+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 28 September 2025 Minggu Limrah

Amos 6:1a, 4-7; Jabur 146; I Timoteus 6:6-19; Lukas 1619-31

AMBEK KAREM BANDHA

“Amarga kang dadi witing sakehing piala iku ambek karem bandha.

Sabab marga saka anggone mburu dhuwit sawenehing wong padha nyimpang saka ing pracaya sarta nyiksa awake dhewe kalawan kasusahan warna-warna.

(I Timoteus 6:10)

Nggadhahi arta punika boten klentu, malah dados tiyang ingkang nggadhahi arta ingkang kathah ugi boten klentu. Ingkang lepat inggih punika nalika manungsa ambek karem arta (ngabdi dhateng bandha kadonyan). Gusti ngendika ing Lukas 12:34, “Amarga ing ngendi dununge bandhamu, iya ing kono dununging atimu.”  Punika ngemutaken kita bilih arta saged nebihaken manah kita saking Gusti. Ing Mateus 6:24 Gusti Yesus ngemutaken supados kita ngatos-atos kaliyan roh Mamon ingkang saged nggered kita tebih saking Gusti. Mamon punika sanes ngengingi artanipun nanging roh pepeteng ingkang damel kathah tiyang nresnani arta. Mila ing waosan kita dinten niki ngemutaken kita bilih sumbering sedaya kadurakan punika ambek karem bandha. Tiyang ingkang nresnai arta badhe nebihaken kita saking Gusti, dados srakah, malah saged nindakaken kadurakan sanesipun. Awit saking punika wonten sawetawis manungsa anggenipun mbujeng arta sami nyimpang saking pitados sarta nyiksa badanipun piyambak kanthi kasisahan maneka warni.

Kados pundi supados kita boten dhumawah ing dosa punika ? Sepisan, kita kedah sinau tansah ngucap sokur dhumateng Gusti. Punapa kemawon peparinguipun Gusti kita tampi kanthi manah ingkang kebak panuwun sokur. Kaping kalih, kita kedah sinau nresnani Gusti lan sesami kanthi sawetahing manah, nyawa lan nalar budi kita. Kaping tiga, kita kedah sadhar bilih sedaya kasugihan ingkang kita gadhahi pinangkanipun saking Gusti lan kita gadhah tanggel jawab kangge nggulawentah sedaya ingkang kita gadhahi kanthi sae lan leres.

Sumangga kita sinau gesang leres kanthi mranata bandha kita kanthi wicaksana supados boten dhumawah ing sikep ambek karem bandha. Gesang kita badhe manggihaken katentreman lan karahayon ingkang sejati ing Sang Kristus. |*DAC

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *