Purwaning Dumadi 15:1-18; Jabur 21; Mateus 12:33-37
MEKAK ILAT
“Awit anggonmu bakal kabenerake iku adhedasar tembungmu lan
anggonmu bakal kapatrapan paukuman iku iya adhedasar tembungmu”
(Matius 12: 37)
Minangka tiyang Jawi kita kita temtu asring mireng pitembungan,”Mangan ora mangan waton kumpul.” Tembung punika mratelakaken tata gesangipun tiyang jawi ingkang langkung nengenaken tata gesang ingkang guyub-rukun. Pramila saged kita panggihaken maneka warni paguyuban adedasar trah, asal-usul, hobi lan sapiturutipun.
Ing salebeting kempal sesarengan punika saged kemawon kelampahan wonten keladuking tembung ingkang sengaja utawi mboten saged ndamel tatu utawi pinggeting manahipun tiyang sanes. Awit saking punika wigatos sanget kangge ngendhaleni tembung utawi mekak ilat kita, sae nalika sami rembagan punapa denen nalika gegojegan, supados sampun ngantos damel tatuning manahipun tiyang sanes lan ndamel risaking swasana ingkang guyub rukun pinika.
Waosan kita wekdal punika nyariyosaken pirembaganipun Gusti Yesus kaliyan tiyang Farisi, ingkang wekdal semanten boten pitados kaliyan piwucalipun Gusti Yesus, kepara malah dakwa menawi Gusti Yesus ngginakaken panguwaosing pepeteng nalika damel mukjizat ingkang gegirisi. Ingkang punika Gusti ngemutaken tiyang-tiyang Farisi supados sami ngatos-atos migunaken tembung ingkang medal saking lathi. Awit adedasar tembung punika badhe katetepaken leres punapa dene lepatipun
Wiwit tangi tilem ngantos badhe mapan tilem pinten cacahipun tembung ingkang medal saking lathi kita? Saking lathi setunggal saged medhal berkah lan ipat-ipat (Yakobus 3:10). Kita saged paring pambereg dumateng sederek ingkang nembe semplah manahipun. Mekaten ugi Kita inggih saged damel cekleking manahipun sederek temahan lajeng rumaos nglokro. Awit saking punika sumangga kita ginakaken lathi kita kanthi prayogi, murih dhatengaken berkah lan katentreman dhateng sesami. Kanthi tansah enget menawi kita ugi badhe dipun adili adedasar tembung ingkang kita ucapaken. |*YS
