Yesaya 63:7-9; Jabur 148; Ibrani 2;10-18; Mateus 2:13-23
PANUNTUNE GUSTI IKU SAMPURNA
”Yusuf tangi lan ing bengi iku uga Sang Puta dalah kang ibu
diajak ngungsi menyang ing tanah mesir”
(Matius 2: 14)
Ing satunggaling dinten rama Semar paring pitutur dhateng Gareng babagan sikap lan tindak tanduk ingkang prayogi nalika nembe mertamu ing griyanipun tiyang sanes. Kanthi pangajab supados Gareng punika saged katampi sae dening ingkang kagungan dalem. Ananging Gareng boten saged nampi ngendikanipun Bapa Semar kala wau. Lelampahan punika nggambaraken bilih angkah/ancas ingkang sae dereng mesthi tinampi kanthi sae.
Rawuhipun Gusti Yesus dhateng jagad punika temtunipun kagungan ancas ingkang sae, supados manungsa wilujeng lan ngalami tentrem rahayu. Ananging boten sedaya manungsa nampi kanthi sae. Waosan kita nedahaken bilih Sang Prabu Herodes boten saged nampi rawuhipun Gusti Yesus, kepara malah lajeng damel reka daya supados bayi suci punika kasirnakaken sarana paring dawuh kangge mejahi bayi ingkang umur 2 tahun mengandap. Pramila lumantar malaikatipun Gusti, Yusuf kadhawuhan kesah dhateng tanah Mesir supados Sang Bayi Yesus boten dipun pejahi dening Sang Prabu Herodes.
Yusuf lan Maryam lajeng dhateng tanah Mesir kanthi mbeta Sang Bayi Suci kala wau. Tumraping Yusuf, lelampahan punika minangka wujud panuntunipun Gusti ingkang sakalangkung ageng. Yusuf rumaos bilih Gusti Allah boten badhe nilaraken Yusuf salebeting ngadepi perkawising gesang.
Manungsa ing jagad punika ugi boten saged uwal saking panandang. Ing wedal ingkang kados mekaten punika Gusti Allah tansah nganthi lan ngrimati umat ingkang setya tuhu dhateng Panjenenganipun. Sinau saking lelampahanipin Yusuf, kita kabereg tansah mitadosi bilih Gusti Allah tansah nuntun gesang kita sedaya. Sumangga kita tansah pitados dhateng panuntunipun Gusti ingkang sampurna. |*YS
