Wulang Bebasan 28:3-10; Jabur 146; Efesus 2:1-10
NDARBENI ALLAH
“Rahayu wong kang ndarbeni Allahe Rama Yakun minangka pamomonge,
kang pengarep-arepe marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe,”
(Jabur 146:6)
Ndarbeni satunggaling barang ingkang kita remeni punika ndadosaken manah bingah. Menawi barang punika ketlingsut utawi ical, manah kita kuciwa lan sedhih. Mila barang ingkang anggep awis sanget lan kita remeni badhe kita jagi sampun ngantos ketlingsut punapa malih ical. Lajeng kados pundi bab ndarbeni Allah? Temtu kemawon linangkung aji katimbang punapa kemawon ingkang kita gadhahi.
Sumangga kita ngraosaken pangandikanipun Gusti dinten niki. Pemazmur miwiti kanthi memuji Allah (ayat 1-2), lan enggal ngemutaken kita kangge boten mapanaken kapitadosan kita dhateng manungsa, sapinten inggilipun pangkat lan drajadipun (ayat 3). Pemazmur ngemutaken iba apesipun manungsa ingkang boten nggadhahi kawilujengan ing dhirinipun. Nalika manungsa pejah, sirna sedaya ingkang dipun gadhahi (ayat 4). Kados pundi bandha kadonyan lan simpenanipun ? Dhateng pundi sedaya ingkang dados andel-andeling gesang sadangunipun gesang ing jagad punika ? Punika sedaya sirna ngaten kemawon.
Pramila, rahayu ingkang ndarbeni Allah minangka pamomongipun (ayat 5). Gusti Allah ingkang nitahaken donya, nebus umatipun saking pangawulan, lan mulihaken gesanging manungsa (ayat 6-9). Malah, pepejah boten saged ngawonaken lan nguwaosi awit Gusti Allah punika jumeneng Raja ing salami-laminipun (ayat 10).
Punika iman kapitadosan kangge kita ingkang gumantung dhumateng Gusti Yesus Kristus, ingkang kagungan panguwaos ing gesang lan pejah. Panjenenganipun ingkang dados jaminan langgeng kangge sinten kemawon ingkang pitados dhateng Sang Kristus. Saking kapitadosan punika kita ngaturaken “Haleluya!” utawi “Puji Gusti”, punika sanes japa mantra utawi jimat ingkang nentremaken jiwa. Langkung saking punika! Haleluya minangka wujuding pengaken iman kita nalika kita tepang kaliyan Gusti Allah ingkang kita sembah punika. Manungsa asring pengin ndarbeni panguwaos lan kesupen bilih manungsa punika titahipun Allah. Rahayu ingkang ndarbeni Allah minangka pamomongipun, ingkang pangajeng-ajengipun namung dhateng Sang Yehuwah.|*DAC
