+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 19 Desember 2025 Minggu Adven III

II Samuel 7:18-22; Jabur 80:1-7,17-19; Galati 4:1-7

AHLI WARIS

“Dadine kowe kabeh, iku wus dudu batur tukon maneh, nanging putra;

lan yen kowe kabeh iku putra, kowe iku iya padha dadi ahli waris

marga saka Gusti Allah”

(Galati 4:7)

Kadunungan bandha ingkang linangkung punika pancen ngremenaken awit para putra lan wayah badhe nampi warisan ingkang kathah ugi.  Ananging kathah ugi brayat ingkang crah awit saking wontenipun warisan. Cekakipun warisan ingkang arupi bandha punika saged dhatengaken kabingahan lan katentreman, ananging ing sisih sanes saged dhatengaken karisakan.

Waosan kita wanci punika mujudaken piwucalipun Rasul Paulus dhateng pasamuwan ing Galati. Ingkang ngengetaken dhumateng pasamuwan babagan adeging pasamuwan minangka ahli waris kratoning swarga. Pasamuwan sampun sinebat putra, sanes abdi. Minangka para putranipun Allah pra pitados punika badhe pikantuk warisan kawilujengan saking Gusti ingkang sipatipun langgeng. Dhateng tiyang-tiyang ingkang sami pitados dhateng pakaryanipun Allah lumantar Gusti Yesus Kristus, punika sampun cinadhangan warisan ingkang langgeng.

Punapa ingkang kedah katindakaken dening para putranipun Allah ingkang sampun kacawisaken warisan kawilujengan ingkang awujud gesang langgeng? Kedahipun kita boten dados abdinipun jagad lan abdinipun dosa, tegesipun boten nglampahi dosa malih. Ananging dados para putraning kraton swarga ingkang tansah nyunaraken kamulyanipun Sang Kristus.

Tansaha ngaturaken panuwun dhateng Gusti Allah ing sadhengah kawontenan papan lan wekdal awit kanugrahan ingkang sampun kaparingaken dhateng kita sedaya. Wujud atur panuwun sokur punika saged kawarna nalika gesang kita sami atut runtut kebak ing karukunan ing antawisipun para putra-putra kekasihipun Gusti. Gesang nyawji kanthi guyup rukun sinartan babaraken sih katresnanipun Gusti temahan tentrem rahayu ingkang pinanggih. |*YS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *