Yesaya 7:10-16; Jabur 80:1-7,17-19; Rum 1:1-7; Mateus 1:18-25 PRIYA WICAKSANA “Yusuf satangine turu,banjur ngestokake kaya kang didhawuhake dening Malaikating Pangeran, Maryam dipek bojo,” (Matius 1:24) Nalikanipun kita nembe ngadhepi perkawis ingkang awrat gesang karaos semplah, nglokro lan kecalan pangajeng-ajeng. Kadosdene Yusuf ingkang nembe pepacangan kaliyan Maryam, lajeng mireng menawi calon semahipun sampun nggarbini. Saged dipun bayangaken kados punapa swantenipun masyarakat ing dusun Nazaret lan sakiwa tengenipun menawi ngantos mireng perkawis punika ? Saiba wirangipun Yususf. Pramila Yusuf lajeng nggadahi krenteg kangge medhot sesambetanipun kaliyan Maryam. Salebeting ngraos-ngraosaken perkawis punika, malaekat utusanipun Gusti rawuh ing pangimpenipun Yusuf lan ngendika,“aja sumelang anggonmu ngepek Maryam dadi bojomu awit putra kang kabobotake iku saka Roh Suci.“ Pangandikan punika saetu damel ayem manahipun Yusuf. Temahan tanpa mangu-mangu malih lajeng mundhut garwa Maryam. Yusuf sampun tumindak wicaksana srana purun ngawonaken egonipun lajeng migatosaken dawuhipun Gusti Allah lumantar malaekat ing pangimpenipun. Samangke Yusuf badhe kaagem dening Allah kinarya sarana kangge mbabar kawilujengan tumraping sedaya jalma ing saindenging bawana. Gusti kepareng ngagem sinten kemawon dados pirantosipun, boten mawang yuswa, kalenggahan punapa dene kathahing banda ingkang dipun darbeki. Kita sedaya ugi saged kaagem dados pirantosipun Gusti. Gangsal dinten malih kita badhe mahargya rawuhipun Gusti ing dinten Natal. Sumangga kita nuladha tumindakipun Yusuf minangka priya ingkang wicaksana ingkang sumadya nderek dateng kersanipun Gusti Allah. Kita sedaya pitados bilih Gusti piyambak ingkang paring kesagedan dhateng kita mbabar kabar kabingahan dhateng jagad punika. |*YS
Setu, 20 Desember 2025 Minggu Adven III
II Samuel 7:23-29; Jabur 80:1-7,17-19; Yokanan 3:31-36 MITUHU ”Sing sapa pracaya marang Sang Putra,iya nduweni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebenduning Allah.” (Yokanan 3:36) Kita asring mrangguli kathahipun tiyang ingkang nemahi cilaka awit boten purun taat utawi boten mituhu dhateng tatanan ingkang wonten. Tuladhanipun tiyang nemahi kacilakan ing margi awit boten purun mandeg nalikanipun lampu lalu lintas werni abrit. Mekaten ugi tiyang saged nampi paukuman awit boten mituhu dhumateng tatanan. Tuladhanipun dipun tilang awit boten ngangge helm nalikanipun nitih motor. Kosok wangsulipun menawi tiyang purun manut/mituhu dumateng aturan badhe rumaos ayem lan aman awit gesangipun mboten nerak tatanan. Waosan kita wekdal punika mujudaken paseksenipun Nabi Yokanan bab pakaryanipun nalika mbaptis tiyang-tyang ing tlatah Yudea. Dhateng tiyang-tiyang ingkang sampun kabaptis lan tansah mituhu dhateng Gusti Yesus ing samangke badhe nggadhahi gesang langgeng. Kosok wangsulipun dhateng tiyang ingkang boten mituhu malah badhe nampi bebendunipun Gusti Allah. Ngrembag babagan mituhu, punika wonten sambung rapetipun kaliyan lampah gesang ingkang utami. Kenging punapa saged mekaten? Awit mituhu punika boten namung mirengaken bab dhawuh lan kersanipun Gusti, ananging ugi nglampahi kanthi tumemen. Sinaosa boten gampil kangge nindakaken kersanipun Gusti kanthi tumemen, awit asring kedah aben ajeng kaliyan tiyang sakiwa tengen kita ingkang pancen kanthi sengaja ngajak tumindak ingkang cengkah kaliyan dhawuhipun Gusti. Sumangga kita ngudi gesang ingkang tansah mituhu dumateng dawuhipun, supados gesang langgeng ingkang sampun kacawisaken dening Guati saged karaosaken. |*YS
Jemuwah, 19 Desember 2025 Minggu Adven III
II Samuel 7:18-22; Jabur 80:1-7,17-19; Galati 4:1-7 AHLI WARIS “Dadine kowe kabeh, iku wus dudu batur tukon maneh, nanging putra; lan yen kowe kabeh iku putra, kowe iku iya padha dadi ahli waris marga saka Gusti Allah” (Galati 4:7) Kadunungan bandha ingkang linangkung punika pancen ngremenaken awit para putra lan wayah badhe nampi warisan ingkang kathah ugi. Ananging kathah ugi brayat ingkang crah awit saking wontenipun warisan. Cekakipun warisan ingkang arupi bandha punika saged dhatengaken kabingahan lan katentreman, ananging ing sisih sanes saged dhatengaken karisakan. Waosan kita wanci punika mujudaken piwucalipun Rasul Paulus dhateng pasamuwan ing Galati. Ingkang ngengetaken dhumateng pasamuwan babagan adeging pasamuwan minangka ahli waris kratoning swarga. Pasamuwan sampun sinebat putra, sanes abdi. Minangka para putranipun Allah pra pitados punika badhe pikantuk warisan kawilujengan saking Gusti ingkang sipatipun langgeng. Dhateng tiyang-tiyang ingkang sami pitados dhateng pakaryanipun Allah lumantar Gusti Yesus Kristus, punika sampun cinadhangan warisan ingkang langgeng. Punapa ingkang kedah katindakaken dening para putranipun Allah ingkang sampun kacawisaken warisan kawilujengan ingkang awujud gesang langgeng? Kedahipun kita boten dados abdinipun jagad lan abdinipun dosa, tegesipun boten nglampahi dosa malih. Ananging dados para putraning kraton swarga ingkang tansah nyunaraken kamulyanipun Sang Kristus. Tansaha ngaturaken panuwun dhateng Gusti Allah ing sadhengah kawontenan papan lan wekdal awit kanugrahan ingkang sampun kaparingaken dhateng kita sedaya. Wujud atur panuwun sokur punika saged kawarna nalika gesang kita sami atut runtut kebak ing karukunan ing antawisipun para putra-putra kekasihipun Gusti. Gesang nyawji kanthi guyup rukun sinartan babaraken sih katresnanipun Gusti temahan tentrem rahayu ingkang pinanggih. |*YS
Kemis, 18 Desember 2025 Minggu Adven III
II Samuel 7: 1-17; Jabur 80:1-7,17-19; Galati 3: 23-29 NGRASUK SANG KRISTUS ”Awit kowe kabeh, kang padha kabaptis ana ing Sang Kristus wus padha ngrasuk marang Sang Kristus.” (Galati 3:27) Ing jaman samangke kita saged mrangguli maneka warni gagraging rasukan ingkang ketingal endah. Ing sasisih kangge nutupi badan saking panasing surya, gagraging rasukan ugi saged kangge ngetingalaken ayahan utawi pakaryan lan asal usulipun tiyang ingkang ngangge rasukan punika. Waosan kita wekdal punika mujudaken piwucalipun Rasul Paulus dhateng pasamuwan ing Galati, ingkang ngemutaken supados pasamuwan ing Galati punika tansah kemutan dhateng baptisanipun. Awit tiyang ingkang sampun kabaptis ateges sampun manjing dhateng Sang Kristus. Gesangipun tansah ngrasuk gesangipun Sang Kristus. Tegesipun ing sadhengah tata lampahing gesangipun tansah ngetingalaken tata gesang ingkang kados dene Gusti Yesus. Kawigatosan, katresnan, kesabaran lan ugi kawicaksananipun Gusti Yesus punika kedah kawarna ing gesangipun para pendherekipun. Kados dene rasukan ingkang saged ngetingalakaen ayahan punapa dene asal usulipun tiyang ingkang ngangge rasuka punika, mekaten ugi kedahipun tiyang pitados ingkang gesangipun sampun ngrasuk Sang Kristus. Kados pundi menggahing kita sedaya pinangka para umat kagunganipun ingkang sampun kabaptis? Punapa kita sampun saestu ngrasuk gesang kados dene Sang Kristus? Punapa piwucal lan dhawuhipun ugi sampun kita lampahi, satemah gesang kita ugi sampun dados paseksi menawi kita punika para putra kagunganipun Gusti? Punapa malah kosok wangsulipun? gesang kita dados sandhunganipun sanak kadang kiwa tengen kita? sumangga kira raosaken kanthi wening. |*YS
Rebo, 17 Desember 2025 Minggu Adven III
Zhakaria 8:1-17; Jabur 42; Mateus 8:14-17, 28-34 GUMREGAH “Tumuli didemek tangane, temahan waras banjur ngladeni tamune” (Matius 8:15) Limrahipun tiyang ingkang nembe nandhang gerah punika kepengin enggal mantun saking sakitipun. Pramila, maneka warni pambudidaya dipun lampahi murih saged enggal pulih kesehatanipun. Wonten ingkang lajeng tindak dhateng dokter, pijet, kerikan lan sapiturutipun. Sasampunipun dhangan lan pulih kawontenanipun lajeng gumregah ngrampungaken punapa ingkang dados ayahan utawi tanggeljawabipun minangka wujuding raos sokur awit sampun sehat malih. Waosan kita wekdal punika nyariosaken lelampahanipun Gusti Yesus nalika rawuh ing griyanipun Petrus. Sareng Gusti Yesus pirsa menawi ibu marasepuhipun Petrus punika gerah panastis (ayat 14), Panjenenganipun lajeng nyepeng astanipun ibu marasepuhipun Petrus lan sanalika ugi ibu punika saras. Sasampunipun saras, ibu marasepuhipun Petrus lajeng gumgregah ngladosi Gusti Yesus lan ugi para tamu ingkang rawuh wekdal semanten. Mekaten tumindakipun Ibu marasepuhipun Petrus. Tuwuhing rasa lan karsa punika ingkang njalari keng ibu kala wau lajeng gumregah. Patrap ngladosi Gusti Yesus lan para tamu punika dados wujud utawi pratandha bilih piyambakipun sampun pikantuk kesarasan. Saking lelampahan kala wau saged sinau menawi panguwaosipun Gusti Yesus punika saged karaosaken boten namung ing satata lair, ingkang kasat mripat, nanging ugi kuwaos kangge ngowahi rasa lan karsa. Rasa lan karsa punika ingkang boten saged dipun tingali. Saben tiyang ingkang pitados temtu sampun nate pikantuk berkah, sae punika berkah kajasmanen punapa dene berkah karohanen. Ananging menapa sedaya tiyang pitados ugi sampun gumgregah kadosdene ibu marasepuhipun Petrus? Punapa taksih nengga wekdal ingkang prayogi? Mumpung taksih kaparingan wekdal dening Gusti, sumangga sami sengkut makarya leladi kagem Gusti lan sesami. |*YS
Slasa, 16 Desember 2025 Minggu Adven III
Yehezkiel 47:1-12; Jabur 42; Yudas 1: 17-25 NJAGI GESANG “Nanging kowe para kekasih,padha mbanguna awakmu dhewe, kadhasarana pracayamu kang suci, pununjul, sarta dedonga ana ing patunggilane Sang Roh Suci” (Yudas 1:20) Limrahipun tiyang ingkang badhe damel griya kawiwitan saking damel pondasi utawi tetales ingkang kiyat. Anggenipun damel ponadsi, temtunipun dipun etang kanthi premati murih saged kiyat. Awit pengkuh mbotenipun griya punika gumantung dumateng pondasi utawi tetalesing griya punika. Saksampunipun pondasinipun dados, nembe kalajengaken kanthi bangun tembok-tembokipun. Sareng griya punika rampung inggih taksih kedah dipun lenggahi lan ugi karimat supados ketingal asri lan damel betah. Waosan kita wekdal punika ngrembag babagan dasar utawi tetalesing iman pitadosipun tiyang kristen. Rasul Yudas paring pemut bilih kaleresan ingkang sejatos punika namung saking Gusti Yesus ingkang sampun ngluwari manungsa saking dosa lan mulihaken sesambetanipun kaliyan Gusti Allah ingkang sewau risak amargi dosa. Punika kedahipun dados dasar ingkang kiyat mungguhing para pitados salebeting nglampahi gesang ing donya punika. Dados umat kagunganipun Gusti ateges sampun mitadosi pakaryaning kawilujengan ingkang kelampahan wonten ing Sang Kristus punapa dene panganthi lan pangrimating Gusti Yesus ing gesang kita sedaya. Kadosdene griya ingkang sasampunipun kabangun kedah kajagi lan karimat. Mekaten ugi gesang kita minangka tiyang pitados ugi kedah dipun jagi kanthi lampah gesang ingkang laras kaliyan kersanipun Gusti saha karimat srana pandonga, temahan gesang kita saged damel renaning penggalihipun Gusti Allah punapa dene ketingal nengsemaken tumraping sesami. |*YS
Senen, 15 Desember 2025 Minggu Adven III
Yesaya 29:17-24; Jabur 42; Lelakone Para Rasul 5:12-16 NGAREP- AREPA MARANG GUSTI “Ngarep-ngarepa marang Gusti Allah! Awit panjenengane dak puji maneh” (Jabur 42:12b) “Esuk dele sore tempe“ punika tembung ingkang dipun ginakaken kangge nggambaraken tiyang ingkang mencla-mencle, boten saged dipun cepeng (dipun pitadosi) tembungipun, utawi tiyang ingkang asring blenjani janji. Limrahipun tiyang gampil sanget kangge blenjani janjinipun, sae punika amargi kesupen utawi kanthi sengaja blenjani janjinipun. Awit saking punika Juru Masmur paring pepenget supados kita sampun ngantos ngandelaken manungsa. Juru Masmur ngandharaken bilih namung Gusti Allah ingkang saged dipun andelaken. Panjenenganipun boten nate lirwa dhateng prasetyanipun. Panjenenganipun Maha Kuwaos lan kebak ing katresnan. Prasetya kangge paring kawilujengan saha ngluwari manungsa saking dosa, sampun kalampahan wonten ing Sang Kristus Yesus, ingkang sampun nandhang sangsara, sinalib seda lajeng wungu malih. Juru Mazmur nitik lan ngraosaken panganthi, pangreksanipun Gusti ingkang dhatan kendhat kababar ing gesangipun. Awit saking pangraosipun punika pramila Juru Mazmur namung kapang dhumateng Gusti Allah ingkang tansah netepi prasetyanipun. Menawi kita ngandelaken manungsa, kita badhe pinanggih raos kuciwa. Bab punika amargi kawontenaning manungsa ingkang winates pramila manungsa asring mblenjani utawi kesupen dhateng janjinipun. Ananging benten kaliyan Gusti Allah ingkang tansah setya dhumateng prasetyanipun. Panjenenganipun tansah makarya ing wekdal ingkang ngremenaken punapa dene ing wekdal ingkang kirang ngremenaken. Awit saking punika sumangga namung tansah ngandelaken pitulunganipun Gusti Allah wonten ing sauruting gesang kita. |*YS
Ahad, 14 Desember 2025 Minggu Adven III
Yesaya 35:1-10; Jabur 146:5-10; Yakobus 5: 7-10; Mateus 11:2-11 SABAR “Kang iku para sedulur, padha disabar nganti tumeka rawuhe Gusti. Sajatine wong tani iku nganti-anti marang pametuning bumine, kang adi sarta disrantekake, nganti tekane udan ing mangsa rontog lan ing mangsa semi” (Yakubus 5: 7) Wonten ingkang mastani menawi dados tiyang Kristen punika badhe kalis saking rupi-rupi panandhang; boten kekirangan, kerapan lan tansah ngraosaken kabingahan. Pamanggih punika temtu kemawon boten leres, awit salamining manungsa taksih gesang ing alam donya mesthi badhe aben ajeng kaliyan maneka warni panandhang lan perkawising gesang. Waosan kita wanci punika isi piwucalipun Yakobus dhateng kalih welas taler ing tanah manca, supados salebeting ngadhepi panandhang sami nuladha gesangipung para nabi ing wekdal kepengker. Ingkang sami ngadepi panandhang kanthi sabar, boten nglokro lan kendho saha mbudi daya pados cara murih saged luwar saking panandhang kala wau. Supados saged sabar ing salebeting ngalami pacoben lan panandhang, kita kedah nggadhahi raos urmat lan purun ngraos-raosaken kesaenanipun Gusti ingkang sampun kita tampi saben dintenipun. Nglenggana menawi tiyang gesang ing jagad mesthi aben ajeng kaliyan maneka warni perkawis. Sarta mitadosi bilih Gusti Allah punika boten badhe kendel anggenipun makarya njangkung gesang kita sedaya. Kados pangandikanipun Rasul Paulus ing serat I Korinta 10: 13,”Kang padha kok alami iku, pacoban-pacoban kang lumrah, kang ora ngluwihi kekuataning manungsa , sebab Gusti Allah iku setya tuhu , ora bakal negakake kowe kena ing coba ngluwihi kekuatanmu. Manawa kowe kena ing coba, Panjenengane bakal maringi margining luwar, satemah kowe padha bisa mbetahake. Setya tuhu lan sabar ngadhepi panandhang kanthi kebak pangajeng-ajeng, awit Gusti mesthi nggatosaken kita. |*YS
Setu, 13 Desember 2025 Minggu Adven II
I Samuel 2:1-8; Jabur 146:5-10; Lukas 3:1-18 ATUR PANUWUN “Hana banjur dedonga: Unjuke manah kawula abingah-bingah margi Sang Yehuwah, singating rosan kawula linuhuraken dening sang yehuwah, cangkem kawula ngolok-olok satru kawula, awit kakawula asukarena margi saking pitulungan Paduka” (I Samuel 2: 1) Sedalu natas pak Pandir mancing ing lepen ingkang celak kaliyan sabinipun. Nalika badhe bidhal mancing piyambakipun sampun gadhah pangen-angen saged pikantuk ulam ingkang kathah. Ananging kasunyatanipun, ngantos jam 12 dalu dereng pikantuk ulam. Raos sayah, ngantuk sampun boten karaosaken malih awit adrenging manah ing benjang enjang badhe dahar eco lawuh ulam lepen. Ing wanci enjang nalika srengenge wancinipun mlethek, pranyata pak Pak Pandir pikantuk ulam kathah sanget ngantos boten kiat ngangkat. Ing batosipun lajeng mosik mekaten : “Samubarang kang dak tampa iku asale saka Gusti ingkang Maha Asih”. Pak Pandir lajeng wangsul lan semahaipun lajeng masak ulam kala wau. Sanak kadang tangga tepalih boten kesupen ugi dipun aturi. Waosan kita wekdal punika nyariosaken lelampahanipun ibu Hana, garwanipun Elkana saking Ramataim Zofim (1 Samuel 1:1) ingkang dereng dipun paringi momongan dening Gusti Allah. Hana kepengin sanget gadhah momongan, pramila rinten dalu anggenipun ndedonga matur lan nyuwun dumateng Gusti Allah supados kaparingan momongan. Gusti Allah myarsakken pandonganipun Hana, temahan Hana mbabar putra kakung kaparingan tenger Samuel ingkang tegesipun “Gusti mireng“. Minangka wujuding raos sokur dumateng Allah Hana lajeng ngucap, “manah kawula abingah bingah margi pitulunganipun Sang Yehuwah”. Kathah berkah ingkang sampun kita tampi ing sauruting gesang kita. Sedaya ingkang kita gadhahi punika peparingipun Allah, ananging asring kita kirang saged ngraosaken babagan punika. Sumangga kita sami nitik berkahipun Gusti ingkang datan saged dipun wilang. Langkung saking punika sumangga kita atur panuwun dhateng Gusti ingkang akarya jagad, ingkang datan kendhat ngluberaken berkah dhateng sagung titah. |*YS
Jemuwah, 12 Desember 2025 Minggu Adven II
Rut 4: 13-17; Jabur 146:5-10; II Petrus 3: 11-18 WOHING KASETYAN “Boas tumuli ngalap Rut dadi bojone sarta banjur dicedhaki. Sang Yehuwah iya nuli paring kamirahan marang Rut , temah bisa ngandheg sarta duwe anak lanang” (Rut 4:13) Raden Ajeng Kartini punika pawestri saking Jepara, katetepaken minangka Pahlawan Nasional, awit saking kasetyanipun kangge ngudi ngangkat drajatipun kaum wanita. Para pawestri ingkang sewau namung dados kanca wingking, samangke nggadahi hak ingkang sami kadosdene para priya. Kitab suci ugi nyathet kathah pawestri ingkang lampahing gesangipun ngedab-edabi lan saged dados tuladha sae ing babagan kasetyanipun. Waosan kita ing wekdal punika nyariosaken pawestri ingkang nami Rut, putra mantunipun Naomi, ingkang mratelakken pilihanipun kangge setya tuhu ndherek utawi ngetut wingking marasepuhipun ingkang sanget dipun tresnani saksampunipun Mahlon putranipun Naomi tilar donya. Kasetyanipun Rut netepi prasetyanipun kangge ndherek Naomi pungkasanipun ndatengaken kabingahan tumraping Rut. Awit ing carios candhakipun Rut kapundut garwa dening Boas. Satunggaling priya ingkang sugih. Salajengipun Rut gadah putra kakung kaparingan tenger Obed. Miturut adat wekdal semanten sok sintena ingkang kaparingan putra kakung, ajinipun nglangkungi gadhah putra pawestri cacah pitu. Malah langkung saking punika, menawi brayat kaparingan putra kakung, badhe ngangkat drajadipun barayat punika. Wohing kasetyan punika kabingahan ingkang sakalangkung ageng. Saben tiyang temtu nggadahi pangajeng-ajeng ngraosaken tentrem rahayu ing gesangipun. Tentrem rahayu punika saged kagayuh menawi saged mujudaken kasetyan dumateng Allah. Kanthi punika sumangga kita sami nglampahi gesang ingkang kebak ing kasetyan, supados Gusti Allah etuking kasetyan mbabar katentreman dhateng kita sedaya. |*YS
