+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad,  12 Januari 2025 Minggu Baptisanipun Gusti Yesus (Minggu I Saksampunipun Epifani)

Yesaya 43:1-7; Jabur 29; Lelakone Pr. Rasul 8:14-17; Lukas 3:15-17, 21-22

ATAS ASMANE RAMA, PUTRA LAN ROH SUCI

Amarga Roh Suci durung tumendhak marang wong siji-sijia ing antarane

 wong-wong mau, awit mung padha dibaptisi ing asmane Gusti Yesus.

(Lelakone Para Rasul 8:16)

Tembung baptis, sacara wantah ngemu teges slulup. Ananging praktekipun, wonten ingkang baptis srana dislulup punapa dene namung  dipunciprati toya mawon. Matemah leres botenipun,  sah botenipun punika boten mapan ing praktekipun;  ananging wonten atas asmanipun sinten? Punapa Allah Sang Rama, Sang Putra utawi Sang Roh Suci? Prayoginipun baptis katindakaken ing asma tetiganipun, ALLAH SANG RAMA – SANG  PUTRA – SANG  ROH SUCI laras kaliyan pratelaning serat baptis. 

Memper nalikanipun Rasul Petrus lan Rasul Yokanan sami nuweni pasamuwan ing Samaria, kekalihipun sami ndendonga malah sami kepareng numpangaken asta murih Sang Roh Suci tumedhak ing gesanging pasamuwan Samaria. Jer pasamuwan Samaria, rikala rumiyin, anggenipun baptis namung tinalesan wonten ing asmanipun Gusti Yesus kemawon. Srana pandonga konjuk Sang Rama, lan tumedhakipun Sang Roh Suci, pasamuwan Samaria nampeni kasampurnaning baptis.

ALLAH RAMA, ngemu teges bilih sedaya umat-Ipun, ingangkat putra dening Gusti Allah. Srana jejer minangka putra, umat kepareng ngaturi “Abba, Rama”; wusana kagungan wenang tampa warising kratoning Allah. SANG PUTRA, mratelakaken bilih tuking kawilujenganing umat punika mligi ing pakaryan kawilujenganipun Gusti Yesus Kristus ingkang kepareng nebus lan milujengaken umat kalawan sangsara sinalib seda lan wungunipun. SANG ROH SUCI, mratelakaken bilih Rohipun Gusti Allah piyambak ingkang kepareng nuntun lampahing para pitados mujudaken kawilujengan tumuju ing kasampurnanipun. Inggih kawilujengan wonten ing Allah Rama lan Allah Putra.

Srana asma tetiga ingkang sampun nalesi pratandhaning baptis, samesthinipun anggen kita gesang tansah mratelakaken kebabaring Allah Rama-Putra-Roh Suci. Kumandel ing panjurung lan pitulunganipun Gusti, kebak ing sih katresnan dhateng Gusti miwah sesami saha kebak pangajeng-ajeng awit panuntuning Roh Suci.  Mugi kasagedna!|*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *