Purwaning Dumadi 8:1-19; Jabur 124; Rum 6:1-11 PITULUNGAN KITA SAKING GUSTI “Pitulungan kita iku ana ing asmaning Sang Yehuwah , kang nitahake langit lan bumi” (Jabur 124:8) Filiphus Suryanto, nem-neman umur 13 tahun, asring ndherek pangibadah ingkang ngginakaken basa Jawi sareng kaliyan bapa lan ibunipun sinaosa piyambakipun kirang mangertos basa jawi. Nalika bibar pangibadah Filiphus Suryanto tangkled dhateng ibunipun: “Bu..kenging punapa ing wiwitaning ibadah Pendeta mesthi ngendika “Pitulungan kita punika pinangkanipun saking gusti allah ingkang nitahaken langit lan bumi?” Ibunipun lajeng paring katrangan: “Yen sak ngertine ibu iku kang diarani votum. Votum yaiku tembung kang ngelingake marang kabeh umat, yen uripe tansah kapitulungan lan rinimat dening Gusti”. Mireng katrangan punika Filiphus Suryanto lajeng manthuk-manthuk pratandha sampun mangertos. Menawi kita gatosaken, tata pangabekti, mliginipun ing Gereja Kristen Jawa, mesthi badhe kawiwitan kanthi Votum. Prekawis punika ngajak lan ngemutaken dhateng warganing pasamuwan ingkang dherek pangibadah, bilih Gusti Allah kita punika kagungan purbawasesa, kagungan pangwasa ing bumi lan ing swarga. Sedaya titah rinimat kanthi prayogi, dadosa ingkang nembe wonten ing margi, nembe makarya punapa dene nembe wonten ing salebeting kaprihatosan saha ing satengahing ngadhepi ruwet rentenging gesang, kita sami kaajak kangge ngakeni panguwaosipun Gusti. Juru masmur ngemutaken dhateng kita lumantar waosan dinten punika bilih pakaryanipun Gusti tansah kababar wonten ing gesangipun sedaya umatipun, ingkang dipun tresnani. Gesang rinimat dening Gusti boten ateges uwal saking perkawis utawi pepalang. Menawi kita nembe ngraosaken panandhang utawi ruwet rentenging gesang, Gusti Allah boten nilaraken kita, jer kita pitados bilih lumantar sedaya prekawis ingkang kita adhepi, Gusti Allah kagungan rancangan ingkang endah tumraping gesang kita. |*YS
Ahad, 30 November 2025 Minggu Adven I
Yesaya 2:1-5; Jabur 122; Rum 13:11-14; Mateus 24:36-44 NINDAKAKEN PERANGAN KITA “Bangsa kang siji ora bakal ngangkat pedhange maneh nglawan bangsa sijine tuwin ora bakal nggladhi perang maneh.” (Yesaya 2: 4b) Kita sami rumaos prihatos menawi mireng kabar perang ing antawisipun setunggaling bangsa kaliyan bangsa sanesipun. Miris. Mbok menawi tuwuh pitakenan ing manah kita sami: kenging punapa ngantos sami perang? Punapa estunipun ingkang dipun padosi? Punapa boten saged sami bedamen supados lerem sedayanipun? Kados pundi tentrem rahayu saged kababar menawi sedaya sami kepingin ngrampungaken prekawis kanthi perang? Sedaya pitakenan wau gemuleng ing manah kita sami nalika ngraosaken kawontenaning umat manungsa. Puji Gusti, nalika kita sami maos bab pamecanipun Nabi Yesaya, manah kita saged ngraosaken anyes, lerem lan tentrem. Pamecanipun Yesaya punika tumuju ing mangsa tembe bilih nalika Gusti mulihaken kawontenanipun umat Israel saking pambuwangan. Panjenenganipun badhe nuntun bangsa-bangsa supados boten sami perang. Kosokwangsulipun, para bangsa badhe ngraosaken tentrem rahayu. Ananging taksih tuwuh pitakenan, kenging punapa samangke taksih kathah peperangan? Punika taksih dados misteri kangge kita sami. Menawi kita raosaken langkung lebet, sejatosipun pamecaning Yesaya wau dados pamecut kangge kita sami kangge ngudi katentreman lan nebih saking peperangan. Gusti ngersakaken supados kita sami, umating manungsa, nindakaken perangan kita. Gusti ngersakaken supados kita sami boten namung mendel kemawon ananging sami gumregah ngudi tentrem rahayu. Sumangga kita sami ndongakaken supados jagad punika kaparingan tentrem rahayu. Sumangga kita wiwiti kanthi mbangun sesambetan ingkang raket kaliyan tetanggi kita ingkang beda talering bangsa, beda kapitadosan saha beda status sosial. Lumantar tumindak ingkang prasaja ing wanci samangke, mugi kita sami kasagedna ndherek andum katentreman ing satengahing alam donya punika. I*OHPN
Setu, 29 November 2025 Minggu Kristus Ratuning Jagad
Kejadian 6:11-22; Jabur 122; Mateus 24:1-22 SUDA ING KATRESNAN “Apamaneh marga saka saya wuwuhe duraka, temahan wong kang akeh-akeh padha suda katresnane.” (Mateus 24: 12) Saestu prihatos menawi ningali kawontenaning manungsa ing mangsa ingkang pungkasan mangke. Salah satunggalipun inggih punika sudaning katresnanipun kathah tiyang. Kathah tiyang ingkang namung mbujeng pikajengipun piyambak. Sedaya patrap dipun tindakaken kangge mbujeng drajat pangkat saha raja brana. Tundhanipun, kathah tiyang ingkang tegel nindhes mitranipun supados piyambakipun saged pikantuk kalenggahan ingkang sainggil-inggilipun. Tundhanipun malih, kathah tiyang ingkang kecalan raos pri kamanungsan dhateng sesaminipun. Kathah tiyang ingkang kecalan nalar budi saha sih piwelas dhateng para sedherek ingkang mbetahaken pitulungan. Kenging punapa kathah tiyang ingkang suda katresnanipun? Sedaya punika awit saking durakaning manungsa dhumateng Gusti. Manungsa boten manut kaliyan Gusti, kepara malah wantun nglawan dhumateng Gusti. Tiyang duraka punika boten purun kapimpin dening Gusti. Piyambakipun ndadosaken dhirinipun minangka ‘gusti’ kangge lampahing gesangipun. Tiyang duraka gampil kapilut dening sulaping kanikmatan kadonyan lan gampil ketaman ing panggodaning jaman. Pamecaning Gusti Yesus ing waosan kita samangke saestu mbereg manah kita sami supados sangsaya gumregut anggen kita mbabar sih katresnan. Kawiwitan saking brayat kita, kalajengaken ing gesang masamu saha gesang bebrayan ageng ing satengahing masyarakat. Kita sami ugi kaatag dening Gusti supados mbangun turut dhumateng Gusti lan nedya nebih saking tumindak duraka. Sinaosa kathah panggoda, kita sami kadhawuhan supados boten keli lan boten kapetang minangka peranganing kathah tiyang ingkang sampun suda katresnanipun dhateng sesami. I*OHPN
Jemuwah, 28 November 2025 Minggu Kristus Ratuning Jagad
Purwaning Dumadi 6:1-10; Jabur 122; Ibrani 11:1-7 GANJARAN “Yerusalem padha suwunna tentrem rahayu: Sakehing wong kang tresna marang kowe ginanjara kasantosan!” (Jabur 122: 6) Waosan kita punika minangka kidung jiyarahipun umat Israel. Para talering Israel remen menawi sami lumebet Yerusalem awit tiyang-tiyang wau badhe sowan sesarengan ing ngarsanipun Gusti, ing padalemaning Gusti. Ing Yerusalem ugi madeg kratoning sang Prabu Dawud saha madeg bale pangadilan. Yerusalem dados kitha ingkang saestu dipun tresnani dening umat Israel awit ing ngriku mijil raos patunggilaning umat, pangibadah dhumateng Gusti, pengayomaning para manggalaning praja saha jejeging kaadilan. Ingkang elok, saben tiyang ingkang nggadahi raos tresna saha ndedonga murih Yerusalem murih kaparingan santosa. Mendah elokipun menawi kawontenanipun Yerusalem mberkahi pra tiyang kathah. Tegesipun, lumantar Yerusalem, Gusti paring ganjaran dhateng pra tiyang kathah. Kados pundi kawontenaning griya kita? Punapa kawontenaning griya kita kadosdene Yerusalem ingkang kebak ing katresnan? Cariyos bab Yerusalem wau saged dados ‘inspirasi’ kangge griya kita. Mendahnea menawi griya kita ugi kebak ing katresnan, pangibadah, pasedherekan, pengayoman saha kaadilan. Menawi mekaten, kathah sedherek, tanggi tepalih saha tiyang sanes ingkang remen menawi rawuh ing griya kita. Ingkang nengsemaken malih, berkahipun Gusti ugi sumrambah dhateng para tiyang ingkang ndongakaken griya lan brayat kita. Puji Gusti menawi brayat kita saged mujudaken katresnan, pangibadah, patunggilan, pengayoman saha kaadilan. Puji Gusti menawi Gusti mbabar berkah dhateng brayat kita. Lan puji Gusti menawi kasantosan saking Gusti sumrambah dhateng para tiyang ingkang kesengsem dhateng griya lan brayat kita saha ndongakaken griya lan brayat kita. Sumangga kita sami mujudaken brayat ingkang nengsemaken sesami! Gusti mberkahi! |*OHPN
Kemis, 27 November 2025 Minggu Kristus Ratuning Jagad
Dhaniel 9:15-19; Jabur 122; Yakobus 4:1-10 ANDHAP ASOR “Marga saka iku Panjenengane ngandika: Gusti Allah nglawan wong kang kumalungkung, nanging maringi sih rahmat marang wong kang andhap asor.” (Yakobus 4: 6b) Wonten tigang prekawis ingkang saged ndadosaken kita gumunggung. Ingkang sepisan inggih punika banda. Tiyang ingkang sugih banda kedah waspada supados boten kapilut ing panggoda satemah dados gumunggung. Ingkang kaping kalih inggih punika kapinteran. Tiyang ingkang wasis kedah waspada supados sampun ngantos nggadhahi tumindak kumalungkung. Ingkang kaping tiga inggih punika andum pitulungan. Andum pitulungan punika pancen sae ananging kita sami ugi kedah waspada supados sampun ngantos ketaman raos kumalungkung. Lumantar rasul Yakobus, Gusti Allah ngemutaken umat supados sampun ngantos nggadahi watak gumunggung. Awit Gusti Allah boten karenan dumateng tiyang ingkang nggadhahi watak punika. Tiyang ingkang kumalungkung rumaos bilih namung piyambakipun ingkang onjo wondene tiyang sanesipun boten. Dangu-dangu piyambakipun rumaos boten mbetahaken Gusti! Kosokwangsulipun, Gusti Allah ngersakaken supados kita sami nggadahi watak andhap asor. Tiyang ingkang andhap asor punika ngakeni bilih saben tiyang nggadhahi kaluwihan saha kekiranganipun piyambak-piyambak. Tiyang ingkang andhap asor ngrumaosi kasekenganipun wonten ing ngarsanipun Gusti. Tiyang ingkang andhap asor rumaos mbetahaken Gusti lan gumantung sawetahipun dhumateng Gusti. Sumangga kita sami nitipriksa manah saha gesang kita, punapa kita asring kagodha dados kumalungkung? Punapa kita saged ikhlas ngasoraken raos gengsi kita satemah ing manah kita mijil raos andhap asor? Sumangga ing weninging ratri, kita sami ndedonga: “Dhuh Sang Roh Suci, nyuwun manah ingkang andhap asor.” |*OHPN
Rebo, 26 November 2025 Minggu Kristus Ratuning Jagad
Yesaya 60:8-16; Jabur 24; Lukas 1:1-4 KUWAOS NGEWAHI “Minangka gegentine kaananira biyen, nalika sira katinggal, disengiti lan ora ditekani wong siji-sijia, saiki sira bakal Sundadekake kaluhuran kang langgeng, dadi kabungahan turun-temurun.” (Yesaya 60: 15) Kawontenanipun umat Israel nalika ing pambuwangan pancen mrihatosaken. Ing paran, umat boten ngraosaken katresnan, kepara malah dipun siya-siya. Boten wonten tiyang saking bangsa sanes ingkang purun sesambetan. Umat rumaos dipun tilar saha dipun sengiti. Ananging in tembe, Gusti Allah badhe mangsulaken kamulyanipun umat Israel. Panjenenganipun badhe maringi kaluhuran ing sangajengipun bangsa-bangsa satemah tedhak turunipun badhe ngraosaken bungah sukarena. Gusti kagungan panguwaos ngewahi kawontenanipun umat, ingkang swaunipun katilar nanging ing salajengipun dados kaluhuraken. Punapa kita sami ugi nate ngraosaken kawontenan kados dene umat Israel? Mbok menawi kita sami sampun nyobi srawung kaliyan tetanggi, utawi mitra ing pedamelan, utawi sedherek sapatunggilan ing pasamuwan nanging sedaya malah sami nedya nebih saking kita. Manah kita dados rempu lan sedhih. Kenging punapa kita dipun tilar dening pra tiyang? Puji Gusti, kita saged ngandelaken panguwaosing Gusti ingkang kuwaos ngewahi manahing manungsa. Kanthi pandonga mirunggan ingkang tumemen, kita nyuwun pitulunganipun Gusti supados kita sami saged katampi dening para sedherek sanes. Menawi saderengipun sami sengit, mugi ing tembe para sedherek wau dados purun sesambetan kaliyan kita. Sumangga kita sami tumungkul dhumateng Gusti kanthi sayektos. Sedaya kawontenan ingkang awon wau boten minangka wusananipun gesang kita. Taksih wonten pengajeng-ajeng ing Gusti. Taksih wonten Gusti ingkang kuwaos ngewahi sedayanipun. Kadosdene perangan syair saking lagu pop rohani: “Aku masih punya Tuhan, punya pengharapan….aku masih punya Tuhan” I*OHPN
Slasa, 25 November 2025 Minggu Kristus Ratuning Jagad
Yesaya 33:17-22; Jabur 24; Wahyu 22:8-21 SUJUD “Sujuda marang Gusti Allah!” (Wahyu 22: 9c) Kenging punapa malaekatipun Gusti paring dawuh dhateng Yokanan supados sujud dhumateng Gusti Allah? Awit nalika malaekat mbabar pangandikanipun Gusti bab rawuhipun Gusti, Yokanan lajeng sujud ing sukunipun malaekat. Malaekat lajeng ngengetaken Yokanan supados namung sujud dhumateng Gusti kemawon awit para malaekat ugi namung abdinipun Gusti. Malaekat lan Yokanan sami-sami namung abdinipun Gusti! Sumangga kita nitipriksa gesang kita piyambak-piyambak. Nalika kita ngibadah, mesthinipun namung Gusti ingkang kita sembah. Ananging jujur kemawon, asring kita langkung migatosaken para sedherek ingkang leladi ing salebeting pangibadah. Para pelados musik ingkang prigel, cantoria ingkang endah swantenipun utawi pengkotbah ingkang swantenipun kung lan mantep kotbahipun. Ing salajengipun kita sami saged kapilut satemah nglirwakaken enering ibadah ingkang sejatos inggih punika Gusti Allah. Menawi mekaten, enering pangibadah kita sanes Gusti ananging para sedherek pelados wau. Sumangga kita sami emut bilih namung Gusti ingkang kita sujudi. Kita saged kemawon ngaturi pangalembana dhateng para pelados wau. Ananging sampun ngantos kita sami kapilut satemah ngetut wingking sedaya pangucap saha tumindakipun tanpa sikap ‘kritis’ dhateng pra sedherek wau. Ing tembenipun, saged-saged punapa kemawon ingkang dados tumindakipun kita belani sinaosa awon! Kita lajeng ugi mbandhing-mbandhingaken kaliyan para pelados sanesipun! Sumangga kita sami emut bilih kita sedaya punika namung abdinipun Gusti kanthi perangan ayahanipun piyambak-piyambak. Pramila kita kedah sami donga-dinonga lan sangkul-sinangkul ing antawisipun pra abdinipun Gusti. Sepisan malih, namung Gusti kemawon ingkang kedah kita sujudi! I*OHPN
Senen, 24 November 2025 Minggu Kristus Ratuning Jagad
Yeremia 46:18-28; Jabur 24; Wahyu 21:5-27 WEDANA “Iku bangsane wong kang padha takon ing bab Panjenengane, ingkang sami ngupadosi wedana Paduka, dhuh Allahipun Rama Yakub.” (Jabur 24: 6) Sinten ingkang kepareng minggah redinipun Gusti lan ngadeg ing padalemaning Gusti? Pitakenan punika minangka panjurungipun sang Prabu Dawud dhateng umat Israel supados saestu nresnani sesami lan nresnani Gusti. Katresnan punika kababar kanthi lampah nebih saking tumindak awon dhateng sesami saha saking tumindak dora. Kanthi mekaten, umatipun Gusti kasagedna mujudaken pakaryan ingkang sae saha manah ingkang tulus suci. Kosokwangsulipun, menawi umat kapilut dening panggoda satemah nindhes sesaminipun, umat boten dipun keparengaken sowan ing padalemaning Allah. Wondene katresnan dhumateng Gusti kawujudaken kanthi ngudi supados tansah nggadahi sesambetan ingkang raket kaliyan Gusti. Umat kadhawuhan supados tansah sinau bab katresnan saha pakaryanipun Gusti Allah. Umat ugi kajurung supados tansah ngaturaken sembah bekti dhumateng Gusti, ngupadosi wedananipun Gusti. Wedananipun Gusti punika nedahaken panguwaosipun Gusti ingkang nggegirisi ananging ugi nelakaken sih piwelasipun Gusti ingkang nresnani para umat. Ngupadosi wedananipun ateges nyuwun piwelasipun Gusti supados kersa migatosaken pasambatipun umat ingkang saweg nandang sangsara saha nyuwun panguwaosipun Gusti supados kersa paring pitulungan lan ngluwari saking sedaya panandhang wau. Sumangga kita sami sinau saking sang Prabu Dawud supados tansah njagi manah saha tumindak kita ing padintenanipun satemah nyondhongi dhateng kersanipun Gusti. Sumangga kita sami ugi tansah nindakaken olah karohanen, ngupadosi wedananipun Gusti kanthi pangibadah ingkang tumemen. Gusti paring pangandika: “Apik tumindakmu anak-Ku, mlebua neng padaleman-Ku!” |*OHPN
Ahad, 23 November 2025 Minggu Kristus Ratuning Jagad
