+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 27 September 2025 Minggu Limrah

Wulang Bebasan 28: 11-28; Jabur 146; Lukas 16:19-31

TANSAH AJRIH ASIH

“Rahayu wong kang tansah wedi-asih marang Sang Yehuwah,

nanging kang wangkot bakal tumiba ing bilai.

(Wulang Bebasan 28:14)

Tembung “ajrih asih” maknanipun inggih punika sikep urmat ingkang mbangun kita dados manembah dhumateng Gusti ingkang sejati. Sikep ajrih asih menggah sikep urmat lan tresna dhumateng Gusti  punika dhasar kangge pengertosan utawi kawicaksanan. Punika ndadosaken tiyang tetep urmat lan purun nindakaken ingkang dados karsanipun Gusti.

Tiyang ingkang ajrih asih dhumateng Gusti punika tansah migatosaken pepakenipun, purun dipun emutaken nalika nindakaken kalepatan. Ajrih nindakaken dosa boten karana ajrih badhe dipun ukum mangkenipun, nanging awit raos urmat lan tresna. Kados dene nalika lare  ajrih dhateng tiyang sepuh, boten namung nalika tiyang sepuhipun wonten ing sacelakipun. Sinaosa boten wonten tiyang sepuhipun, lare punika tetep ajrih nindakaken dosa awit nggadhahi raos urmat lan asih.

Benten kaliyan tiyang ingkang mangkotaken manah! Tiyang punika dipun emutaken dening sabda pangandikanipun Gusti, nanging boten purun mandheg, malah milih kangge boten migatosaken lan nyupekaken, lan dhirinipun dipun kuwaosi dening dosa. Kados dene lare sampun dipun emutaken dening tiyang sepuhipun supados boten nindakaken dosa nanging  tetep mangkotaken manah lan tetep nindakaken dosa. Wusana dhumawah ing bilai.

Sumangga kita sampun ngantos mangkotaken manah. Nanging sami ajrih asih dhumateng Gusti, purun dipun emutaken dening sesami nalika dhumawah ing dosa, purun mandheg lan mratobat saking dosa ingkang boten nyondhongi karsaning Gusti. Mangkotaken manah dados pepalang kangge berkahipun Gusti ing gesangipun.

Rahayu ingkang tansah ajrih asih dhumateng Gusti, ingkang tetep ngabekti kanthi sikep urmat lan tresna dhumateng Gusti. Rahayu ingkang tansah purun nindakaken karsaning Gusti ing gesang padintenan. Kita badhe katebihaken saking bilai, lan manggihaken gesang ingkang tansah binerkahan dening Gusti. |*DAC

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *