Yesaya 7:10-16; Jabur 80:1-7,17-19; Rum 1:1-7; Mateus 1:18-25
PRIYA WICAKSANA
“Yusuf satangine turu,banjur ngestokake kaya kang didhawuhake
dening Malaikating Pangeran, Maryam dipek bojo,”
(Matius 1:24)
Nalikanipun kita nembe ngadhepi perkawis ingkang awrat gesang karaos semplah, nglokro lan kecalan pangajeng-ajeng. Kadosdene Yusuf ingkang nembe pepacangan kaliyan Maryam, lajeng mireng menawi calon semahipun sampun nggarbini. Saged dipun bayangaken kados punapa swantenipun masyarakat ing dusun Nazaret lan sakiwa tengenipun menawi ngantos mireng perkawis punika ? Saiba wirangipun Yususf. Pramila Yusuf lajeng nggadahi krenteg kangge medhot sesambetanipun kaliyan Maryam.
Salebeting ngraos-ngraosaken perkawis punika, malaekat utusanipun Gusti rawuh ing pangimpenipun Yusuf lan ngendika,“aja sumelang anggonmu ngepek Maryam dadi bojomu awit putra kang kabobotake iku saka Roh Suci.“ Pangandikan punika saetu damel ayem manahipun Yusuf. Temahan tanpa mangu-mangu malih lajeng mundhut garwa Maryam. Yusuf sampun tumindak wicaksana srana purun ngawonaken egonipun lajeng migatosaken dawuhipun Gusti Allah lumantar malaekat ing pangimpenipun. Samangke Yusuf badhe kaagem dening Allah kinarya sarana kangge mbabar kawilujengan tumraping sedaya jalma ing saindenging bawana.
Gusti kepareng ngagem sinten kemawon dados pirantosipun, boten mawang yuswa, kalenggahan punapa dene kathahing banda ingkang dipun darbeki. Kita sedaya ugi saged kaagem dados pirantosipun Gusti. Gangsal dinten malih kita badhe mahargya rawuhipun Gusti ing dinten Natal. Sumangga kita nuladha tumindakipun Yusuf minangka priya ingkang wicaksana ingkang sumadya nderek dateng kersanipun Gusti Allah. Kita sedaya pitados bilih Gusti piyambak ingkang paring kesagedan dhateng kita mbabar kabar kabingahan dhateng jagad punika. |*YS
