+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 22 Desember 2025 Minggu Adven IV

Yesaya 33:17-22;lukas 1:46b-55;Wahyu 22:6-7,18-20

MAGNIFICAT

“Nyawaku ngluhurake Allah”

(Lukas 1:46b)

Limrahipun warga masyarakat ingkang gesang wonten ing gisiking seganten nggantungaken gesangipun dhateng seganten punika, upaminipun pinangka tukang miyasa mina. Saben dinten tansah aben ajeng kaliyan ombak ingkang ageng kangge pados ulam. Sinaosa aggenipun sami makarya dereng temtu pikantuk kasil ingkang murwat, ananging perkawis punika boten nyurutaken tekad lan semangatipun kangge makarya. Sedaya sami nglenggana menawi kathah sekedhikipun asiling makarya kedah dipun syukuri.

Kacariyosaken, saksampunipun Maryam kepanggih kaliyan Elisabet, lajeng piyambakipun rumaos ayem lan tentrem dene ing tembe badhe kaagem dening Gusti Allah dados pirantos kawilujengan tumraping jagad. Maryam nglenggana bilih piyambakipun punika namung pawestri saking dusun Nazaret, ingkang kapiji dening Gusti. Awit saking punika lajeng matur “ nyawaku ngluhurake Allah “ ( ayat 46b). Kekidunganipun Maryam punika lajeng dipun wastani magnificat (nyanyian pujian Maryam). Maryam nitik lan tansah ngraosaken kawigatosan tuwin katresnanipun Gusti tumrap piyambakipun lan tumrap ing jagad.

Wonten ing sauruting gesang kita, temtu kita ugi pitados bilih gesnag kita tansah dipun gatosaken dening Gusti Allah; dadosa lelampahan kita, ayahan kita, pakaryan kita lan sakpiturutipun. Ananging punapa kita ugi sampun nggadahi tata gesang kados dene Maryam ingkang matur, “nyawaku ngluhurake Allah.“ Prekawis punika punapa sampun manjing ing manah kita? Punapa namung kadhang kala? Punapa namung nalika nampi berkah ingkang ageng? Mapagaken dinten Natal punika sumangga kita tansah nuladha gesang lan sikepipun ibu Maryam ingkang tansah sumadya dipun agem dados pirantosipun Gusti, saha tansah ngluhuraken asmanipun Gusti. |*YS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *