+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 8 Januari 2025 Minggu II Saksampunipun Natal

Dhaniel 2:24-49; Jabur 72; Efesus 5:15-20

NGGLADHI AKAL BUDI

Mulane aja padha tanpa budi, nanging udinen supaya kowe ngreti,

mungguh apa kang dadi karsaning Gusti.

(Efesus 5:17)

Wradinipun,  kersanipun Gusti winarah nalikanipun perkawising gesang sampun kebabar. Kadosta wontenipun lindu punapa dene gunung bledos. Nanging nalikanipun sadaya punika dereng winarah, boten wonten tiyang ingkang mastani bilih punika kersanipun Gusti. Jer kersanipun Gusti punika nelakaken wewados lan kekeraning Gusti Allah piyambak.

Sanajan ta makaten, minangka titah ingkang cinipta miturut gambar lan pasemonipun Gusti Allah, manungsa pinaringan akal budi ingkang ngeneraken manungsa ing margining karahayon. Pramila sampun samesthinipun, anggen kita sami ngeneraken gesang kedah tinalesan akal budi. Inggih akal budi punika ingkang nuntun manungsa mangertosi punapa ingkang dados kersanipun Gusti.  Awit saking makaten, akal budi kedah dipun udi. Dipun gladi murih sangsaya lantip lan limpad anggenipun mangertosi punapa ingkang dados kersanipun Gusti.  Laras kaliyan pangandika: Mulane aja padha tanpa budi, nanging udinen supaya kowe ngreti, mungguh apa kang dadi karsaning Gusti. Wondene umatipun Gusti ingkang kagolong limpad lan lantip miturut paseksenipun Kitab Suci boten sanes inggih punika Dhaniel, Hananya, Misael lan Azarya. “tinemune wong-wong mau tikel sapuluh anggone ngluwihi kapinterane para sarjana lan para juru gendam ing saindenging karajan.” (Daniel 1:20b)

Ingkang dados pitakenan inggih punika, kados pundi anggenipun Dhaniel sak rencang-rencangipun saged nggladi akal budinipun ngantos lantip lan limpad? Sepisan, gesang miturut tata vegetatif, inggih punika mligi nedha jejanganan kemawon (Dhaniel 1:16). Kaping kalihipun, nebihi anggur lan sapiturutipun ingkang ndadosaken reged lan najising raga (Dhaniel 1:8). Saklajengipun, tansah setya tuhu mbangun sesambetan kaliyan Gusti Allah; nelakaken pandonga rambah kaping tiga saben dintenipun.  Ingkang pungkasan, kumandel ing berkahing Gusti.  Kados pundi mungguh ing gesang kita; punapa inggih sampun kepareng nggladhi akal budi?  Mangga sami katindakna!|*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *