+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 24 Desember 2025 Dalu Natal

Yesaya 9:2-7; Jabur 96; Titus 2;11-14; Lukas 2:1-14,(15-20)

TANGGAP

Ing dina iki wus miyos Juru Slametmu, yaiku Sang Kristus

kang jumeneng Gusti ana  ing kuthane Dawud

(Lukas 2: 11)

Pawartos Natal ingkang wiwitan dening para Malaikat dipun wartosaken dhateng para pangen ingkang nembe sami njagi kewan-kewanipun ing ara-ara. Para pangen punika sampi pawartos, “Ing dina iki wus miyos Juru-slametmu, yaiku Sang Kristus ana ing kuthane Dawud.“ Mekaten pawartos saking malaekat, utusanipun Gusti. Pawartos punika damel mongkoging manahipun para pangen sarta nggigah semangatipun, awit rumaos dipun gatosaken dening Allah. Pancen kasinggihan rawuhipun Gusti punika estu damel bingah mungguhing tiyang-tiyang ingkang ringkih lan kasingkiraken.

Punapa para pangen namung mirengaken kemawon pawartos  wau? Kasunyatan boten, para pangen lajeng tanggap, gumregah,  cecawis kangge madosi Sang bayi suci  wau. Wekasanipun para pangen saged kepanggih Sang Kristus ingkang sampun miyos ing kandang Betlehem. Manahipun para pangen rumaos marem lan bingah saksampunipiun kepanggih kaliyan rama Yusuf lan ibu Maryam tuwin Bayi punika. Para pangen tumuli wangsul dhateng ara ara kalayan bingah lan memuji Gusti ing sauruting margi.

Dinten punika sedaya umat ing saluhaing bumi sami cecawis methukaken rawuhipun Gusti lumantar pangibadah Dalu Natal punapa dene ibadah Natal ing benjang enjang. Ingkang perlu kita catet lan kita lampahi sesarengan bilih kita kedah tanggap kadosdene para pangen kala wau. Tanggap kangge andum kabingahan dhumateng sanak kadang ingkang dereng mireng pawartos Natal, punapa dene dhateng kadang mitra ingkang betahaken kawigatosan, supados kabingahaning Natal saged karaosaken ing gesangipun. |*YS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *