Kohelet 2:1-11; Jabur 29; 1 Korinta 2:1-10
WERDHINIPUN KHOTBAH: PANUNTUNING ROH SUCI
“Anggonku caturan utawa anggonku martakake ora nganggo
tembung-tembung kang wasis kang ngyakinake, nanging
kalawan yakin ing bab kakiyatane Sang Roh.”
(1 Korinta 2:4)
Nalikanipun aben ajeng kaliyan para pandhita saking pasamuwan GKI punapa dene saking greja pentakosta/kharismatik, blaka kemawon menawi ngraosaken minder. Mirunggan nalikanipun sami medhar pangandikanipun Gusti utawi khotbah. Para pandhita punika anggenipun kotbah mantep sanget. Pamijining tembung ingkang kaginakaken karaos trep. Napa malih kinanthenan pasemon ingkang sae sinartan pirantining paraga. Dereng malih menawi pengkotbahipun lucu, remen guyon lan ndagel, sangsaya ingkang mirengaken sami bingah lan gumujeng.
Benten sanget kaliyan pandhita GKJ ingkang anggenipun kotbah punika dlujur sajak serius lan njagi kaprabawan. Begja menawi taksih kepareng sami nyawang pamyarsanipun. Adhakanipun sami ndingkluk sinambi maos rancanganing kotbah. Njalari bosen lajeng sami ngantuk.
Kotbahipun para pandhita GKJ ingkang kados makaten punika boten ateges boten wonten cecawisan. Ananging saestu peladosanipun pendhita GKJ punika “ngabehi”. Punapa kemawon peladosan ingkang wonten, kadosta pangibadah, bidston, mulasara tiyang sakit, sripah lan sanes-sanesipun, dados kewajibanipun pandhita. Memper menawi asring ketelasan wekdal anggenipun nyawisaken kotbah ingkang murwat. Rahayu menawi pangandikanipun Gusti dinten punika mratelakaken wigatosipun kakiyataning Sang Roh Suci ing salebeting khotbah, nglangkungi tembung ingkang wasis lan ngyakinaken.
Sampurnaning pangibadah, satunggaling pandhita sajak gela awit nglengganani menawi kotbahipun awut-awutan. Awit dalunipun nengga pasamuwan ingkang kesrakat boter kober cecawis kotbah. Dumadakan wonten satunggaling pasamuwan ingkang ngaturaken jawat asta lan ngaturaken panuwun awit kotbahipun bapa pandhita njalari piyambakipun wurung anggenipun badhe nglalu. Elok sanget! Saestu pakaryaning Roh suci ingkang dhatan jinangkung ing salebeting khotbah. |*AJ.