Jabur 148; Lelakone Para Rasul 7:59-8:8
NGLUHURAKEN ALLAH
“Kabeh iku kareben padha memuji marang asmaning Yehuwah,
awit mung asmane kang luhur,kamulyan ngungkuli bumi lan langit”
(Jabur 148:13)
Kidung pangalembana ingkang sinerat wonten ing KPJ 385, kanthi irah irahan “Srengenge Nyunar Kanthi Mulya”, cakepanipun kados mekaten:
Srengenge nyunar kanthi mulya, manuke ngoceh klawan rena
angine midid ana ing wit witan, kewane bebungah ana ing pasuketan
kabeh padha muji Allah kang mulya, kabeh padha muji Allah kang mulya
Kidung kasebat nyariosaken kados pundi jagad lan isinipun punika sami ngaturaken pangalembana dhumateng Gusti ingkang akarya jagad.
Waosan kita wekdal punika mratelakaken bab paseksenipun Juru Masmur ingkang nyariyosaken kesaenanipun Gusti Allah dhateng sedaya titahipun. Jumedhuling srengenge ing sisih wetan lan angslupipun ing sisih kilen, lintang rembulan ingkang sumunar ing wanci dalu minangka bukti nyata kawigatosanipun Gusti. Malah sedaya ingkang wonten ing jagad punika pancen kacawisaken dening Allah murih karaharjaning umat. Awit saking punika Juru Mazmur mirunggan ing pasal 148 punika ngajak dhateng sedaya titah sami ngluhuraken Allah ingkang boten nate kendel tansah ngrimati jagad tuwin umat kagunganipun.
Kados pundi anggen kita sedaya caos pangalembana dhateng Gusti? Punapa namung lumantar kekidungan lan pepujen kemawon? Temtu boten namung punika, ananging langkung wiyar malih pepujen kita kedah tumus wonten ing patrap utawi tata lampah gesang kita ingkang tansah ngluhuraken Allah. Dados ngluhuraken Allah punika boten winates ing satengahing pangibadah, nalika kita sami ngempal ing kempalan pandonga, bidston utawi panyuraos Kitab Suci. Ngluhuraken Allah punika kawarna ing satata gesang kita, ing pundia papan lan ugi ing sadhengah kawontenan. Sumangga kita dadosaken gesang kita minangka sarana kangge ngluhuraken asmanipun Gusti Allah. |*YS
