+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 30 September 2025 Minggu Limrah

Hosea 10:9-15; Jabur 62; Yakobus 5:1-6

NGUNDHUH KANTHI KATRESNAN

“Sira padha nyebara kang cundhuk karo kaadilan, ngundhuha kanthi katresnan! Mbukaka tanah anyar, marga wus wancine ngupaya marang Sang Yehuwah, nganti panjenengane rawuh sarta maringi kaadilan kang luber marang sira.

(Hosea 10:12)

Tembung “nyebar” lan “ngeneni” punika perangan ingkang boten saged dipun pisah ing gesang kita, mirungan kita minangka tiyang pitados. Tembung “nyebar” nelakaken bab ingkang kedah kita tindakaken ing sedaya babagan gesang kita, inggih punika gesang neningkahan, brayat, pakaryan utawi ing peladosan kita. Dene tembung “ngeneni” nelakaken perangan ingkang pikantuk kita tampi lan raosaken, minangka woh saking punapa ingkang sampun kita tindakaken (sebar) sadangunipun kita nglampahi gesang ing padintenan.

Wonten piwucal ingkang badhe kita raosaken ing nas dinten niki. Kados  pundi kedahipun kita nyebar lan ngeneni ing saben babagan ing gesang kita. Kita langkung asring dipun wucal utawi kagulawentah kados pundi anggen kita nyebar karana punapa ingkang dipun sebar, punika ugi ingkang badhe dipun undhuh. Sabab sinten ingkang nyebar ing daging, badhe ngundhuh karisakan saking dagingipun. Ananging sinten ingkang nyebar ing Roh, badhe ngeneni gesang langgeng saking Roh punika. Kita kedah migatosaken punapa ingkang kita sebar lan kados pundi cara kita nyebar ing gesang kita. mekaten ugi kados pundi cara anggen kita ngeneni asil utawi woh saking punapa  ingkang sampun kita sebar. Boten cekap namung nyebar manut pranatan, nanging ugi manut sih katresnan cundhuk kaliyan sabda pangandikanipun Gusti dinten niki.

Kita boten saged namung waton ngeneni mekaten kemawon. Kitab Suci nyerat bilih kita mesthi ngeneni manut kawelasan, katresnan lan kasaenan. Nalika kita ngeneni asil utawi woh saking punapa ingkang sampun dipun sebar, punapa wonten katresnan, kawelasan, lan kasaenanipun? 

Punapa wonten raos sokur dhumateng Gusti awit sedaya sih susetyanipun lan sih rahmatipun? Punapa kita angsal ngeneni asil utawi woh ingkang sae saking punapa ingkang sampun kita sebar? Utawi, punapa kita malah rumaos dhiri kita sae lan dados gumunggung? |*DAC

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *