+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 23 Desember 2025 Minggu Adven IV

II Samuel 7: 18,23-29; Lukas 1:46b-55;Galatia 3: 6-14

PIKANTUK MANDAT

“Sebab Panjenengane wis ngudaneni asoring abdine,

lah wiwit saiki sakehing turun bakal ngarani aku rahayu”

(Lukas 1:48)

Mandat utawi dhawuh ingkang dipun tampi dening Maryam punika sanes prekawis ingkang entheng. Perawan ingkang lugu kapiji dening Gusti kangge mbabar putra kakung ingkang ing tembenipun madeg minangka Juru wiljenging jagad. Maryam sampun gadhah gambaran, kados pundi anggenipun badhe dados kembang lambe utawi pokok pirembagan ing satengahing masyarakat  awit Maryam nembe pepacangan kaliyan Yusuf.

Kawicaksananipun Gusti pancen tebih saking menapa ingkang dipun penggalihaken  dening manungsa. Manungsa asring namung ningali tata lair utawi wujud ingkang ketingal kemawon, nanging Gusti Allah mirsani ingkang boten ketingal.  Panjenganipun sampun milih Maryam dados lantaraning berkah tumrap tiyang kathah. Kanthi legawa Maryam nampi mandat saking Gusti sinaosa awrat lan kathah resiko (perkawis ingkang tuwuh awit pilihanipun punika) ingkang kedah karaosaken. Malah ing sasisihipun punika Maryam rumaos bingah awit Gusti kersa ngagem piyambakipun.

Ing saklebeting mapagaken riyaya Natal, kathah warganing pasamuwan ingkang ugi pikantuk mandat/dhawuh/ayahan saking Gusti lumantar pradataning pasamuwan. Contonipun kadhapuk minangka Panitia Natal kangge nyawisaken pangibadah lan pahargyan Natal. Sumangga katindakna kanthi legawa tuwin raos bingah awit Gusti kersa ngagem kita dados lantaraning berkah tumraping tiyang kathah. Nadyan mandat punika ketingal awrat, awit asring wonten panacat saking saderek-saderek ingkang kita ladosi. Sinaosa kita punika manungsa limrah ingkang kebak kekirangan ananging Gusti sampun miji kita, Panjenenganipun ugi ingkang badhe nyampurnaaken pakryan kita temahan punapa ingkang kita tindakaken punika saged dados berkah lan mumpangati tumraping sedaya tiyang ingkang kita ladosi. Sumangga kita nuladha Maryam ingkang sumadya netepi mandhat saking Gusti. |*YS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *