II Samuel 7:23-29; Jabur 80:1-7,17-19; Yokanan 3:31-36
MITUHU
”Sing sapa pracaya marang Sang Putra,iya nduweni urip langgeng,
nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebenduning Allah.”
(Yokanan 3:36)
Kita asring mrangguli kathahipun tiyang ingkang nemahi cilaka awit boten purun taat utawi boten mituhu dhateng tatanan ingkang wonten. Tuladhanipun tiyang nemahi kacilakan ing margi awit boten purun mandeg nalikanipun lampu lalu lintas werni abrit. Mekaten ugi tiyang saged nampi paukuman awit boten mituhu dhumateng tatanan. Tuladhanipun dipun tilang awit boten ngangge helm nalikanipun nitih motor. Kosok wangsulipun menawi tiyang purun manut/mituhu dumateng aturan badhe rumaos ayem lan aman awit gesangipun mboten nerak tatanan.
Waosan kita wekdal punika mujudaken paseksenipun Nabi Yokanan bab pakaryanipun nalika mbaptis tiyang-tyang ing tlatah Yudea. Dhateng tiyang-tiyang ingkang sampun kabaptis lan tansah mituhu dhateng Gusti Yesus ing samangke badhe nggadhahi gesang langgeng. Kosok wangsulipun dhateng tiyang ingkang boten mituhu malah badhe nampi bebendunipun Gusti Allah.
Ngrembag babagan mituhu, punika wonten sambung rapetipun kaliyan lampah gesang ingkang utami. Kenging punapa saged mekaten? Awit mituhu punika boten namung mirengaken bab dhawuh lan kersanipun Gusti, ananging ugi nglampahi kanthi tumemen. Sinaosa boten gampil kangge nindakaken kersanipun Gusti kanthi tumemen, awit asring kedah aben ajeng kaliyan tiyang sakiwa tengen kita ingkang pancen kanthi sengaja ngajak tumindak ingkang cengkah kaliyan dhawuhipun Gusti. Sumangga kita ngudi gesang ingkang tansah mituhu dumateng dawuhipun, supados gesang langgeng ingkang sampun kacawisaken dening Guati saged karaosaken. |*YS
