+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 24 September 2025 Minggu Limrah

Wulang Bebasan 21:10-16; Jabur 12; Lukas 20:45-21:4

ANDHAP ASOR LAN NGABEKTI

“Andhap-asor lan pangabekti marang Sang Yehuwah iku diganjar,

kasugihan, kaluhuran lan urip.

(Wulang Bebasan 22:4)

Limrahipun guru punika kedah nglegakaken wekdal ingkang kathah ing padamelanipun, kadosta mriksa garapanipun murid lan wawan rembag kaliyan para siswa. Asring ugi menawi wonten prekawis mirunggan guru ngawontenaken pirembagan kaliyan tiyang sepuhipun. Kangge njagi lestantuning pamulangan, guru nyuwun pnyengkuyung lan pambiyantu sesami kanca guru. Pakaryan ingkang awrat dados langkung entheng awit nyambut damel sesarengan. Satunggaling paneliten bab tenaga pamulang manggihaken kanyatan bilih nyambut damel sesarengan ageng ginanipun, nalika saben pamulang ingkang makarya sesarengan ngetingalaken andhap asoring manah. Nalika kita purun tinarbuka ngakeni kekirangan, kanca sanesipun badhe rumaos nyaman kangge andum kawruh, satemah sedaya ing kelompokipun kabiyantu.

Kitab Suci memucal bab wigatinipun sikep andhap asor. Punika boten namung kangge ningkataken panyambut damel sesarengan. Sikep ajrih asih dhumateng Gusti (nggadhahi pangertosan ingkang leres bab sinten ta kita punika dipun ngrasanipun Gusti Allah ingkang maha sedayanipun) badhe ndhatengaken “kasugihan, kaluhuran, lan gesang”. Andhap asor  nuntun kita kangge gesang sami, dene bantu-biyantu setunggal lan sanesipun satemah pakempalan kita migunani kagem pakaryaning Allah, boten namung kangge pakaryan kadonyan kemawon.

Kita tansah andhap asor boten namung kangge nggayuh “kasugihan, kaluhuran, lan gesang” dhiri pribadi, awit punika sanes andhap asor ingkang sejati. Kosok wangsulipun, kita nuladha dhateng Gusti Yesus, ingkang sampun nyuwungaken sariranipun piyambak, lan ngagem sipating abdi, sarta sampun dados sami kaliyan manungsa. (Filipi 2:7) Kanthi mekaten kita saged dados peranganing sariranipun Sang Kristus ingkang makarya sesarengan kanthi andhap asoring manah kagem nindakaken pakaryanipun Sang Rama. Sedaya namung kagem kamulyaning Asmanipun Gusti Allah, Rama Kita. Sumangga kita sinau tansah andhap asor lan namung ngabekti dhumateng Gusti. |*DAC

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *