Dhaniel 2:1-19; Jabur 72; Efesus 4:17-5:1
BLAKA
“Awit saka iku mbuwanga watek goroh lan ngucapa kang nyata
marang ing pepadhaning sadulur siji lan sijine, awit kita padha-padha
dadi gegelitaning badan siji.” (Efesus 4:12)
Blaka utawi terus terang, miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia ngemu teges jujur; ngaturaken punapa wontenipun. Patrap blaka kanyata dados kautaman tumraping umatipun Gusti. Cundhuk kaliyan pangandika “buwanga watek goroh lan ngucapna kang nyata”. Kados pundi kebabaripun wonten ing gesang kita padintenan? Punapa kita sampun sami blaka?
Sanajan prasaja, boten sedaya tiyang saged blaka. Awit blaka punika boten ngemungaken ngaturaken perangan-peranganing gesang ingkang sae kemawon ananging ugi peranganing gesang ingkang awon. Kamangka perangan ingkang awon punika boten sedaya saged dipun tampeni. Wradin manawi lajeng wonten bebasan “dora sembada” utawi “bohong untuk kebaikan”. Benten kaliyan dhawuhipun Gusti ingkang cetha, “Manawa iya, kandhaa iya, yen ora, kandhaa ora,” (Yakobus 5:12).
Makaten ugi Kitab Dhaniel 2:1-9 punika mratelaken dukaning Prabu Nebukadnezar ingkang kuwur manahipun awit panyumpenanipun. amargi tiyang ingkang sami bedhek panyumpenanipun lan miterang bab maknanipun, mligi ngandharaken perangan ingkang boten sanyatanipun. Makaten pangandikanipun “padha saiyeg bakal munjuk marang ingsun bab-bab kang ora nyata lan dora, nganti kaanan salin.” (Dhaniel 2:5) Pramila makaten Prabu Nebukadnezar pratela: “Ingsun wus damel putusan, yaiku manawa sira ora padha ngunjuki uninga marang ingsun bab supena iku lan maknane, sira mesthi bakal padha katengkel-tengkel sarta omahira bakal padha karubuhake kadadekake tumpukan uwuh.” (Dhaniel 2:9)
Benten mungguhing Daniel ingkang kepareng nampi wahyu saking Gusti Allah bab panyumpenanipun Prabu Nebukadnezar lan anerbuka wewados-wewadosipun. Sedaya dipun bikak klawan blak. Boten wonten ingkang dipun tutup-tutupi. Wusana Prabu Nebukadnezar lajeng tumungkul lan ngaturaken panuwun. Wondene sedaya ingkang dipun ngendikakaken dening Dhaniel saestu wigati lan migunani. Mila, blakaa!|*AJ