+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 23 September 2025 Minggu Limrah

Wulang Bebasan 17:1-5; Jabur 12; 1 Korinta 9:19-23

NYUWUN PANGAYOMAN

“Dhuh Yehuwah, Paduka badhe netepi,

kawula tansah badhe Paduka ayomi,

Paduka uwalaken saking jinis punika.

(Jabur 12:8)

Nindakaken kayektening Pangandikanipun Gusti boten gampil, awit saben dinten kita tansah dipun aben ajengaken kaliyan panggodha kangge nindakaken dosa. Pemazmur ndedonga nyuwun dhumateng Gusti Allah karana ningali boten wonten tiyang mursid lan setya, sedaya sampun sirna (ayat 2). Sami dene apus-ingapusan, manis ing wicanten nanging manahipun rangkep (ayat 3). Pemazmur nyuwun dhumateng Gusti supados numpes tiyang-tiyang punika (ayat 4). Pandonga panyuwunan punika dipun unjukaken kanthi pangajeng-ajeng ing prasetyanipun Gusti ingkang murni lan sampun kabukten (ayat 5-7). Gusti Allah badhe netepi saben prasetyanipun kangge njagi tiyang-tiyang ingkang gesang leres ing ngarsanipun (ayat 8).

Pemazmur boten namung mendel nalika ningali kasunyatan bilih kathah tiyang mursid ingkang boten setya malih dhumateng Gusti. Manahipun goreh nalika ningali kados pundi tiyang-tiyang mursid malah boten malih gesang ing kayekten. Sami boten malih ndadosaken pangandikanipun Gusti Allah minangka ingkang nguwaosi gesangipun, nanging pikajengipun manungsa ingkang dipun turuti. Punapa ingkang awon, punika ingkang dipun ugemi.

Kasunyatan ingkang kados mekaten boten damel imanipun pemazmur luntur, ananging piyambakipun wangsul emut dhumateng prasetyanipun Guati Allah. Sinaosa umatipun boten setya, Gusti Allah tetep setya dhateng prasetyanipun. Anggenipun manungsa boten setya boten damel Guisti Allah boten netepi prasetyanipun.

Gusti Allah badhe netepi saben prasetyanipun kangge mitulungi lan milujengaken manungsa ingkang tansah setya. Gusti Allah mirengaken pasambat panyuwunan saben umatipun lan Gusti mesthi badhe mitulungi. Ing suwaliking pandonganipun, pemazmur pitados ing pangajeng-ajeng lan boten nglokro awit kawontenan sakiwa tengenipun. Mila sami nyuwuna pangayoman namung dhumateng Gusti Allah. |*DAC

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *