+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 13 Desember 2025 Minggu Adven II

I Samuel 2:1-8; Jabur 146:5-10; Lukas 3:1-18

ATUR PANUWUN

“Hana banjur dedonga: Unjuke manah kawula abingah-bingah margi

Sang Yehuwah, singating rosan kawula linuhuraken dening sang yehuwah, cangkem kawula ngolok-olok satru kawula, awit kakawula asukarena

margi saking pitulungan Paduka”

(I Samuel 2: 1)

Sedalu natas pak Pandir mancing ing lepen ingkang celak kaliyan sabinipun. Nalika badhe bidhal mancing piyambakipun sampun gadhah pangen-angen saged pikantuk ulam ingkang kathah. Ananging kasunyatanipun, ngantos jam 12 dalu dereng pikantuk ulam. Raos sayah, ngantuk sampun boten karaosaken malih awit adrenging manah ing benjang enjang badhe dahar eco lawuh ulam lepen. Ing wanci enjang nalika srengenge wancinipun mlethek, pranyata pak Pak Pandir pikantuk ulam kathah sanget ngantos boten kiat ngangkat. Ing batosipun lajeng mosik mekaten : “Samubarang kang dak tampa iku asale saka Gusti ingkang Maha Asih”. Pak Pandir lajeng wangsul lan semahaipun lajeng masak ulam kala wau. Sanak kadang tangga tepalih  boten kesupen ugi dipun aturi.

Waosan kita wekdal punika nyariosaken lelampahanipun ibu Hana, garwanipun Elkana saking Ramataim Zofim (1 Samuel 1:1) ingkang dereng dipun paringi momongan dening Gusti Allah. Hana kepengin sanget gadhah momongan, pramila rinten dalu anggenipun ndedonga matur lan nyuwun dumateng Gusti  Allah supados kaparingan momongan. Gusti Allah myarsakken pandonganipun Hana, temahan Hana mbabar putra kakung kaparingan tenger Samuel ingkang tegesipun “Gusti mireng“.  Minangka wujuding raos sokur dumateng Allah Hana lajeng ngucap, “manah kawula abingah bingah margi pitulunganipun  Sang Yehuwah”.

Kathah berkah ingkang sampun kita tampi ing sauruting gesang kita. Sedaya ingkang kita gadhahi punika peparingipun Allah, ananging asring kita kirang saged ngraosaken babagan punika.  Sumangga kita sami nitik berkahipun Gusti ingkang datan saged dipun wilang.  Langkung saking punika  sumangga kita  atur panuwun dhateng Gusti ingkang akarya jagad, ingkang datan kendhat ngluberaken berkah dhateng sagung titah. |*YS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *