+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen,  13 Januari 2025 Minggu I Saksampunipun Epifani

Para Hakim 4:1-16; Jabur 106:1-12; Efesus 6:10-17

SANTOSA ING PATUNGGILANIPUN GUSTI

 “Wasana, padha dadia santosa ana ing patunggilane Gusti,

lan ing kasektening panguwasane.

(Efesus 6:10)

Ingkang nama pasamuwan utawi greja, miturut Pokok-Pokok Ajaran GKJ (PPAGKJ) inggih punika “Patunggilaning para pitados ingkang ngeneraken gesang ing kawilujenganipun Gusti Allah wonten ing Sang Kristus.”   Sanajan adegipun patunggilaning para pitados, emanipun, kathah pasamuwan ingkang crah lan lajeng bubrah. Wusana, awit boten saged nglestantunaken patunggilaning para pitados, madheg dados pasamuwan kang anyar. Begja menawi pasamuwan ingkang anyar punika santosa, temahan saged nindakaken bebahan minangka pasamuwan ingkang dewasa lan mandiri. Menawi boten, namung dados momotaning pasamuwan sanesipun. Pramila makaten ngudi patunggilaning pasamuwan punika perangan ingkang wigati sanget.

Waosan para Hakim 4:1-16 mratelakaken ing sami. Nalika Barakh kadhawuhan numpes Sisera, senapatinipun Yabin, ratu ing Kanaan, dhawuh punika boten dipun estokaken piyambakan. Awit Barakh ndhadha bilih Israel kagungan nabinipun Allah ingkang mumpuni, inggih punika Dhebora. Barakh sumadya mangsah perang nalikanipun Nabi Dhebora inggih nyarengi ing palagan. “Manawi panjenengan nyarengi lampah kula, kula inggih badhe lumampah, nanging manawi panjenengan boten nyarengi, kula boten badhe lumampah.” (Para Hakim 4:8)

Sanajan Dhebora sampun pratela: “Iya becik, aku bakal mbarengi lakumu, mung bae dudu kowe kang bakal dadi kajen ana ing lakumu saangkatan iki, amarga Sisera iku bakal diulungake Sang Yehuwah marang tangane wong wadon”. (Para Hakim 4:8) Barakh tetep teguh. Sauger Israel boten crah lan bubrah tansah santosa ing patunggilanipun Gusti.  

Saestu tuladhaning andhap asor ingkang satuhu, ingkang dados pambereg pasamuwanipun Gusti anggenipun tansah santosa ing patungilanipun Gusti. Sanajan mbok menawi kedah mawi pangurbanan, boten ingajenan lan dipun lirwaaken. Tansaha ngudi santosaning patunggilaning pasamuwan! Gusti mberkahi! |*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *