah badhe netepi saben prasetyanipun kangge njagi tiyang-tiyang ingkang gesang leres ing ngarsanipun (ayat 8). Pemazmur boten namung mendel nalika ningali kasunyatan bilih kathah tiyang mursid ingkang boten setya malih dhumateng Gusti. Manahipun goreh nalika ningali kados pundi tiyang-tiyang mursid malah boten malih gesang ing kayekten. Sami boten malih ndadosaken pangandikanipun Gusti Allah minangka ingkang nguwaosi gesangipun, nanging pikajengipun manungsa ingkang dipun turuti. Punapa ingkang awon, punika ingkang dipun ugemi. Kasunyatan ingkang kados mekaten boten damel imanipun pemazmur luntur, ananging piyambakipun wangsul emut dhumateng prasetyanipun Guati Allah. Sinaosa umatipun boten setya, Gusti Allah tetep setya dhateng prasetyanipun. Anggenipun manungsa boten setya boten damel Guisti Allah boten netepi prasetyanipun. Gusti Allah badhe netepi saben prasetyanipun kangge mitulungi lan milujengaken manungsa ingkang tansah setya. Gusti Allah mirengaken pasambat panyuwunan saben umatipun lan Gusti mesthi badhe mitulungi. Ing suwaliking pandonganipun, pemazmur pitados ing pangajeng-ajeng lan boten nglokro awit kawontenan sakiwa tengenipun. Mila sami nyuwuna pangayoman namung dhumateng Gusti Allah. |*DAC
