Amos 6:8-14; Jabur 62; Wahyu 3:14-22
CAKET KALIYAN GUSTI
“Amung yen cedhak karo Gusti Allah aku ngrasa ayem,
kaslametanku iku saka ing Panjenengane.”
(Jabur 62:2)
Namung menawi caket kaliyan Gusti Allah kita ngraosaken ayem, kawilujengan punika saking Panjenenganipun. Namung Panjenenganipun ingkang dados peparang lan kawilujengan, kitha beteng kita, kita boten badhe gloyoran.
Punika paseksi Juru mazmur. Kita temtu sarujuk. Pitakenanipun, kawontenan ingkang kados pundi ingkang saged dipun sebat caket kaliyan Gusti Allah? Punapa nalika kita rumaos caket kaliyan Gusti? Oh, mangke rumiyin. Pangraos kados mekaten saged leres, nanging saged ugi semu lan klentu: kita rumaos caket kaliyan Gusti, kamangka gesang kita tebih saking Gusti. Emut dhateng para tiyang Farisi? Sami yakin sampun gesang caket kaliyan Gusti Allah. Ananging, Gusti Yesus mastani tiyang-tiyang punika gesang tebih saking Gusti Allah.
“Namung menawi caket kaliyan Gusti Allah kita ngraosaken ayem, ” punika tembungipun Juru mazmur. Ayem ingkang kados pundi ? Ayem karana bebas saking kangelan punapa kasangsaran? Temtu boten mekaten. caket kaliyan Gusti Allah boten ngluwari kita saking kangelan lan kasangsaran. Ayem karana sedaya pangajeng-ajeng kasembadan? Ugi boten. Gesang caket kaliyan Gusti boten badhe damel sedaya pangajeng-ajeng mesthi kasembadan.
Manungsa ingkang caket kaliyan Gusti inggih punika tiyang ingkang tansah ngandelaken Gusti lan mbudi daya nglampahi karsanipun Gusti, inggih punika kayekten lan katresnan. Badhe anteng, boten badhe goyah. Boten awit kalis saking sedaya kangelan (kita mangertos, gesang caket kaliyan Gusti malah kedah manggul salib), ananging karana kita milih nglampahi kayekten lan katresnan kanthi emut bilih kasangsaran ingkang mbok bilih dipun alami punika salib ingkang dipun parengaken dening Gusti kangge kita pikul. Gusti Allah karenan lan suka rena awit katresnan dhateng Gusti kita mawujud kanthi manggul salib.
Pasrah dhumateng Gusti lan eklas manggul salib ing gesang padintenan manut karsaning Gusti, mijil saking patunggalaning kaliyan Gusti. Punika ingkang ndadosaken ayem lan bingah. |*DAC
