Hosea 12:2-14; Jabur 62; Mateus 19:16-22
NAMUNG ALLAH INGKANG KWAWI MILUJENGAKEN
“Pangucape Efraim: “Aku rak wus dadi sugih, wus oleh raja-brana.”
(Hosea 12:9a)
Awan iki, Trisno mulih saka sekolah kanthi ulat kang mbingungi. Biyunge sing pirsa enggal ndangu putrane: “Tris, kenangapa kok ulatmu katon bingung?” “Boten wonten napa-napa, kok bu.” Wangsulane Trisno. “Nek ora ana apa-apa kok ulatmu kaya ngono?” biyunge ndangu sinambi nyawisake sega, lawuh karo jangan kanggo Trisno. “Pardi dipun purugi ramanipun nalika taksih wonten kelas. Ngandikanipun, badhe pindhah sekolah. Nanging ibunipun ugi manggihi. Bapak lan ibunipun Pardi lajeng sami padu ing sakngajenging kelas dipun sekseni kanca-kanca. Kok boten sami lingsem, nggih bu?” Mangkono wangsulane Trisno sakdurunge ndhingkluk ndedonga.
Temtu kita mangretos bilih brayat punika dados papan anggenipun manungsa miwiti gesang. Mila brayat dados perangan ingkang wigati saktemah kedah tansah kajagi lan karimat kanthi temen. Brayat Kristen ingkang kabangun adhedhasar katresanipun Gusti Allah katimbalan nglampahi gesang jumbuh kaliyan karsaning Allah. Punika pancen boten gampil awit kathah panggodha ingkang sedyanipun nebihaken brayat Kristen saking pangreh lan pangreksaning Allah. Panggodha punika saged awujud bandha donya, panyambut damel utawi sesami ingkang ngreridhu gesanging brayat.
Ing saklebeting pamecanipun, nabi Hosea nedahaken bab taler Efraim ingkang ngandelaken kasugihan lan raja-branaipun. Nanging eman, jebul ingkang dados piandelipun boten milujengaken; kepara malah ndhatengaken paukuman. Punika temtu ngemutaken kita dhateng tiyang anem ingkang ngudi kawilujengan nanging dados sedhih nalika dipun dhawuhi dening Gusti Yesus supados nyade bandha gadhahipun ingkang kathah. Mila sumangga brayat Kristen ing saklebeting nindakakaken panyambut damel kangge ngudi kacekapaning rejeki lan nalika nyanggi bot-repoting gesang, tansaha ngudi karsaning Allah ingkang mesthi milujengaken. Sampun ngantos malah dhawah ing cecongkrahan awit brayat Kristen punika katimbalan supados dados tuladha kangge sesami. |*GPY
