Yehezkiel 47:1-12; Jabur 42; Yudas 1: 17-25
NJAGI GESANG
“Nanging kowe para kekasih,padha mbanguna awakmu dhewe,
kadhasarana pracayamu kang suci, pununjul, sarta dedonga
ana ing patunggilane Sang Roh Suci”
(Yudas 1:20)
Limrahipun tiyang ingkang badhe damel griya kawiwitan saking damel pondasi utawi tetales ingkang kiyat. Anggenipun damel ponadsi, temtunipun dipun etang kanthi premati murih saged kiyat. Awit pengkuh mbotenipun griya punika gumantung dumateng pondasi utawi tetalesing griya punika. Saksampunipun pondasinipun dados, nembe kalajengaken kanthi bangun tembok-tembokipun. Sareng griya punika rampung inggih taksih kedah dipun lenggahi lan ugi karimat supados ketingal asri lan damel betah.
Waosan kita wekdal punika ngrembag babagan dasar utawi tetalesing iman pitadosipun tiyang kristen. Rasul Yudas paring pemut bilih kaleresan ingkang sejatos punika namung saking Gusti Yesus ingkang sampun ngluwari manungsa saking dosa lan mulihaken sesambetanipun kaliyan Gusti Allah ingkang sewau risak amargi dosa. Punika kedahipun dados dasar ingkang kiyat mungguhing para pitados salebeting nglampahi gesang ing donya punika.
Dados umat kagunganipun Gusti ateges sampun mitadosi pakaryaning kawilujengan ingkang kelampahan wonten ing Sang Kristus punapa dene panganthi lan pangrimating Gusti Yesus ing gesang kita sedaya. Kadosdene griya ingkang sasampunipun kabangun kedah kajagi lan karimat. Mekaten ugi gesang kita minangka tiyang pitados ugi kedah dipun jagi kanthi lampah gesang ingkang laras kaliyan kersanipun Gusti saha karimat srana pandonga, temahan gesang kita saged damel renaning penggalihipun Gusti Allah punapa dene ketingal nengsemaken tumraping sesami. |*YS
