+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu,  11 Januari 2025 Minggu II Saksampunipun Natal

Kohelet 3:1-15; Jabur 29; 1 Korinta 2:11-16

PAMAWASING KASUKMAN

Awit bab iku tumraping wong mau sawijining kabodhoan; sarta wong iku

ora bisa mangreti, awit bab mau mung bisa kawawas cara kasukman.

(1 Korinta 2:14)

Sampun sawetawis wekdal pasamuwan dalem ing dusun ngalami defisit anggaran. Kawitanipun nalikan  pasamuwan katempuh ing pageblug covid-19 ingkang njalari pakempalan pangibadah, badhea kebaktian minggu punapa dene bidston lan pakempalan pandonga sumene sawetawis.  Njalari pisungsungipun sami mandeg lan suda. Sangsaya anggenipun suda awit kathahipun warganing pasamuwan ingkang katimbalan. Kamangka warganing pasamuwan ingkang katimbalan punika kalebet pasamuwan ingkang sembada lan murwat pisungsungipun. Kepeksa sampun sawetawis wekdal, komisi-komisi ingkang adatipun pikantuk stimulan (arta saking greja), sampun sawetawis taun punika boten nampi awit dipun endegaken.

Puji sokur konjuk Gusti, sanajan defisit anggaran, peladosaning pasamuwan miturut tata panggulawenthahing kapitadosan lan paseksinipun kapitadosan, taksih saged kebabar.  Ndilalah pikantuk pawarta bilih pamulanging pasamuwan ingkang sepuh, ingkang sewau jengkar saking antawisipun pasamuwan, tinilar seda dening putra lan semahipun. Kamangka piyambakipun saweg sakit lan mbetahaken pamulasara. Kadospundi rigenipun pasamuwan nanggepi prekawis punika?

Sanajan defisit anggaran, liripun boten wonten waragad kangge boyong lan ngupakara bapa pendhita emiritus, pradata lan pasamuwan sami saiyeg saekapraya anggenipun kepareng ngrimati bapa pendhita emiritus sanajan defisit anggaran. Bebasan  legan golek momongan. Punapa dene “tulung menthung” mbok menawi pancen leres. Nanging pasamuwan pitados bilih Gusti Allah piyambak ingkang mitulungi lan nyekapi. Punika pamawasing kasukman ingkang asring cengkah kaliyan pamawasing kedagingan.  Laras kaliyan pangandika: “awit bab iku tumraping wong mau sawijining kabodhoan; sarta wong iku ora bisa mangreti, awit bab mau mung bisa kawawas cara kasukman.” Mugi Gusti tansah mitulungi lan mberkahi! |*AJ   

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *