Yesaya 52: 7-10; Jabur 98; Ibrani 1:1-4(5-12); Yokanan 1: 1-14
KADO
“Ana dene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita,
lan wus padha nyawang kamulyane iya iku kamulyan kang kaparingake
marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang anting Sang Rama
kang kapenuhan ing sih rahmat lan kayekten”
(Yokanan 1:14)
Saben pengetan hari guru Nasional, ing tanggal 25 November, limrahipun para siswa sami nyawisaken kado kagem gurunipun, awit para murid rumaos bilih guru punika sakalangkung ageng labuh labetipun dhateng para murid. Pramila sampun limrah menawi para murid lajeng ngudi murih saged ngaturi kado ingkang murwat dumateng guru ingkang dipun tresnani punika.
Pakaryaning kawilujengan punika sampun dangu karancang dening Gusti Allah wiwit jamanipun para nabi kados ingkang tetela ing Kitab Prajanjian Lami. Kadosdene siswa ingkang nyawisaken kado kagem gurunipun minangka wujuding katresnanipun kala wau. Kawilujengan ingkang kababar dening Gusti Allah punika minangka kado dhateng jagad ingkang sanget dipun tresnani. Kangge mujudaken kado kala wau, Gusti Allah, wonten ing Sang Kristus Yesus kepareng nilar kamulyanipun ing swarga lajeng tumedhak wonten ing jagad kangge mitulungi manungsa ingkang kebak dosa, supados pikantuk kawilujengan temahan tentrem rahayu sageda kababar ing donya punika.
Gusti Yesus sampun sumadya nandhang sangsara wonten ing redi Golgota inggih namung nglabuhi manungsa ingkang dipun tresnani. Dipun betahaken pengorbanan kangge mujudaken kado kala wau, malah raga utawi sarira lan rahipun Gusti punika dados kurban. Nyarengi dinten Natal wanci punika kita nampi kado ingkang bingahaken saking Gusti. Sumangga tanda tresnanipun Gusti punika kita tampi kanthi raos sokur lan ngaturna panuwun dhateng Gusti. Nemu bantal ning ngisor wit waru, wilujeng Natal lan Tahun Baru. |*YS
