I Para Raja 3:5-14; Jabur 20; Yokanan 8:12-19 NYUWUNA KAWICAKSANAN “Lan menawa lakunira metu ing dalan kang Suntedahake lan lestari manut sakehing katetepan lan prentahingSun, padha kaya ramanira Dawud, IngSun bakal paring tambahing umurira” (I Para raja3: 14) Dinten punika Rebo 31 Desember 2025, mujudaken dinten pungkasan ing taun 2025. Menawi kita raos-raosaken, saestu kathah sanget pengrengkuhipun lan panuntunipun Gusti. Mekatena ugi berkah ingkang kepareng kita tampi. Sinaosa dereng sedaya rancangan kita saged kasembadan. Ing pungkasaning taun punika, kita kaajak sami nyenyuwun dhateng Gusti, supados ingkang dereng ginayuh ing tahun punika saged kasembadan ing taun 2026. Waosan kita wekdal punika nyariosaken lelampahanipun Sang prabu Suleman, ingkang kanthi adreng dedonga dhateng Allah supados kaparingan kawicaksanan salebeting madeg dados pangarsaning nagari, nglajengaken ayahaning ramanipun inggih punika Sang Pabu Dawud. Sang Prabu Suleman nyuwun kawicaksanan saking Gusti supados saged nglelimbang perkawis ingkang sae lan ugi prekawis ingkang awon, murih saged dados pangarsa ingkang dhatengaken katentreman dhateng sedaya umat. Temtu Gusti badhe netepi menapa ingkang dipun suwun malah Gusti Allah paring pangandika sauger sang Prabu Suleman tansah lumampah ing margining kaleresan, manut miturut kersanipun Gusti badhe pinaringan ugi yuswa panjang. Kadhang kala kita aben ajeng kaliyan kawontenan ingkang ngedahaken kangge netepaken pilihan gegayutan kaliyan prekawis prekawis ingkang nembe kita adhepi, tanpa nyuwun kawicaksanan dhateng Gusti awit rumaos saged ngatasi samukawis. Sumangga kita nyuwun dhateng Gusti supoados tata lampah gesang kita ing tahun ingkang badhe kelampahan, tansah ngener dhateng dhawuhipun. Sumangga kita tansah nyadhong kawicaksanan saking Gusti murih kita saged nglampihi gesang ingkang nyondhongi kersanipun Gusti ing saben ari. Wilujeng lumebet ing warsa anyar, Gusti tansah berkahi. |*YS
Slasa, 30 Desember 2025 Minggu I Saksampunipun Natal
Yesaya 62:1-9; Jabur 20; II Korinta 4:16-18 SEMPLAH “Marga saka iku aku ora rumangsa semplah,malah sanadyan ta kamanungsanku kang lair sansaya rusak, nanging kamanungsanku kang batin kaanyarake saben dina” (II Korinta 4: 16) Kita sami temtu nate ngraosaken semplah nalika ngadepi kasunyataning gesang ingkang beda kaliyan pangajeng-ajeng kita. Pantun ingkang sekedap malih panen malah kenging wereng temahan asilipun awon. Bikak warung sepen arang ingkang tumbas pungkasanipun kedah tutup. Lare mboten saged tumut tes awit dereng nglunasi SPP lan sapiturutipun. Satengahing kawontenan ingkang kados mekaten punika punapa ingkang saged kita tindakaken? Waosan kita wekdal punika nyariosaken peseksinipun Rasul Paulus dhateng Pasamuwan ing kitha Korintus. Rasul Paulus nglenggana bilih wekdal samangke yuswanipun sampun sepuh lan satata lair sampun ringkih, “kamanungsanku satata lair sansaya rusak nanging kamanugsanku kang batin sansaya kaanyarake saben dina.” Tegesipun nadyan ta raganipun sampun suda kekiyatanipun, nanging kapitadosanipun tansah kaanyaraken. Rasul Paulus nitik lan tansah nglenggana bilih kebabaring katresnanipun Gusti saben dinten tansah karaosaken ing gesangipun. Kathah berkah ingkang sampun tinampi ing tahun 2025, siaosa ugi kathah pangajeng-ajeng ingkang dereng kasembadan. Lare-lare wonten ingkang dereng mentas pasinaosipun, ugi dereng mapan ing gesangipun. Usaha ingkang dereng saged kasil kados ingkang dados kekudanganipun. Namung kita pitados senadyan yuswa sampun sansaya sepuh lan kekiyatan sansaya suda, Gusti Allah tansah paring kawigatosan dumateng kita ingkang tansah setya tuhu. Langkung saking punika Gusti mesthi nganyaraken kapitadosan kita. Kalih dinten malih kita nilar tahun 2025 lan badhe tumapak ing warsa 2026. Sampun ngantos semplah awit Gusti nuntun ing sauruting lampah. |*YS
Senen, 29 Desember 2025 Minggu I Saksampunipun Natal
Yeremia 31:15-22; Jabur 20; Lukas 19:41-44 MUWUN “…. awit kowe ora nyumurupi wayahe anggone Gusti Allah nuweni kowe” (Lukas 19:44c) Sedaya tiyang temtu sampun nate muwun. Wiwit bayi ingkang nembe lahir ngantos ingkang sampun sepuh. Kathah prekawis ingkang dadosaken kita punika muwun. Saged awit panandhaning raga, kecalan tiyang ingkang kita tresnani, rumaos semplah krana pangajeng-ajeng kita mboten kasembadan lan sapiturutipun. Waosan kita nyariosaken lampahanipun Gusti Yesus ingkang dipun arak lumebet ing Yerusalem. Punika pratandha menawi panandhangipun Gusti Yesus sampun sansaya caket. Gusti mirsani tiyang-tiyang ing Yerusalem punika temahan saged muwun. Lajeng punapa ingkang jalari Gusti Yesus ngantos muwun? Ing ayat 44c dipun serat: “ …awit kowe ora nyumurupi wayahe anggone Gusti Allah nuweni kowe “ Manungsa sami boten mangertos menawi rawuhipun Gusti Yesus dhateng jagad punika kangge mbabar kawilujengan lan tentrem rahayu. Manungsa mboten mangertos menawi Panjenenganipun kepareng nyatakaken katresnanipun. Punapa sebabipun manungsa punika boten mangertos ancasipun Gusti Allah anggenipun rawuh ing jagad punika? Awit manungsa namung mbujeng babagan kadonyan, manungsa namung nguja hawa napsunipun piyambak, raos gumunggung lan kumalungkung, rumoas kiat lan digdaya, kanthi mekaten boten sami nggatosaken katresnanipun Gusti lumantar rawuhipun Sang Pamartaning jagad. Punapa ing jaman samangke ugi taksih wonten tiyang-tiyang ingkang rumaos sampurna lan boten betahaken Gusti Allah ing gesangipun? Utawi tiyang-tiyang punika rumaos saged luwar saking sedaya panandhang awit pambudidayanipun piyambak temahan kesupen dhateng kasaenanipun Gusti Allah? Lampah gesang ingkang mekaten temtunipun boten damel renaning penggalihipun Gusti Allah, malah kepara Gusti muwun mirsani polah tingkah kita. Pramila sumangga tansah pitados dhumateng Gusti sinaosa kita boten saged mangretosi karsanipun Gusti kanthi sampurna. |*YS
Ahad, 28 Desember 2025 Minggu I Saksampunipun Natal
Yesaya 63:7-9; Jabur 148; Ibrani 2;10-18; Mateus 2:13-23 PANUNTUNE GUSTI IKU SAMPURNA ”Yusuf tangi lan ing bengi iku uga Sang Puta dalah kang ibu diajak ngungsi menyang ing tanah mesir” (Matius 2: 14) Ing satunggaling dinten rama Semar paring pitutur dhateng Gareng babagan sikap lan tindak tanduk ingkang prayogi nalika nembe mertamu ing griyanipun tiyang sanes. Kanthi pangajab supados Gareng punika saged katampi sae dening ingkang kagungan dalem. Ananging Gareng boten saged nampi ngendikanipun Bapa Semar kala wau. Lelampahan punika nggambaraken bilih angkah/ancas ingkang sae dereng mesthi tinampi kanthi sae. Rawuhipun Gusti Yesus dhateng jagad punika temtunipun kagungan ancas ingkang sae, supados manungsa wilujeng lan ngalami tentrem rahayu. Ananging boten sedaya manungsa nampi kanthi sae. Waosan kita nedahaken bilih Sang Prabu Herodes boten saged nampi rawuhipun Gusti Yesus, kepara malah lajeng damel reka daya supados bayi suci punika kasirnakaken sarana paring dawuh kangge mejahi bayi ingkang umur 2 tahun mengandap. Pramila lumantar malaikatipun Gusti, Yusuf kadhawuhan kesah dhateng tanah Mesir supados Sang Bayi Yesus boten dipun pejahi dening Sang Prabu Herodes. Yusuf lan Maryam lajeng dhateng tanah Mesir kanthi mbeta Sang Bayi Suci kala wau. Tumraping Yusuf, lelampahan punika minangka wujud panuntunipun Gusti ingkang sakalangkung ageng. Yusuf rumaos bilih Gusti Allah boten badhe nilaraken Yusuf salebeting ngadepi perkawising gesang. Manungsa ing jagad punika ugi boten saged uwal saking panandang. Ing wedal ingkang kados mekaten punika Gusti Allah tansah nganthi lan ngrimati umat ingkang setya tuhu dhateng Panjenenganipun. Sinau saking lelampahanipin Yusuf, kita kabereg tansah mitadosi bilih Gusti Allah tansah nuntun gesang kita sedaya. Sumangga kita tansah pitados dhateng panuntunipun Gusti ingkang sampurna. |*YS
Setu, 27 Desember 2025 Dinten Saksampunipun Natal
Wulang Bebasan 8:22-31; Jabur 148; I Yokanan 5:1-12 ASURANSI “Sapa kang duweni Sang Putra iku duweni urip. Sapa kang ora duweni Putraning Allah iku ora duweni urip” (I Yokanan 5: 12) Samangke regi tiket kangge mlebet ing papan pariwisata sakalangkung awis. Perkawis punika kelampahan awit ragat kangge ngimati lan njagi supados panggenanipun tetep ketingal resik lan endah ugi awis. Sanesipun punika regi tiket ingkang kita bayar sampun kalebet asuransi, ingkang paring santunan mbok bilih wonten wisatawan ingkang nemahi cilaka utawi kedadosan ingkang boten dipun kajengaken, tilar donya wonten ing papan punika. Waosan kita wekdal punika nyariosaken babagan jaminan tumraping sedaya manungsa ingkang pitados dhateng Sang Putra, inggih punika Gusti Yesus Kristus, ingkang sampun manjalma dados manungsa rawuh ing jagad punika kangge nindakaken pakaryaning kawilujengan, badhe pikantuk gesang langgeg. Dados anggenipun manungsa punika kawilujengaken boten awit saking amal saenipun manungsa, ananging awit katresnanipun Gusti Allah. Kosok wangsulipun tumraping manungsa boten boten pitados dhateng Gusti Yesus minangka Kang Putra, inggih boten badhe pikantuk gesang langgeng. Ing jaman sapunika kathah piyantun ingkang namung mburu babagan kadonyan kadosta bandha, kalenggahan lan nguja karemenaning daging. Kamangka samukawis ing donya punika boten langgeng, badhe sirna. Ingkang langgeng punika namung sihipun Allah. Kanthi punika begja sanget menawi kita sedaya sami migatosaken gesang ing tembe wingking, inggih gesang sesarengan kaliyan Gusti Allah ing kamulyanipun. Awit saking punika sumangga kita jagi kapitadosan kita dumateng Sang Kristus, Juru Wilujeng ingkang sejatos, pinangka jaminan tumraping kawilujengan kita. Sumangga gesang saos sukur awit jaminan kawilujengan langgeng sampun cumawis. |*YS
Jemuwah, 26 Desember 2025 Dinten Saksampunipun Natal
Jabur 148; Lelakone Para Rasul 7:59-8:8 NGLUHURAKEN ALLAH “Kabeh iku kareben padha memuji marang asmaning Yehuwah, awit mung asmane kang luhur,kamulyan ngungkuli bumi lan langit” (Jabur 148:13) Kidung pangalembana ingkang sinerat wonten ing KPJ 385, kanthi irah irahan “Srengenge Nyunar Kanthi Mulya”, cakepanipun kados mekaten: Srengenge nyunar kanthi mulya, manuke ngoceh klawan rena angine midid ana ing wit witan, kewane bebungah ana ing pasuketan kabeh padha muji Allah kang mulya, kabeh padha muji Allah kang mulya Kidung kasebat nyariosaken kados pundi jagad lan isinipun punika sami ngaturaken pangalembana dhumateng Gusti ingkang akarya jagad. Waosan kita wekdal punika mratelakaken bab paseksenipun Juru Masmur ingkang nyariyosaken kesaenanipun Gusti Allah dhateng sedaya titahipun. Jumedhuling srengenge ing sisih wetan lan angslupipun ing sisih kilen, lintang rembulan ingkang sumunar ing wanci dalu minangka bukti nyata kawigatosanipun Gusti. Malah sedaya ingkang wonten ing jagad punika pancen kacawisaken dening Allah murih karaharjaning umat. Awit saking punika Juru Mazmur mirunggan ing pasal 148 punika ngajak dhateng sedaya titah sami ngluhuraken Allah ingkang boten nate kendel tansah ngrimati jagad tuwin umat kagunganipun. Kados pundi anggen kita sedaya caos pangalembana dhateng Gusti? Punapa namung lumantar kekidungan lan pepujen kemawon? Temtu boten namung punika, ananging langkung wiyar malih pepujen kita kedah tumus wonten ing patrap utawi tata lampah gesang kita ingkang tansah ngluhuraken Allah. Dados ngluhuraken Allah punika boten winates ing satengahing pangibadah, nalika kita sami ngempal ing kempalan pandonga, bidston utawi panyuraos Kitab Suci. Ngluhuraken Allah punika kawarna ing satata gesang kita, ing pundia papan lan ugi ing sadhengah kawontenan. Sumangga kita dadosaken gesang kita minangka sarana kangge ngluhuraken asmanipun Gusti Allah. |*YS
Kemis, 25 Desember 2025 Dinten Natal
Yesaya 52: 7-10; Jabur 98; Ibrani 1:1-4(5-12); Yokanan 1: 1-14 KADO “Ana dene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan wus padha nyawang kamulyane iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang anting Sang Rama kang kapenuhan ing sih rahmat lan kayekten” (Yokanan 1:14) Saben pengetan hari guru Nasional, ing tanggal 25 November, limrahipun para siswa sami nyawisaken kado kagem gurunipun, awit para murid rumaos bilih guru punika sakalangkung ageng labuh labetipun dhateng para murid. Pramila sampun limrah menawi para murid lajeng ngudi murih saged ngaturi kado ingkang murwat dumateng guru ingkang dipun tresnani punika. Pakaryaning kawilujengan punika sampun dangu karancang dening Gusti Allah wiwit jamanipun para nabi kados ingkang tetela ing Kitab Prajanjian Lami. Kadosdene siswa ingkang nyawisaken kado kagem gurunipun minangka wujuding katresnanipun kala wau. Kawilujengan ingkang kababar dening Gusti Allah punika minangka kado dhateng jagad ingkang sanget dipun tresnani. Kangge mujudaken kado kala wau, Gusti Allah, wonten ing Sang Kristus Yesus kepareng nilar kamulyanipun ing swarga lajeng tumedhak wonten ing jagad kangge mitulungi manungsa ingkang kebak dosa, supados pikantuk kawilujengan temahan tentrem rahayu sageda kababar ing donya punika. Gusti Yesus sampun sumadya nandhang sangsara wonten ing redi Golgota inggih namung nglabuhi manungsa ingkang dipun tresnani. Dipun betahaken pengorbanan kangge mujudaken kado kala wau, malah raga utawi sarira lan rahipun Gusti punika dados kurban. Nyarengi dinten Natal wanci punika kita nampi kado ingkang bingahaken saking Gusti. Sumangga tanda tresnanipun Gusti punika kita tampi kanthi raos sokur lan ngaturna panuwun dhateng Gusti. Nemu bantal ning ngisor wit waru, wilujeng Natal lan Tahun Baru. |*YS
Rebo, 24 Desember 2025 Dalu Natal
Yesaya 9:2-7; Jabur 96; Titus 2;11-14; Lukas 2:1-14,(15-20) TANGGAP “Ing dina iki wus miyos Juru Slametmu, yaiku Sang Kristus kang jumeneng Gusti ana ing kuthane Dawud” (Lukas 2: 11) Pawartos Natal ingkang wiwitan dening para Malaikat dipun wartosaken dhateng para pangen ingkang nembe sami njagi kewan-kewanipun ing ara-ara. Para pangen punika sampi pawartos, “Ing dina iki wus miyos Juru-slametmu, yaiku Sang Kristus ana ing kuthane Dawud.“ Mekaten pawartos saking malaekat, utusanipun Gusti. Pawartos punika damel mongkoging manahipun para pangen sarta nggigah semangatipun, awit rumaos dipun gatosaken dening Allah. Pancen kasinggihan rawuhipun Gusti punika estu damel bingah mungguhing tiyang-tiyang ingkang ringkih lan kasingkiraken. Punapa para pangen namung mirengaken kemawon pawartos wau? Kasunyatan boten, para pangen lajeng tanggap, gumregah, cecawis kangge madosi Sang bayi suci wau. Wekasanipun para pangen saged kepanggih Sang Kristus ingkang sampun miyos ing kandang Betlehem. Manahipun para pangen rumaos marem lan bingah saksampunipiun kepanggih kaliyan rama Yusuf lan ibu Maryam tuwin Bayi punika. Para pangen tumuli wangsul dhateng ara ara kalayan bingah lan memuji Gusti ing sauruting margi. Dinten punika sedaya umat ing saluhaing bumi sami cecawis methukaken rawuhipun Gusti lumantar pangibadah Dalu Natal punapa dene ibadah Natal ing benjang enjang. Ingkang perlu kita catet lan kita lampahi sesarengan bilih kita kedah tanggap kadosdene para pangen kala wau. Tanggap kangge andum kabingahan dhumateng sanak kadang ingkang dereng mireng pawartos Natal, punapa dene dhateng kadang mitra ingkang betahaken kawigatosan, supados kabingahaning Natal saged karaosaken ing gesangipun. |*YS
Slasa, 23 Desember 2025 Minggu Adven IV
II Samuel 7: 18,23-29; Lukas 1:46b-55;Galatia 3: 6-14 PIKANTUK MANDAT “Sebab Panjenengane wis ngudaneni asoring abdine, lah wiwit saiki sakehing turun bakal ngarani aku rahayu” (Lukas 1:48) Mandat utawi dhawuh ingkang dipun tampi dening Maryam punika sanes prekawis ingkang entheng. Perawan ingkang lugu kapiji dening Gusti kangge mbabar putra kakung ingkang ing tembenipun madeg minangka Juru wiljenging jagad. Maryam sampun gadhah gambaran, kados pundi anggenipun badhe dados kembang lambe utawi pokok pirembagan ing satengahing masyarakat awit Maryam nembe pepacangan kaliyan Yusuf. Kawicaksananipun Gusti pancen tebih saking menapa ingkang dipun penggalihaken dening manungsa. Manungsa asring namung ningali tata lair utawi wujud ingkang ketingal kemawon, nanging Gusti Allah mirsani ingkang boten ketingal. Panjenganipun sampun milih Maryam dados lantaraning berkah tumrap tiyang kathah. Kanthi legawa Maryam nampi mandat saking Gusti sinaosa awrat lan kathah resiko (perkawis ingkang tuwuh awit pilihanipun punika) ingkang kedah karaosaken. Malah ing sasisihipun punika Maryam rumaos bingah awit Gusti kersa ngagem piyambakipun. Ing saklebeting mapagaken riyaya Natal, kathah warganing pasamuwan ingkang ugi pikantuk mandat/dhawuh/ayahan saking Gusti lumantar pradataning pasamuwan. Contonipun kadhapuk minangka Panitia Natal kangge nyawisaken pangibadah lan pahargyan Natal. Sumangga katindakna kanthi legawa tuwin raos bingah awit Gusti kersa ngagem kita dados lantaraning berkah tumraping tiyang kathah. Nadyan mandat punika ketingal awrat, awit asring wonten panacat saking saderek-saderek ingkang kita ladosi. Sinaosa kita punika manungsa limrah ingkang kebak kekirangan ananging Gusti sampun miji kita, Panjenenganipun ugi ingkang badhe nyampurnaaken pakryan kita temahan punapa ingkang kita tindakaken punika saged dados berkah lan mumpangati tumraping sedaya tiyang ingkang kita ladosi. Sumangga kita nuladha Maryam ingkang sumadya netepi mandhat saking Gusti. |*YS
Senen, 22 Desember 2025 Minggu Adven IV
Yesaya 33:17-22;lukas 1:46b-55;Wahyu 22:6-7,18-20 MAGNIFICAT “Nyawaku ngluhurake Allah” (Lukas 1:46b) Limrahipun warga masyarakat ingkang gesang wonten ing gisiking seganten nggantungaken gesangipun dhateng seganten punika, upaminipun pinangka tukang miyasa mina. Saben dinten tansah aben ajeng kaliyan ombak ingkang ageng kangge pados ulam. Sinaosa aggenipun sami makarya dereng temtu pikantuk kasil ingkang murwat, ananging perkawis punika boten nyurutaken tekad lan semangatipun kangge makarya. Sedaya sami nglenggana menawi kathah sekedhikipun asiling makarya kedah dipun syukuri. Kacariyosaken, saksampunipun Maryam kepanggih kaliyan Elisabet, lajeng piyambakipun rumaos ayem lan tentrem dene ing tembe badhe kaagem dening Gusti Allah dados pirantos kawilujengan tumraping jagad. Maryam nglenggana bilih piyambakipun punika namung pawestri saking dusun Nazaret, ingkang kapiji dening Gusti. Awit saking punika lajeng matur “ nyawaku ngluhurake Allah “ ( ayat 46b). Kekidunganipun Maryam punika lajeng dipun wastani magnificat (nyanyian pujian Maryam). Maryam nitik lan tansah ngraosaken kawigatosan tuwin katresnanipun Gusti tumrap piyambakipun lan tumrap ing jagad. Wonten ing sauruting gesang kita, temtu kita ugi pitados bilih gesnag kita tansah dipun gatosaken dening Gusti Allah; dadosa lelampahan kita, ayahan kita, pakaryan kita lan sakpiturutipun. Ananging punapa kita ugi sampun nggadahi tata gesang kados dene Maryam ingkang matur, “nyawaku ngluhurake Allah.“ Prekawis punika punapa sampun manjing ing manah kita? Punapa namung kadhang kala? Punapa namung nalika nampi berkah ingkang ageng? Mapagaken dinten Natal punika sumangga kita tansah nuladha gesang lan sikepipun ibu Maryam ingkang tansah sumadya dipun agem dados pirantosipun Gusti, saha tansah ngluhuraken asmanipun Gusti. |*YS
