Wulang Bebasan 22:2-16; Jabur 146; II Korinta 8:8-15
EKLAS NRESNANI
“Anggonku mituturi mangkono iku ora ateges prentah, nanging mung marga
saka anggonku kapengin neter kaeklasaning sih-katresnanmu kalawan
nuduhake sakehing pambudidayane wong-wong kang padha aweh pambiyantu.”
(II Korinta 8:8)
Rasul Paulus ngajak pasamuwan ing Korinta kangge dados sugih. Nanging sugih ingkang dipun wucalaken dening Rasul Paulus boten kanthi cara numpuk bandha kadonyan. Kasugihan ingkang kedah dipunupadi dening tiyang pitados inggih punika kanthi dados sugih ing “samukawis”. Asring namung dipun pahami sugih menika gadhah arta kathah. Miturut piwulangipun Rasul Paulus, sugih punika boten namung kathah artanipun. Wonten sugih kanthi pangertosan sacara bandha kadonyan. Wonten ugi sugih iman, pitembungan, kawruh, saestu mbiyantu, katresnan lan sapiturutipun (ayat 7). Sinaosa kathah arta, nanging boten gadhah katresnan ingkang luber lan kawruh ingkang inggil, punapa dene iman ingkang ageng; tiyang punika dereng sugih ing samukawis.
Emanipun, kathah tiyang ingkang namung sugih sacara bandha kadonyan, nanging sampun rumaos nggadhahi samukawis satemah dados gumunggung. Kosok wangsulipun, wonten tiyang sugih ing samukawis, nanging karana nggadhahi arta ingkang sekedhik, lajeng dados minder. Kamangka tiyang wau sugih ing katresnan, peladosan ingkang eklas, pitembunagn ingkang jujur lan wohing Roh ing gesangipun. Tiyang ingkang kados mekaten kedah kasengkuyung supados gadhah semangat, boten minder.
Nresnani kanthi eklaspunika salah satunggaling wujud sugih ing samukawis ing Gusti. Boten kedah nengga kaluberan ing bandha kadonyan kangge saged nindakaken katresnan. Awit nresnani sesami namung mbetahahaken kamirahan manah, boten kaluberan bandha kadonyan.
Pasamuwan-pasamuwan ing Makedonia sampun ”kaluberan berkah”, mekaten ugi pasamuwan-pasamuwan ing Korinta samangke saweg “kaluberan” ing samukawis. Kita ugi saged atur paseksi bilih kita kaluberan ing samukawis lumantar nresnani kanthi eklas. Sih katresnaning Sang Kristus ingkang dados tuladha kangge kita dados berkah kangge dhiri kita lan sesami. Sugeng dados sugih ing samukawis lumantar nresnani kanthi eklas. |*DAC
