+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 3 Oktober 2025 Minggu Limrah

2 Para Raja 19:8-20,35-37; Jabur 37:1-9; Wahyu 2:12-29

TEMEN

Sang Prabu banjur tindak lumebet ing pedalemaning Sang Yehuwah

sarta mbeber layang mau ana ing ngarsaning Sang Yehuwah.”

(Wahyu 2:10c)

Saben mulih sekolah, Trisno mesthi nyritakake sabarang kang disawang lan dilakoni nalika neng sekolahan. Awan iki, Trisno nggawa kertas ulangan sing ana tulisan angka “100”. “Bu, kula angsal 100.” Ature Trisno kanthi mrenges. Bu Minal enggal ndangu: “Ulangan apa, le?Basa Jawa, bu.” wangsulane Trisno. “Kanca-kanca sami gumun wong biasane kula boten saged aksara Jawa. Mila wingi kula ngempet boten dolan supados saged sinau. Lajeng, punika kasilipun.” “Puji Gusti, ngger. Mula, awake dhewe kudu temen yen duwe tanggung jawab. Anggonmu temen nindakake tanggung jawab minangka bocah sekolah iku uga wujud sokur marang Gusti Allah amarga ora saben bocah uga nampa kanugrahan bisa sekolah kaya kowe, le.” Mangkono welinge biyung.

Prabu Ahas lan rakyat nampi pangancam saking utusaning Sang Nata ing Asyur ingkang nedahahaken kados pundi anggenipun kathah karajan sampun sami katelukaken lan para allahipun ingkang dipun sembah boten kwawi paring pitulungan. Pangancam punika angkahipun supados tiyang Yehuda semplah lajeng kecalan kapitadosan dhateng Sang Yehuwah. Nanging prabu Hizkia boten sumelang. Piyambakipun tetep temen anggenipun ngabekti dhateng Gusti Allah. Mila prabu Hizkia lumebet dhateng Padaleman Suci lan ngaturaken sadaya punika dhateng Gusti Allah. Lumantar nabi Yesaya, Gusti Allah lajeng nedahaken bilih pandonganipun prabu Hizkia sampun kapireng lan Panjenenganipun badhe tumindak.

Sampun ngantos sengseming jagad, bebaya lan prekawising gesang nebihaken pasamuwan saking margining Injil. Sumangga tansah enget bilih pasamuwan sampun pinaringan pangapuntening dosa lan kawilujengan lumantar pangurbananipun Sang Kristus. Malah berkahing Allah datan kendhat kaluberaken ing saben dintenipun. Punika ingkang dados dhasar anggenipun pasamuwan sami tansah temen ngestokaken sabdaning Allah ing salamining gesang minangka wujud sokur.|*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *