+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 17 Desember 2025 Minggu Adven III

Zhakaria 8:1-17; Jabur 42; Mateus 8:14-17, 28-34

GUMREGAH

“Tumuli didemek tangane, temahan waras banjur ngladeni tamune”

(Matius 8:15)

Limrahipun tiyang ingkang nembe nandhang gerah punika kepengin enggal mantun saking sakitipun. Pramila, maneka warni pambudidaya dipun lampahi murih saged enggal pulih kesehatanipun. Wonten ingkang lajeng tindak dhateng dokter, pijet, kerikan lan sapiturutipun. Sasampunipun dhangan lan pulih kawontenanipun lajeng gumregah ngrampungaken punapa ingkang dados ayahan utawi tanggeljawabipun minangka wujuding raos sokur awit sampun sehat malih.

Waosan kita wekdal punika nyariosaken lelampahanipun Gusti Yesus nalika rawuh ing griyanipun Petrus. Sareng Gusti Yesus pirsa menawi ibu marasepuhipun Petrus punika gerah panastis (ayat 14), Panjenenganipun lajeng nyepeng astanipun ibu marasepuhipun Petrus lan sanalika ugi ibu punika saras. Sasampunipun saras, ibu marasepuhipun Petrus lajeng gumgregah ngladosi Gusti Yesus lan ugi para tamu ingkang rawuh wekdal semanten. Mekaten tumindakipun Ibu marasepuhipun Petrus. Tuwuhing rasa lan karsa punika ingkang njalari keng ibu kala wau lajeng gumregah. Patrap ngladosi Gusti Yesus lan para tamu punika  dados wujud utawi pratandha bilih piyambakipun sampun pikantuk kesarasan.

Saking lelampahan kala wau  saged sinau menawi panguwaosipun Gusti Yesus punika saged karaosaken boten namung ing satata lair, ingkang kasat mripat, nanging ugi  kuwaos kangge ngowahi rasa lan karsa. Rasa lan karsa punika ingkang boten saged dipun tingali.

Saben tiyang ingkang pitados temtu sampun nate pikantuk berkah, sae punika berkah kajasmanen punapa dene berkah karohanen. Ananging menapa sedaya tiyang pitados ugi sampun gumgregah kadosdene ibu marasepuhipun Petrus? Punapa taksih nengga wekdal ingkang prayogi? Mumpung  taksih kaparingan wekdal dening Gusti, sumangga sami sengkut makarya leladi kagem Gusti lan sesami. |*YS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *