Rut 1: 6-18; Jabur 146:5-10; II Petrus 3:1-10 PILIHAN “Nanging ature Rut: Kula sampun penjenangan peksa nilar panjenengan lajeng mantuk, boten dherek panjenengan, awit dhatenga pundhi kemawon purug panjenengan, kula inggih badhe dherekake” (Rut 1:16a) Wonten tetembungan, “Gesang punika pilihan,” ingkang tegesipun, salamining tiyang gesang badhe tansah aben ajeng kaliyan pilihan-pilihan. Sedaya pilihan ingkang dipun tetepaken punika tamtunipun mbekta konsekwensi (perkawis ingkang tuwuh awit pilihan punika) sae ingkang ngremenaken punapa dene ingkang mrihatosaken. Kados lelampahanipun Rut, putra mantunipun Naomi, ingkang sampun netepaken pilihan kangge gesang sesarengan kaliyan Naomi. Gesang ndherek tiyang sanes punapa malih nderek mara sepuh punika sanes prekawis ingkang gampil. Kedah samidene saged momong lan njagi raos pangraosing manah. Saestunipun Naomi ugi paring kelonggaran dhateng Rut, menawi badhe nilaraken Naomi, piyambakipun boten kawratan. Ananging Rut milih tetep ndherek ibu marasepuh ingkang dipun tresnani, ing sadhengah kawontenan. Temtu kita ugi asring dipun abenajengaken kaliyan pilihan-pilihan ingkang kedah dipun penggalih kanthi lebet awit nggadahi konsekwensi ingkang awrat. Tuladhanipun nalika badhe emah-emah, sampun rumaos manteb dereng, sampun cekap dereng anggen kita cecawis kangge kabetahan punika, lan sapiturutipun. Lajeng sasampunipun kelampahan nenikahan punapa kemawon perkawis ingkang wonten inggih kedah dipun tampi lan dipun lampahi kanthi suka bingah awit punika sampun dados pilihan kita. Ndherek Gusti Yesus punika mujudaken pilihan kita, badhea rumpil marginipun, kathah pepalangipun, kedah kita tampi lan lampahi kanthi madep manteb. Sampun ngantos nglokro lan tetep sigrak nadyan panandhang lan panggodha nempuh ing gesang kita. Awit kita punika umat tebusanipun Gusti, ingkang sampun cinadhangan makuthaning gesang. Sumangga nuladha Rut ingkang setya tuhu dumateng pilihanipun. |*YS
Rebo, 10 Desember 2025 Minggu Adven II
Purwaning Dumadi 15:1-18; Jabur 21; Mateus 12:33-37 MEKAK ILAT “Awit anggonmu bakal kabenerake iku adhedasar tembungmu lan anggonmu bakal kapatrapan paukuman iku iya adhedasar tembungmu” (Matius 12: 37) Minangka tiyang Jawi kita kita temtu asring mireng pitembungan,”Mangan ora mangan waton kumpul.” Tembung punika mratelakaken tata gesangipun tiyang jawi ingkang langkung nengenaken tata gesang ingkang guyub-rukun. Pramila saged kita panggihaken maneka warni paguyuban adedasar trah, asal-usul, hobi lan sapiturutipun. Ing salebeting kempal sesarengan punika saged kemawon kelampahan wonten keladuking tembung ingkang sengaja utawi mboten saged ndamel tatu utawi pinggeting manahipun tiyang sanes. Awit saking punika wigatos sanget kangge ngendhaleni tembung utawi mekak ilat kita, sae nalika sami rembagan punapa denen nalika gegojegan, supados sampun ngantos damel tatuning manahipun tiyang sanes lan ndamel risaking swasana ingkang guyub rukun pinika. Waosan kita wekdal punika nyariyosaken pirembaganipun Gusti Yesus kaliyan tiyang Farisi, ingkang wekdal semanten boten pitados kaliyan piwucalipun Gusti Yesus, kepara malah dakwa menawi Gusti Yesus ngginakaken panguwaosing pepeteng nalika damel mukjizat ingkang gegirisi. Ingkang punika Gusti ngemutaken tiyang-tiyang Farisi supados sami ngatos-atos migunaken tembung ingkang medal saking lathi. Awit adedasar tembung punika badhe katetepaken leres punapa dene lepatipun Wiwit tangi tilem ngantos badhe mapan tilem pinten cacahipun tembung ingkang medal saking lathi kita? Saking lathi setunggal saged medhal berkah lan ipat-ipat (Yakobus 3:10). Kita saged paring pambereg dumateng sederek ingkang nembe semplah manahipun. Mekaten ugi Kita inggih saged damel cekleking manahipun sederek temahan lajeng rumaos nglokro. Awit saking punika sumangga kita ginakaken lathi kita kanthi prayogi, murih dhatengaken berkah lan katentreman dhateng sesami. Kanthi tansah enget menawi kita ugi badhe dipun adili adedasar tembung ingkang kita ucapaken. |*YS
Slasa, 9 Desember 2025 Minggu Adven II
Yesaya 41:14-20; Jabur 21; Rum 15:4-13 RUKUN “Muga-muga Gusti Allah kang dadi etuking sabar mantep sarta panglipur, kersaa maringi karukunan marang kowe, kaya kang dikersakake dening Sang Kristus Yesus” (Rum 15 : 5) Wonten satunggaling piwucal, “Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa“. Piwucal punika paring pepenget bilih padudon (boten rukun) ingkang arupi punapa kemawon, badhe ndhatengaken karisakan lan damel kendho sesambetan ing antawisipun tiyang. Kosok wangsulipun karukunan badhe dhatengaken katentreman lan dadosaken gesang sesarengan sangsaya santosa. Saben tiyang temtu nggadahi pepenginan supados gesangipun punika ayem lan tentrem. Dene kangge mujudaken kawontenaning gesang ingkang kados mekaten kedah dipun udi lampahing gesang salebeting karukunan. Tata gesang ingkang boten wonten regejan, boten sami cecongkrahan. Waosan kita wekdal punika mujudaken pepemut saking Rasul Paulus dhateng pasamuwan ing kitha Rum supados pasamuwan sami ngudi gesang ing salebeting kerukunan. Dene kangge mujudaken kerukunan punika pancen boten gampil, awit gesang kita taksih kagubel dening raos srei, melik lan raos gumunggung ingkang sedaya punika saged nuwuhaken padudan lan regejegan. Awit saking punika mangga kabucala raos gumunggung, srei, punapa dene melik dumateng liyan lan sampun ngantos nyimpen rasa sengit dumateng mitra kadang lan sinten kemawon sesami kita. Langkung-langkung ing satengahimg gesang masamuwan, kerukunan punika kedah saged kawarna awit Sang Kristus punika dados punjering karukunan, ingkang sampun ngrukunaken manungsa kaliyan Allah Sang Rama. Mulihaken sesambetaning manungsa kaliyan Gusti Allah satemah panebusing dosa saged saged kalampahan lan tiyang ingkang pitados sami kaparingan kawilujengan. |*YS
Senen, 8 Desember 2025 Minggu Adven II
Yesaya 24:1-16a; Jabur 21; 1 Tesalonika 4;1-12 TUMEMEN “Wasana, para sadulur, panjaluk lan pangatagku kabeh marang kowe ana ing patunggilane Gusti Yesus : kowe wis padha krungu saka aku, kepriye kudune lakumu supaya ndadekake keparenge Gusti Allah. Bab iku pancen wus padha katindakake , ewaosemana prayogane kowe sayaa luwih tumemen anggonmu padha tumindak mangkono” (I Tesalonika 4:1) Wonten satunggaling lare ingkang wiwit alit namung gesang kaliyan biyungipun awit ramanipun sampun tilar donya nalika lindhu ageng ing taun 2006 kepengker. Gesangipun kesrakat awit biyungipun boten nggadhah pedamelan ingkang gumathok. Awit nggadhahi tekad ingkang kiyat lan tumemen anggenipun mbudi daya, lare punika binerkahan dening Gusti lan pungkasanipun saged ngraosaken gesang ingkang mukti. Rasul Paulus ngemutaken dhateng pasamuwan ing Korinta supados nggadhahi sesambetan ingkang leres kaliyan Gusti Allah srana sami tumemen anggenipun ngudi tata gesang ingkang damel renaning penggalihipun Gusti Allah. Tembung tumemen punika ateges: sregep, boten setengah-setengah (boten suam-suam kuku). Lajeng kados pundi wujuding mbangun sesambetan ingkang leres kaliyan Gusti punika? Ing ayat candhakipun dipun serat inggih punika kanthi njagi gesang suci, nyingkiri lampah jina, lan ngudi gesang ingkang migunani tumraping ngasanes. Kanthi mekaten gesang kita saged dados keparengipun Gusti Allah. Sumangga sami nitipriksa dhateng dhiri kita piyambak -piyambak, punapa kita sampun dados abdi ingkang tumemen kadosdene pasamuwan ing Tesalonika? Punapa malah kosok wangsulipun? Sumangga kita mbangun sesambetan ingkang leres kaliyan Gusti Allah srana tumemen anggen kita ngudi gesang ingkang suci. Temahan gesang kita tansah binerkahan dening Gusti Allah lan saged dados berkah tumraping sesami. |*YS
Ahad, 7 Desember 2025 Minggu Adven II
Yesaya 11:1-10; Jabur 72:1-7;18-19; Rum 15:4-11; Mateus 3:1-12 WOHING PAMRATOBAT “Yen mangkono, padha metokna woh kang sembada marang pamratobat” (Mateus 3:8) Kita temtu nate mireng pitembungan, ”Gajah diblangkoni, isa kojah ning ora isa nglakoni.” Pitembungan punika ugi asring dipun plesetaken, “bisa kotbah ning ora bisa nglakoni.” Tembung punika ngemu teges limrahipun tiyang punika gampil menawi paring pangandikan, paring pitutur, paring sesuluh, paring dhawuh lan iguh. Ananging kathah tiyang ingkang boten saged nglampahi kados ingkang dipun ngendikakaken. Waosan kita wekdal punika nyariosaken Nabi Yokanan Pambaptis ingkang kautus supados nyawisaken margi kangge rawuhipun Gusti Yesus. Nabi Yokanan kautus kangge ngemutaken bangsa Israel supados sami mratobat. Mratobat punika satunggaling patrap utawi lampah gesang ingkang cundhuk utawi laras kaliyan kersanipun Gusti. Mratobat punika nilar pandamel awon lan mblasar. Langkung saking punika mratobat punika boten namung mandeg ing pangucap ananging kedah kawujudaken wonten ing lampahing gesang. Patrap lan tata gesang lami ingkang cengkah kaliyan kersanipun Gusti kedah dipun tilaraken lan samangke lumebet wonten ing gesang anyar laras kaliyan kersanipun Gusti. Wit pisang punika namung awoh kaping sepisan, namung menawi wohipun punika sae lan eco raosipun, temtu awis reginipun lan dipun remeni dening tiyang kathah. Gesang kita inggih namung sepisan pramila sumangga kanthi wekdal ingkang winates punika kita lampahi gesang ing salebeting pamratobat. Nilar gesang lami ingkang kebak dosa lajeng ngrasuk gesang anyar temahan gesang kita punika saged ngasilaken woh ingkang sae, saged dados berkah tumraping sesami lan ndadosaken Asmanipun Gusti kaluhuraken.|*YS
Setu, 6 Desember 2025 Minggu Adven I
Yesaya 40:1- 11; Jabur 72:1-7;18-19; Yokanan 1:19-28 ANDHAP ASOR “Nabi Yokanan ngaken kanthi bares: Aku iki dudu sang Kristus” (Yokanan 1:20) Tiyang jawi punika sugih kawruh, sugih pangertosan, sanepan punapa dene rumaket ing pasedherekan utawi kekadangan. Kathah piwucal ingkang lebet pangertosanipun. Tuladhanipun, “ajining raga iku saka busana”, ingkang nggadahi pangertosan bilih tiyang punika badhe dipun ajeni utawi dipun urmati saking anggenipun mangangge rasukan ingkang prayogi. “Ajining dhiri awit saka obahing lathi”, tegesipun menawi tiyang badhe dipun ajeni utawi dipun urmati punika gumantung kaliyan punapa ingkang dipun ngendikakaken. Waosan kita wekdal punika nyariosaken bab pakaryanipun Nabi Yokanan Pambaptis minangka utusanipun Gusti kangge nyawisaken rawuhipun Gusti Yesus ing jagad. Nabi Yokanan nguwuh-uwuh supados bangsa Israel sami mratobat. Wekdal semanten kathah tiyang ingkang sami nginten bilih Yokanan Pembaptis punika Sang Mesih (Sang Kristus) piyambak. Pramila lajeng sami taken, “Panjenengan menika sejatosipun sinten?” Paring wangsulanipun Nabi Yokanan,”Aku dudu Sang Kristus.” Saking pangandika punika nedahaken bilih Nabi Yokanan punika piyantun ingkang jujur, lembah manah lan andhap asor. Pramila kathah tiyang ingkang ngajeni lan urmat dumateng Nabi Yokanan Pambaptis punapa dene piwucalipun. Sinaosa tiyang nggadahi panguwaos ingkang ageng, kalenggahan ingkang inggil, bandha ingkang kathah ananging menawi nggadahi watak gumunggung limrahipun lajeng dipun singkiri lan mboten dipun ajeni dening tiyang sanes. Awit watak gumunggung punika saged ngirangi raos urmat saking masyarakat. Awit saking punika sumangga kita sami nuladha nabi Yokanan Pembaptis, sarana tumindak andap asor lan jujur, temahan tiyang sami remen ningali tata gesang kita, ngajeni utawi urmat lan pungkasanipun purun nampi pawartos kabingahan ingkang kita wartosaken. |*YS
Jemuwah, 5 Desember 2025 Minggu Adven I
Yesaya 30:19-26; Jabur 72:1-7;18-19; Lelakone Para Rasul 13:16-25 NENGGA “Awit saka iku Pangeran Yehuwah ngantos-antos marang wektune anggone bakal ngatingalake katresnane marang kowe kabeh, mulane banjur jumeneng arep nandukake kawelasan marang kowe kabeh. Amarga Pangeran yehuwah iku, Gusti Allah kang adil, rahayu sakehe wong kang nganti-anti marang Panjenengane” (Yesaya 30: 18) Limrahipun tiyang ingkang nembe keyungyun punika kepengin nyukani punapa kemawon ingkang linangkung aji lanendah dhateng tiyang ingkang dipun tresnani. Wonten kalanipun boten namung awujud barang ananging ugi kawigatosan punapa dene pambereg. Asring ugi kelampahan ngantos kesupen dhateng pedamelanipun lan langkung nengenaken tiyang ingkang dipun tresnani punika. Punapa malih menawi raos tresnanipun punika dipun imbangi dening tiyang ingkang dipun tresnani. Waosan kita wekdal punika nedahaken kawontenaning bangsa Israel ingkang nampi bebendu awit mbalela dumateng Allah lan malah mlajar pados pitulungan dhateng negari Mesir. Sinaosa mekaten, katresnanipun Gusti Allah punika langgeng. Pramila Panjenenganipun kepareng ngatingalaken katresnanipun dumateng bangsa Israel sauger sami purun mratobat. Katresnan, kawigatosanipun Gusti punika tanpa wates. Awit tresnanipun dumateng kita, Panjenenganipun kepareng nandukaken katresnan dhateng kita sinaosa kita asring damel kuciwa Penggalihipun. Mila saking punika sumangga kita tanggapi katresnanipun Gusti Allah punika kanthi mbangun sesambetan ingkang leres kaliyan Gusti lan kita wujudaken pamratobat kita kanthi gesang laras kaliyan punapa ingkang dados kersanipun Gusti Allah. Temahan gesang kita saged dados pisungsung ingkang adi wonten ngarsanipun Gusti lan damel renaning pengalihipun Gusti Allah. Panjenenganipun sampun nengga kanthi kebak ing katresnan. Kados pundi tanggapan kita? |*YS
Kemis, 4 Desember 2025 Minggu Adven I
Yesaya 4: 2-6; Jabur 72:1-7,18-19; Lelakone Para Rasul 1:12-17;21-26 ADIL “Dhuh Allah, Sang Prabu mugi Paduka angger-angger Paduka sarta kaadilan Paduka dhateng Sang Raja -putra.” (Jabur 72 : 1) Nalikanipun Pamarentah Indonesia paring kawigatosan dhateng masyararat lumantar program BLT (Bantuan Langsung Tunai), mesthi kemawon damel bingah kanggening tiyang-tiyang ingkang nampi bantuan punika. Ananging tumrap tiyang-tiyang ingkang boten nampi, perkawis punika saged nuwuhaken raos kuciwa awit rumaos boten dipun gatosaken dening pamarentah. Pramila lajeng sami nggadahi pamanggih menawi pamarentah punika tumindak boten adil dhateng masyarakat. Kamangka punapa ingkang dipun wastani adil punika kedah sami? Kamangka kawontenaning masyarakat punika mboten sami. Waosan kita wekdal punika nelakaken pandonga ingkang mijil saking manahipun Prabu Sulaiman. Piyambakipun nyenyuwun dhumateng Gusti Allah supados kaparingan kawicaksanan temahan saged nindakaken jejibahan minangka pamimpining negari. Kanthi mekaten prabu Sulaiman saged paring kaadilan dhateng tiyang kesrakat, paring pitulungan dhateng tiyang mlarat saha numpes tiyang ingkang nganiaya. Kaadilan dipun betahaken dening sedaya manungsa ing saindhenging bawana. Lajeng sinten ingkang saged mbabar kaadilan punika? Punapa namung Raja? Pangarsaning nagari? Kedahipun boten mekaten. Sinten kemawon kedah saged tumindak adil dhumateng sesamininipun. Lajeng kados pundi wujuding tumindak adil dateng sesami punika? Srana purun paring kawigatosan dumateng tiyang ingkang nembe wonten ing satengahing panadhang, tiyang ingkang gesangipun kecingkrangan, tiyang ingkang katindhes, kasingkiraken dening sesaminipun. Sumangga kita nuwuhaken tekad kangge mbabar kaadilan, supados tentrem rayahu tansah karaosaken wonten satengahing gesang kita. |*YS
Rebo, 3 Desember 2025 Minggu Adven I
Yesaya 54:1-10; Jabur 124; Mateus 24:23-35 DATAN OWAH GINGSIR “Sebab senadyan gunung-gunung padha ngalih lan tengger-tengger pada gonjing, nanging sih susetyaningSun ora bakal ngalih saka ing sira. Tuwin prajanjian karukunan peparingingSun ora bakal owah gingsir, mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah, kang paring sih palimirma marang sira” (Yesaya 54: 10) Ibu Mawar (30 taun) punika padamelanipun sadean bakwan kawi ing papan pariwisata ingkang kawentar. Sinaosa mboten tamtu kasilipun, awit gumantung kaliyan kathah botenipun tiyang ingkang sami kesah dateng papan punika, ananging tetep dipun tlatosi kangge ngudi cekaping kabethaning gesang. Menawi pas rame, sadeanipun saged laris lan telas, ananging menawi keleresan pas boten dinten libur, dagangan punika taksih tirah kathah. Cariyos ing ngginggil ngetingalaken bilih kawontenaning gesang punika boten gumathok. Rejeki utawi berkahipun ibu Mawar punika boten ajeg, boten mesthi. Kadangkala kathah, kadhang kala sekedik. Kasunyataning gesang ingkang kita adhepi punika ugi kados mekaten. Kadhangkala rumaos linuberan berkah ananging kadhangkala ugi ngraosaken kacingkrangan. Raos bingah lan sisah punika sampun dados sandhanganing gesang kita. Waosan kita wekdal punika, nyariosaken babagan kasetyanipun Gusti Allah ingkang langgeng lan boten owah gingsir. Sinaosa gunung lan tengger punika saged sami pindah papanipun, satunggaling kawontenan ingkang nggegirisi lan saestu damel ajrih, ananging kasetyanipun Allah punika boten nate ewah, nadyan jagad punika ewah gingsir. Sinaosa kawontenaning gesang punika mboten ajeg, asring nemahi ewah-ewahan, temtu kita ugi sarujuk kaliyan paseksinipun Nabi Yesaya ingkang ugi ngraosaken bilih pangrengkuhipun Allah dhateng manungsa punika ajeg utawi datan ewah gingsir ing sadhengah papan lan kawontenan. Sumangga perkawis punika karaosna kanthi wening. |*YS
Slasa, 2 Desember 2025 Minggu Adven I
Purwaning Dumadi 9;1-17; Jabur 124; Ibrani 11:32-40 PRASETYANIPUN GUSTI “Ingsun nganakake prasetyaningSun karo sira,yen sabanjure bakal ora kelakon maneh makhluk kang urip katumpes dening banjir, lan bakal ora ana banjir gedhe maneh kang nyirnakake bumi” (Purwaning Dumadi 9:11) Kangge kita ingkang remen mireng langgam campursari, mesthi mangertos tembang kanthi irah-irahan “Lali Janjine”, ingkang karipta dening S. Harsono tahun 2021. Tembang punika saestu dadosaken kita mangertos bab wigatosing netepi janji. Cakepan langgam punika nyariosaken babagan pasangan ingkang sampun sami sarujuk badhe kesah dateng Tawangmangu ing dinten Minggu. Namung kasunyatanipun salah setunggaling pasangan punika kesupen dhateng janjinipun. Menawi dipun telpon malah HP-ipun dipun pateni. Saking cariyos kala wau nedahaken bilih manungsa punika kadangkala kesupen dhateng janjinipun utawi kanthi sengaja nglirwakaken janji. Waosan kita wanci punika nyariosaken babagan prasetyanipun Gusti Allah ing jaman Nabi Nuh. Jagad kaukum dening Gusti lumantar bena ageng ingkang dangunipun sekawan dasa dinten. Sedaya titah ing jagad sirna kejawi Nuh sabrayat lan sedaya ingkang lumebet ing baitanipun Nuh. Kanthi pratandha kluwung ing akasa, Gusti Allah prasetya dhateng Nuh, bilih jagad boten badhe kaukum malih kados dene jamanipun. Prasetyanipun Gusti punika langgeng ngantos samangke, katitik menawi bibar jawah asring kita ningali kluwung ingkang nedahaken janjinipun Gusti. Prasetyanipun Gusti kaliyan janjinipun manungsa punika boten sami. Menawi prasetyanipun Gusti Allah mesthi dipun tetepi ananging janjinipun manungsa asring dipun blenjani. Janji bab rawuhipun Gusti Yesus sampun kaweca lumantar para nabi ing Prajanjian lami lan samangke ugi sampun maujud wonten ing Sang Kristus Yesus. Hambok bilih wonten ing salebting gesang kita, kita nate janji dhateng sesami kita, sae punika tiyag sepuh kita utawi lare-lare kita lan dereng saged netepi janji kala wau, prayogi kita mulad sarira lan nata gesang kita, supados ing tembe saged netepi janji kanthi prayogi. Punapa malih janji badhe setya tuhu dhateng Gusti, mbangun miturut lan lulut dhateng Gusti, mugi sageda kasembadan lan kalampahan wonten ing satengahing gesang kita. |*YS
