+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 6 Januari 2025 Epifani

Yesaya 60:1-6; Jabur 72:1-7,10-14; Efesus 3:1-12; Mateus 2:1-12

MARGI SANESIPUN

Mulane mulihe menyang tanahe padha metu ing dalan liyane”

 (Mateus 2:12c)

Ngupadi Gusti Allah, kados ingkang katindakaken  dening para pandhita saking tlatah wetan nalikanipun badhe sujud manembah dhateng “Ratuning Israel ingkang nembe miyos” saestu pandamel ingkang awrat. Kejawi papanipun ingkang tebih, watawis kalih wulan mlampah, boten wonten sasmita punapa kemawon kejawi namung sumoroting lintang wetan. Wusana saged kadumugen sedyanipun anggenipun pinanggih Gusti Yesus. Sanajan sejatosipun, pambeng ingkang utama boten anggenipun kesah, nanging nalikanipun wangsul. Pramila awit saking  pitedhahipun Gusti, wusana sami pados margi sanesipun.

Perangan punika saged dipun gambaraken kadosdene lelampahaning gesang. Nalikanipun mbudidaya miwiti perangan ingkang anyar, kathah babagan ingkang kedah dipun mangertosi; dipun etrapaken murih pinanggih sedya. Wradinipun nalikanipun sampun kasil, sedaya sami mbudidaya nglestantunaken cara ingkang sampun katindakna. Tan mangertosa, bilih kawontenan saged kemawon beda. Sarwa owah lan gingsir. Pramila kedhah purun ngupadi margi sanesipun.

Margi sanes punika ingkang samangke winastanan perangan ingkang kreatif. Nindakaken samukawisipun miturut tata lan pangertosan ingkang anyar.  Anggen kita ngladosi, anggen kita srawung, anggen kita nyambut damel, kedah dipun ewahi miturut kawontenan lan pangguleting gesang piyambak-piyambak.  Boten saged salah satunggaling cara utawi patrap lajeng badhe mrantasi sedaya perkawis. Kedah dipun upadi mawerni-werni pandamel. Boten saged kangge cara A, nggih ngagem cara B. Boten saged ngangge cara B, nggih ngagem cara C. Punika boten ateges lajeng ngginakaken sedaya cara. Paribasan “ngupadi ingkang haram kemawon angel punapa malih ingkang halal”. Boten! Margi sanes nelakaken patrap anggen kita purun sinau, mratobat lan nindakaken punapa ingkang langkung sae. Laras kaliyan semboyan reformasi, “Ecclesia reformata semper reformada. Gereja yang diperbaharui adalah gereja yang senantiasa memperbaiki diri”. Mara sami ngupadi margi sanes! |*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *