II Samuel 7: 1-17; Jabur 80:1-7,17-19; Galati 3: 23-29
NGRASUK SANG KRISTUS
”Awit kowe kabeh, kang padha kabaptis ana ing Sang Kristus
wus padha ngrasuk marang Sang Kristus.”
(Galati 3:27)
Ing jaman samangke kita saged mrangguli maneka warni gagraging rasukan ingkang ketingal endah. Ing sasisih kangge nutupi badan saking panasing surya, gagraging rasukan ugi saged kangge ngetingalaken ayahan utawi pakaryan lan asal usulipun tiyang ingkang ngangge rasukan punika.
Waosan kita wekdal punika mujudaken piwucalipun Rasul Paulus dhateng pasamuwan ing Galati, ingkang ngemutaken supados pasamuwan ing Galati punika tansah kemutan dhateng baptisanipun. Awit tiyang ingkang sampun kabaptis ateges sampun manjing dhateng Sang Kristus. Gesangipun tansah ngrasuk gesangipun Sang Kristus. Tegesipun ing sadhengah tata lampahing gesangipun tansah ngetingalaken tata gesang ingkang kados dene Gusti Yesus. Kawigatosan, katresnan, kesabaran lan ugi kawicaksananipun Gusti Yesus punika kedah kawarna ing gesangipun para pendherekipun. Kados dene rasukan ingkang saged ngetingalakaen ayahan punapa dene asal usulipun tiyang ingkang ngangge rasuka punika, mekaten ugi kedahipun tiyang pitados ingkang gesangipun sampun ngrasuk Sang Kristus.
Kados pundi menggahing kita sedaya pinangka para umat kagunganipun ingkang sampun kabaptis? Punapa kita sampun saestu ngrasuk gesang kados dene Sang Kristus? Punapa piwucal lan dhawuhipun ugi sampun kita lampahi, satemah gesang kita ugi sampun dados paseksi menawi kita punika para putra kagunganipun Gusti? Punapa malah kosok wangsulipun? gesang kita dados sandhunganipun sanak kadang kiwa tengen kita? sumangga kira raosaken kanthi wening. |*YS
