+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 12 Desember 2025 Minggu Adven II

Rut 4: 13-17; Jabur 146:5-10; II Petrus 3: 11-18

WOHING KASETYAN

“Boas tumuli ngalap Rut dadi bojone sarta banjur dicedhaki.

Sang Yehuwah iya  nuli paring kamirahan marang  Rut ,

temah bisa ngandheg sarta duwe anak lanang”

(Rut 4:13)

Raden Ajeng Kartini punika pawestri saking Jepara, katetepaken minangka Pahlawan Nasional, awit saking kasetyanipun kangge ngudi ngangkat drajatipun kaum wanita. Para pawestri ingkang sewau namung dados kanca wingking, samangke nggadahi hak ingkang sami kadosdene para priya. Kitab suci ugi nyathet kathah pawestri ingkang lampahing gesangipun ngedab-edabi lan saged dados tuladha sae ing babagan kasetyanipun.

Waosan kita ing wekdal punika nyariosaken pawestri ingkang nami Rut, putra mantunipun Naomi, ingkang mratelakken pilihanipun kangge setya tuhu ndherek utawi ngetut wingking marasepuhipun ingkang sanget dipun tresnani saksampunipun Mahlon putranipun Naomi tilar donya.

Kasetyanipun Rut netepi prasetyanipun kangge ndherek Naomi pungkasanipun ndatengaken kabingahan tumraping Rut. Awit ing carios candhakipun Rut kapundut garwa dening Boas. Satunggaling priya ingkang sugih. Salajengipun Rut gadah putra kakung kaparingan tenger Obed. Miturut adat wekdal semanten sok sintena ingkang kaparingan putra kakung, ajinipun nglangkungi gadhah putra pawestri cacah pitu. Malah langkung saking punika, menawi brayat kaparingan putra kakung, badhe ngangkat drajadipun barayat punika.

Wohing kasetyan punika kabingahan ingkang sakalangkung ageng. Saben tiyang temtu nggadahi pangajeng-ajeng ngraosaken tentrem rahayu ing gesangipun. Tentrem rahayu punika saged kagayuh menawi saged mujudaken kasetyan dumateng Allah. Kanthi punika sumangga kita sami nglampahi gesang ingkang kebak ing kasetyan, supados Gusti Allah etuking kasetyan mbabar katentreman dhateng kita sedaya. |*YS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *