Kohelet 1:1-11; Jabur 29; 1 Korinta 1:18-31
NAMUNG KUMANDEL GUSTI
“Awit sarehne jagad sajroning kawicaksanane Gusti Allah ora wanuh
marang Panjenengane kalawan kawasisane, mulane wus dadi keparenge
Gusti Allah mitulungi rahayu marang para wong kang padha pracaya
marga saka kabodhoaning pakabaran Injil.” (Kohelet 1:8)
Wonten kemawon pambudidayaning jagad anggenipun nggayuh kawilujengan. Kadosdene Mark Zuckerberg, ingkang manggihaken media sosial Facebook; mbangun bungker ingkang santosa lan endah ing sangandhapipun pulo Kauai ing Hawai. Bunker utawi senthong ingkang mapan ing sangandhaping jogan punika kirang langkung wiyaripun 500 meter persegi. Dipun wawas minangka papan pangayoman “kebal kiamat”. Makaten ugi kemajenganipun ilmu pengetahuan lan bioteknologi mirunggan ing babagan kloning lan ternak organ (stem sell agriculture), nyawabi manungsa nggayuh kawilujengan. Lumantar sedaya kemajenganing jagad anggenipun sami ngudhari-sekedhik mbaka sekedhik kawasesanipun Gusti ingkang kineker. Wusana mangkenipun boten perlu malih kita nyuwun pirsa utawi nyadhong berkahipun Gusti. Jer samangke sedayanipun saged kaupadi manungsa piyambak.
Lah punapa sedaya kawicaksananing jagad punika dados mareming manungsa anggenipun nggayuh kawilujengan? Boten. Awit kawilujengan punika boten mapan ing sarana/piranti. Ananging wonten ing astanipun Gusti. Sanajan karancang miturut garis ingkang gumathok lan sampurna; malah kepara anyar, saestunipun sedayanipun nglaha kemawon. Cunduk kaliyan pangandika “Apa ana barang kang kena dikandhakake: “Delengen, iki anyar?” Awit iku dhek biyen wis ana, wis suwe banget sadurunge kita ana.” (Kohelet 1:10)
Begja kita ingkang kaanggep bodho awit kumandel ing pakaryan kawilujenganipun Kristus Yesus. Jer kawilujengan kita sampun winengku ing asmanipun. Jer Gusti Yesus sampun kepareng sangsara sinalib seda nebus dosa-dosaning jagad. Sauger kumandel, panggah wilujeng. Wondene menawi wonten pandameling gesang ingkang sae, punika mligi awit cihnaning atur panuwun sokur konjuk ngarseng Gusti. Ancasipun boten sanes kaluhuraning asmanipun. Kumandela ing Gusti |*AJ