+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 2 Oktober 2025 Minggu Limrah

2 Para Raja 18:1-8,28-36; Jabur 37:1-9; Wahyu 2:8-11

PITADOS KANTHI GOLONG-GILIG

Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati,

temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.”

(Wahyu 2:10c)

Trisno nyritakake menawa dhek wingi dheweke melu upacara Hari Kesaktian Pancasila neng alun-alun. “Bu, ingkang damel kula gumun punika kok para Pahlawan Revolusi purun bela-pati kangge nglabuhi Pancasila.” Biyunge enggal mangsuli: “Amarga Pancasila iku tetalese negara, le. Yen tetalese ilang, negarane mesthi bakal rubuh lan tundhane gawe rekasa rakyat kabeh. Mula para Pahlawan Revolusi lila bela-pati supaya Pancasila lestari lan nagara bisa mbudidaya supaya rakyat bisa urip kepenak.”

Nalika jumeneng dados nata ing Yehuda, prabu Hizkia nindakaken ingkang sae wonten pamirsaning Sang Yehuwah. Piyambakipun nyingkiraken tengger-tengger pangurbanan lan ngempuri tugu-tugu brahala. Boten namung punika, saka brahala dipun kethok lan ula tembaga yasanipun nabi Musa dipun remuk awit nalika semanten tiyang Israel caos kurban kangge ula tembaga punika. Awit saking kasetyan lan kapitadosanipun, prabu Ahas tansah binerkahan. Dene pacoban ingkang ageng dipun adhepi nalika prabu Sanherib mengsah perang nedya nelukaken Yerusalem. Nalika semanten, prabu Sanherib utusan tiyang kangge nguwuh-uwuh kanthi sora supados saged kapireng dening tiyang Yerusalem kanthi angkah sami nilar prabu Ahas. Sinaosa kaaben-ajengaken kaliyan bebaya lan pepejah, prabu Ahas lan rakyat sami sumendhe dhateng Allah. Tundhanipun, Gusti Allah paring pitulungan kanthi nyirnakaken prajurit Asyur ingkang kathah cacahipun (2 Para raja 19:35).

Saben tiyang kalebet brayat Kristen, badhe manggihaken prekawising gesang. Mila kedah sami mbangun kapitadosan ingkang golong-gilig dhateng Gusti Allah, tan ajrih-kuwatos nadyan ngadhepi bebaya-rubeda. Kapitadosan punika kawujudaken kanthi nindakaken pambudidaya ingkang jumbuh kaliyan karsaning Allah. Temtu wonten pitulungan. Dhateng pasamuwan ing Smirna, Gusti Allah paring prasetya lumantar rasul Yohanes bilih menawi tetep setya lan pitados sanadyan ngadhepi pati, badhe kaganjar makuthaning gesang. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *