Para Hakim 4:1-16; Jabur 106:1-12; Efesus 6:10-17 SANTOSA ING PATUNGGILANIPUN GUSTI “Wasana, padha dadia santosa ana ing patunggilane Gusti, lan ing kasektening panguwasane.” (Efesus 6:10) Ingkang nama pasamuwan utawi greja, miturut Pokok-Pokok Ajaran GKJ (PPAGKJ) inggih punika “Patunggilaning para pitados ingkang ngeneraken gesang ing kawilujenganipun Gusti Allah wonten ing Sang Kristus.” Sanajan adegipun patunggilaning para pitados, emanipun, kathah pasamuwan ingkang crah lan lajeng bubrah. Wusana, awit boten saged nglestantunaken patunggilaning para pitados, madheg dados pasamuwan kang anyar. Begja menawi pasamuwan ingkang anyar punika santosa, temahan saged nindakaken bebahan minangka pasamuwan ingkang dewasa lan mandiri. Menawi boten, namung dados momotaning pasamuwan sanesipun. Pramila makaten ngudi patunggilaning pasamuwan punika perangan ingkang wigati sanget. Waosan para Hakim 4:1-16 mratelakaken ing sami. Nalika Barakh kadhawuhan numpes Sisera, senapatinipun Yabin, ratu ing Kanaan, dhawuh punika boten dipun estokaken piyambakan. Awit Barakh ndhadha bilih Israel kagungan nabinipun Allah ingkang mumpuni, inggih punika Dhebora. Barakh sumadya mangsah perang nalikanipun Nabi Dhebora inggih nyarengi ing palagan. “Manawi panjenengan nyarengi lampah kula, kula inggih badhe lumampah, nanging manawi panjenengan boten nyarengi, kula boten badhe lumampah.” (Para Hakim 4:8) Sanajan Dhebora sampun pratela: “Iya becik, aku bakal mbarengi lakumu, mung bae dudu kowe kang bakal dadi kajen ana ing lakumu saangkatan iki, amarga Sisera iku bakal diulungake Sang Yehuwah marang tangane wong wadon”. (Para Hakim 4:8) Barakh tetep teguh. Sauger Israel boten crah lan bubrah tansah santosa ing patunggilanipun Gusti. Saestu tuladhaning andhap asor ingkang satuhu, ingkang dados pambereg pasamuwanipun Gusti anggenipun tansah santosa ing patungilanipun Gusti. Sanajan mbok menawi kedah mawi pangurbanan, boten ingajenan lan dipun lirwaaken. Tansaha ngudi santosaning patunggilaning pasamuwan! Gusti mberkahi! |*AJ
Ahad, 12 Januari 2025 Minggu Baptisanipun Gusti Yesus (Minggu I Saksampunipun Epifani)
Yesaya 43:1-7; Jabur 29; Lelakone Pr. Rasul 8:14-17; Lukas 3:15-17, 21-22 ATAS ASMANE RAMA, PUTRA LAN ROH SUCI “Amarga Roh Suci durung tumendhak marang wong siji-sijia ing antarane wong-wong mau, awit mung padha dibaptisi ing asmane Gusti Yesus.” (Lelakone Para Rasul 8:16) Tembung baptis, sacara wantah ngemu teges slulup. Ananging praktekipun, wonten ingkang baptis srana dislulup punapa dene namung dipunciprati toya mawon. Matemah leres botenipun, sah botenipun punika boten mapan ing praktekipun; ananging wonten atas asmanipun sinten? Punapa Allah Sang Rama, Sang Putra utawi Sang Roh Suci? Prayoginipun baptis katindakaken ing asma tetiganipun, ALLAH SANG RAMA – SANG PUTRA – SANG ROH SUCI laras kaliyan pratelaning serat baptis. Memper nalikanipun Rasul Petrus lan Rasul Yokanan sami nuweni pasamuwan ing Samaria, kekalihipun sami ndendonga malah sami kepareng numpangaken asta murih Sang Roh Suci tumedhak ing gesanging pasamuwan Samaria. Jer pasamuwan Samaria, rikala rumiyin, anggenipun baptis namung tinalesan wonten ing asmanipun Gusti Yesus kemawon. Srana pandonga konjuk Sang Rama, lan tumedhakipun Sang Roh Suci, pasamuwan Samaria nampeni kasampurnaning baptis. ALLAH RAMA, ngemu teges bilih sedaya umat-Ipun, ingangkat putra dening Gusti Allah. Srana jejer minangka putra, umat kepareng ngaturi “Abba, Rama”; wusana kagungan wenang tampa warising kratoning Allah. SANG PUTRA, mratelakaken bilih tuking kawilujenganing umat punika mligi ing pakaryan kawilujenganipun Gusti Yesus Kristus ingkang kepareng nebus lan milujengaken umat kalawan sangsara sinalib seda lan wungunipun. SANG ROH SUCI, mratelakaken bilih Rohipun Gusti Allah piyambak ingkang kepareng nuntun lampahing para pitados mujudaken kawilujengan tumuju ing kasampurnanipun. Inggih kawilujengan wonten ing Allah Rama lan Allah Putra. Srana asma tetiga ingkang sampun nalesi pratandhaning baptis, samesthinipun anggen kita gesang tansah mratelakaken kebabaring Allah Rama-Putra-Roh Suci. Kumandel ing panjurung lan pitulunganipun Gusti, kebak ing sih katresnan dhateng Gusti miwah sesami saha kebak pangajeng-ajeng awit panuntuning Roh Suci. Mugi kasagedna!|*AJ
Setu, 11 Januari 2025 Minggu II Saksampunipun Natal
Kohelet 3:1-15; Jabur 29; 1 Korinta 2:11-16 PAMAWASING KASUKMAN “Awit bab iku tumraping wong mau sawijining kabodhoan; sarta wong iku ora bisa mangreti, awit bab mau mung bisa kawawas cara kasukman.” (1 Korinta 2:14) Sampun sawetawis wekdal pasamuwan dalem ing dusun ngalami defisit anggaran. Kawitanipun nalikan pasamuwan katempuh ing pageblug covid-19 ingkang njalari pakempalan pangibadah, badhea kebaktian minggu punapa dene bidston lan pakempalan pandonga sumene sawetawis. Njalari pisungsungipun sami mandeg lan suda. Sangsaya anggenipun suda awit kathahipun warganing pasamuwan ingkang katimbalan. Kamangka warganing pasamuwan ingkang katimbalan punika kalebet pasamuwan ingkang sembada lan murwat pisungsungipun. Kepeksa sampun sawetawis wekdal, komisi-komisi ingkang adatipun pikantuk stimulan (arta saking greja), sampun sawetawis taun punika boten nampi awit dipun endegaken. Puji sokur konjuk Gusti, sanajan defisit anggaran, peladosaning pasamuwan miturut tata panggulawenthahing kapitadosan lan paseksinipun kapitadosan, taksih saged kebabar. Ndilalah pikantuk pawarta bilih pamulanging pasamuwan ingkang sepuh, ingkang sewau jengkar saking antawisipun pasamuwan, tinilar seda dening putra lan semahipun. Kamangka piyambakipun saweg sakit lan mbetahaken pamulasara. Kadospundi rigenipun pasamuwan nanggepi prekawis punika? Sanajan defisit anggaran, liripun boten wonten waragad kangge boyong lan ngupakara bapa pendhita emiritus, pradata lan pasamuwan sami saiyeg saekapraya anggenipun kepareng ngrimati bapa pendhita emiritus sanajan defisit anggaran. Bebasan legan golek momongan. Punapa dene “tulung menthung” mbok menawi pancen leres. Nanging pasamuwan pitados bilih Gusti Allah piyambak ingkang mitulungi lan nyekapi. Punika pamawasing kasukman ingkang asring cengkah kaliyan pamawasing kedagingan. Laras kaliyan pangandika: “awit bab iku tumraping wong mau sawijining kabodhoan; sarta wong iku ora bisa mangreti, awit bab mau mung bisa kawawas cara kasukman.” Mugi Gusti tansah mitulungi lan mberkahi! |*AJ
Jemuwah, 10 Januari 2025 Minggu II Saksampunipun Natal
Kohelet 2:1-11; Jabur 29; 1 Korinta 2:1-10 WERDHINIPUN KHOTBAH: PANUNTUNING ROH SUCI “Anggonku caturan utawa anggonku martakake ora nganggo tembung-tembung kang wasis kang ngyakinake, nanging kalawan yakin ing bab kakiyatane Sang Roh.” (1 Korinta 2:4) Nalikanipun aben ajeng kaliyan para pandhita saking pasamuwan GKI punapa dene saking greja pentakosta/kharismatik, blaka kemawon menawi ngraosaken minder. Mirunggan nalikanipun sami medhar pangandikanipun Gusti utawi khotbah. Para pandhita punika anggenipun kotbah mantep sanget. Pamijining tembung ingkang kaginakaken karaos trep. Napa malih kinanthenan pasemon ingkang sae sinartan pirantining paraga. Dereng malih menawi pengkotbahipun lucu, remen guyon lan ndagel, sangsaya ingkang mirengaken sami bingah lan gumujeng. Benten sanget kaliyan pandhita GKJ ingkang anggenipun kotbah punika dlujur sajak serius lan njagi kaprabawan. Begja menawi taksih kepareng sami nyawang pamyarsanipun. Adhakanipun sami ndingkluk sinambi maos rancanganing kotbah. Njalari bosen lajeng sami ngantuk. Kotbahipun para pandhita GKJ ingkang kados makaten punika boten ateges boten wonten cecawisan. Ananging saestu peladosanipun pendhita GKJ punika “ngabehi”. Punapa kemawon peladosan ingkang wonten, kadosta pangibadah, bidston, mulasara tiyang sakit, sripah lan sanes-sanesipun, dados kewajibanipun pandhita. Memper menawi asring ketelasan wekdal anggenipun nyawisaken kotbah ingkang murwat. Rahayu menawi pangandikanipun Gusti dinten punika mratelakaken wigatosipun kakiyataning Sang Roh Suci ing salebeting khotbah, nglangkungi tembung ingkang wasis lan ngyakinaken. Sampurnaning pangibadah, satunggaling pandhita sajak gela awit nglengganani menawi kotbahipun awut-awutan. Awit dalunipun nengga pasamuwan ingkang kesrakat boter kober cecawis kotbah. Dumadakan wonten satunggaling pasamuwan ingkang ngaturaken jawat asta lan ngaturaken panuwun awit kotbahipun bapa pandhita njalari piyambakipun wurung anggenipun badhe nglalu. Elok sanget! Saestu pakaryaning Roh suci ingkang dhatan jinangkung ing salebeting khotbah. |*AJ.
Kemis, 9 Januari 2025 Minggu II Saksampunipun Natal
Kohelet 1:1-11; Jabur 29; 1 Korinta 1:18-31 NAMUNG KUMANDEL GUSTI “Awit sarehne jagad sajroning kawicaksanane Gusti Allah ora wanuh marang Panjenengane kalawan kawasisane, mulane wus dadi keparenge Gusti Allah mitulungi rahayu marang para wong kang padha pracaya marga saka kabodhoaning pakabaran Injil.” (Kohelet 1:8) Wonten kemawon pambudidayaning jagad anggenipun nggayuh kawilujengan. Kadosdene Mark Zuckerberg, ingkang manggihaken media sosial Facebook; mbangun bungker ingkang santosa lan endah ing sangandhapipun pulo Kauai ing Hawai. Bunker utawi senthong ingkang mapan ing sangandhaping jogan punika kirang langkung wiyaripun 500 meter persegi. Dipun wawas minangka papan pangayoman “kebal kiamat”. Makaten ugi kemajenganipun ilmu pengetahuan lan bioteknologi mirunggan ing babagan kloning lan ternak organ (stem sell agriculture), nyawabi manungsa nggayuh kawilujengan. Lumantar sedaya kemajenganing jagad anggenipun sami ngudhari-sekedhik mbaka sekedhik kawasesanipun Gusti ingkang kineker. Wusana mangkenipun boten perlu malih kita nyuwun pirsa utawi nyadhong berkahipun Gusti. Jer samangke sedayanipun saged kaupadi manungsa piyambak. Lah punapa sedaya kawicaksananing jagad punika dados mareming manungsa anggenipun nggayuh kawilujengan? Boten. Awit kawilujengan punika boten mapan ing sarana/piranti. Ananging wonten ing astanipun Gusti. Sanajan karancang miturut garis ingkang gumathok lan sampurna; malah kepara anyar, saestunipun sedayanipun nglaha kemawon. Cunduk kaliyan pangandika “Apa ana barang kang kena dikandhakake: “Delengen, iki anyar?” Awit iku dhek biyen wis ana, wis suwe banget sadurunge kita ana.” (Kohelet 1:10) Begja kita ingkang kaanggep bodho awit kumandel ing pakaryan kawilujenganipun Kristus Yesus. Jer kawilujengan kita sampun winengku ing asmanipun. Jer Gusti Yesus sampun kepareng sangsara sinalib seda nebus dosa-dosaning jagad. Sauger kumandel, panggah wilujeng. Wondene menawi wonten pandameling gesang ingkang sae, punika mligi awit cihnaning atur panuwun sokur konjuk ngarseng Gusti. Ancasipun boten sanes kaluhuraning asmanipun. Kumandela ing Gusti |*AJ
Rebo, 8 Januari 2025 Minggu II Saksampunipun Natal
Dhaniel 2:24-49; Jabur 72; Efesus 5:15-20 NGGLADHI AKAL BUDI “Mulane aja padha tanpa budi, nanging udinen supaya kowe ngreti, mungguh apa kang dadi karsaning Gusti.” (Efesus 5:17) Wradinipun, kersanipun Gusti winarah nalikanipun perkawising gesang sampun kebabar. Kadosta wontenipun lindu punapa dene gunung bledos. Nanging nalikanipun sadaya punika dereng winarah, boten wonten tiyang ingkang mastani bilih punika kersanipun Gusti. Jer kersanipun Gusti punika nelakaken wewados lan kekeraning Gusti Allah piyambak. Sanajan ta makaten, minangka titah ingkang cinipta miturut gambar lan pasemonipun Gusti Allah, manungsa pinaringan akal budi ingkang ngeneraken manungsa ing margining karahayon. Pramila sampun samesthinipun, anggen kita sami ngeneraken gesang kedah tinalesan akal budi. Inggih akal budi punika ingkang nuntun manungsa mangertosi punapa ingkang dados kersanipun Gusti. Awit saking makaten, akal budi kedah dipun udi. Dipun gladi murih sangsaya lantip lan limpad anggenipun mangertosi punapa ingkang dados kersanipun Gusti. Laras kaliyan pangandika: “Mulane aja padha tanpa budi, nanging udinen supaya kowe ngreti, mungguh apa kang dadi karsaning Gusti.” Wondene umatipun Gusti ingkang kagolong limpad lan lantip miturut paseksenipun Kitab Suci boten sanes inggih punika Dhaniel, Hananya, Misael lan Azarya. “tinemune wong-wong mau tikel sapuluh anggone ngluwihi kapinterane para sarjana lan para juru gendam ing saindenging karajan.” (Daniel 1:20b) Ingkang dados pitakenan inggih punika, kados pundi anggenipun Dhaniel sak rencang-rencangipun saged nggladi akal budinipun ngantos lantip lan limpad? Sepisan, gesang miturut tata vegetatif, inggih punika mligi nedha jejanganan kemawon (Dhaniel 1:16). Kaping kalihipun, nebihi anggur lan sapiturutipun ingkang ndadosaken reged lan najising raga (Dhaniel 1:8). Saklajengipun, tansah setya tuhu mbangun sesambetan kaliyan Gusti Allah; nelakaken pandonga rambah kaping tiga saben dintenipun. Ingkang pungkasan, kumandel ing berkahing Gusti. Kados pundi mungguh ing gesang kita; punapa inggih sampun kepareng nggladhi akal budi? Mangga sami katindakna!|*AJ
Slasa, 7 Januari 2025 Minggu II Saksampunipun Natal
Dhaniel 2:1-19; Jabur 72; Efesus 4:17-5:1 BLAKA “Awit saka iku mbuwanga watek goroh lan ngucapa kang nyata marang ing pepadhaning sadulur siji lan sijine, awit kita padha-padha dadi gegelitaning badan siji.” (Efesus 4:12) Blaka utawi terus terang, miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia ngemu teges jujur; ngaturaken punapa wontenipun. Patrap blaka kanyata dados kautaman tumraping umatipun Gusti. Cundhuk kaliyan pangandika “buwanga watek goroh lan ngucapna kang nyata”. Kados pundi kebabaripun wonten ing gesang kita padintenan? Punapa kita sampun sami blaka? Sanajan prasaja, boten sedaya tiyang saged blaka. Awit blaka punika boten ngemungaken ngaturaken perangan-peranganing gesang ingkang sae kemawon ananging ugi peranganing gesang ingkang awon. Kamangka perangan ingkang awon punika boten sedaya saged dipun tampeni. Wradin manawi lajeng wonten bebasan “dora sembada” utawi “bohong untuk kebaikan”. Benten kaliyan dhawuhipun Gusti ingkang cetha, “Manawa iya, kandhaa iya, yen ora, kandhaa ora,” (Yakobus 5:12). Makaten ugi Kitab Dhaniel 2:1-9 punika mratelaken dukaning Prabu Nebukadnezar ingkang kuwur manahipun awit panyumpenanipun. amargi tiyang ingkang sami bedhek panyumpenanipun lan miterang bab maknanipun, mligi ngandharaken perangan ingkang boten sanyatanipun. Makaten pangandikanipun “padha saiyeg bakal munjuk marang ingsun bab-bab kang ora nyata lan dora, nganti kaanan salin.” (Dhaniel 2:5) Pramila makaten Prabu Nebukadnezar pratela: “Ingsun wus damel putusan, yaiku manawa sira ora padha ngunjuki uninga marang ingsun bab supena iku lan maknane, sira mesthi bakal padha katengkel-tengkel sarta omahira bakal padha karubuhake kadadekake tumpukan uwuh.” (Dhaniel 2:9) Benten mungguhing Daniel ingkang kepareng nampi wahyu saking Gusti Allah bab panyumpenanipun Prabu Nebukadnezar lan anerbuka wewados-wewadosipun. Sedaya dipun bikak klawan blak. Boten wonten ingkang dipun tutup-tutupi. Wusana Prabu Nebukadnezar lajeng tumungkul lan ngaturaken panuwun. Wondene sedaya ingkang dipun ngendikakaken dening Dhaniel saestu wigati lan migunani. Mila, blakaa!|*AJ
Senen, 6 Januari 2025 Epifani
Yesaya 60:1-6; Jabur 72:1-7,10-14; Efesus 3:1-12; Mateus 2:1-12 MARGI SANESIPUN “Mulane mulihe menyang tanahe padha metu ing dalan liyane” (Mateus 2:12c) Ngupadi Gusti Allah, kados ingkang katindakaken dening para pandhita saking tlatah wetan nalikanipun badhe sujud manembah dhateng “Ratuning Israel ingkang nembe miyos” saestu pandamel ingkang awrat. Kejawi papanipun ingkang tebih, watawis kalih wulan mlampah, boten wonten sasmita punapa kemawon kejawi namung sumoroting lintang wetan. Wusana saged kadumugen sedyanipun anggenipun pinanggih Gusti Yesus. Sanajan sejatosipun, pambeng ingkang utama boten anggenipun kesah, nanging nalikanipun wangsul. Pramila awit saking pitedhahipun Gusti, wusana sami pados margi sanesipun. Perangan punika saged dipun gambaraken kadosdene lelampahaning gesang. Nalikanipun mbudidaya miwiti perangan ingkang anyar, kathah babagan ingkang kedah dipun mangertosi; dipun etrapaken murih pinanggih sedya. Wradinipun nalikanipun sampun kasil, sedaya sami mbudidaya nglestantunaken cara ingkang sampun katindakna. Tan mangertosa, bilih kawontenan saged kemawon beda. Sarwa owah lan gingsir. Pramila kedhah purun ngupadi margi sanesipun. Margi sanes punika ingkang samangke winastanan perangan ingkang kreatif. Nindakaken samukawisipun miturut tata lan pangertosan ingkang anyar. Anggen kita ngladosi, anggen kita srawung, anggen kita nyambut damel, kedah dipun ewahi miturut kawontenan lan pangguleting gesang piyambak-piyambak. Boten saged salah satunggaling cara utawi patrap lajeng badhe mrantasi sedaya perkawis. Kedah dipun upadi mawerni-werni pandamel. Boten saged kangge cara A, nggih ngagem cara B. Boten saged ngangge cara B, nggih ngagem cara C. Punika boten ateges lajeng ngginakaken sedaya cara. Paribasan “ngupadi ingkang haram kemawon angel punapa malih ingkang halal”. Boten! Margi sanes nelakaken patrap anggen kita purun sinau, mratobat lan nindakaken punapa ingkang langkung sae. Laras kaliyan semboyan reformasi, “Ecclesia reformata semper reformada. Gereja yang diperbaharui adalah gereja yang senantiasa memperbaiki diri”. Mara sami ngupadi margi sanes! |*AJ