Yeremia 23:1-6; Jabur 46; Kolose 1:11-20; Lukas 23:33-34 BOTEN MANGERTOS Gusti Yesus tumuli munjuk: ”Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi paduka apunten, amargi sami boten mangretos punapa ingkang dipun tindakaken.” (Lukas 23: 34a) Kados pundi raosing manah kita menawi dipun tatoni utawi dipun sakiti dening tiyang sanes? Upaminipun, wonten ing antiwisipun nem-neman kita ingkang nembe kapedhotan tresna. Utawi menawi kita dipun dukani ing sangajengipun tiyang kathah. Temtu kita rumaos lingsem, kuciwa lan serik ing manah. Lajeng punapa ingkang badhe kita tindakaken ing salajengipun? Gusti Yesus paring tuladha dhateng kita sami supados sumadya paring pangapunten dhateng tiyang ingkang sampun natoni manah kita. Ingkang elok inggih punika panyuwunipun Gusti Yesus dumateng Sang Rama supados paring pangaksama dhateng para tiyang ingkang sampun nyalibaken panjenenganipun. “…amargi sami boten mangretos punapa ingkang dipun tindakaken…” Sinaosa ngraosaken sangsara ing kajeng salib, Panjenenganipun tetep ngrengkuh para tiyang punika, nglangkungi sedaya tumindakipun saha nglangkungi tatuning manah ingkang dipun raosaken. Kadosdene tiyang sepuh ingkang saweg ngemong larenipun ingkang tumindak awon. Lare punika dipun rangkul kanthi katresnan! Saestu elok lan luhur! Tuladhanipun Sang Kristus punika endah nanging pancen boten gampil kangge dipun lampahi. MInangka manungsa limrah, kadangkala kita malah kepara dendam saha sengit satemah kepingin males punapa ingkang sampun dipun tindakaken dening tiyang punika. Pramila sumangga kita sangsaya mempeng anggen kita manekung manembah dhumateng Gusti supados kasagedna wening ing manah. Mugi kita sami kaparingan kekiyatan supados saged ngrengkuh sedherek wau kanthi katresnan. Ing weninging dalu, kita sami sowan Gusti kanthi pandonga mirunggan: “Dhuh Rama, mugi Paduka apunten sedherek kawula punika, amargi boten mangertos punapa ingkang dipun tindakaken.” |*OHPN
Setu, 22 November 2025 Minggu Limrah
Yeremia 22:18-30; Jabur 46; Lukas 18:15-17 KADOSDENE LARE “Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa anggone nampani Kratoning Allah ora kaya bocah cilik, iku ora bakal lumebu ing kono.” (Lukas 18: 17) Nalika kathah tiyang, kalebet para sekabatipun Gusti Yesus, sami ngremehaken para lare, Gusti Yesus negesaken katresnanipun dhateng para lare. Nalika para sekabat ngalang-alangi para lare, Gusti Yesus ngrengkuh lan maringi berkah dhateng para lare. Lumantar tumindakipun punika, Gusti Yesus paring piwucal dhateng para sekabat lan tiyang kathah bilih para lare ugi kedah dipun gatosaken, dipun rangkul saha dipun aturaken supados sangsaya caket kaliyan Gusti Yesus. Gusti Yesus ugi paring pangandika bilih saben tiyang ingkang nampeni Kratoning Allah kados dene para lare, punika ingkang badhe lumebet ing Kratoning Allah. Kenging punapa mekaten? Ingkang sepisan, para lare punika nggadahi sipat ingkang lugu lan tulus, jujur, boten munafik. Gusti ngersakaken supados panderekipun ugi nggadahi sipat tulus lan jujur ing ngarsanipun Gusti. Ingkang kaping kalih, para lare punika gumantung sawetahipun dhateng tiyang sepuhipun. Gusti Yesus ngersakaken supados panderekipun ugi nggadahi raos gumantung sawetahipun dhumateng Gusti lan boten ngandelaken kekiyatan saha pemanggihipun piyambak. Kanthi katulusan saha raos gumantung punika, tiyang-tiyang badhe katampi lumebet ing Kratoning Allah. Sumangga kita sami sinau saking para lare, kados dene pitembungan ”kebo nusu gudel”. Kita sami njagi manah kita supados tansah tulus lan jujur saha gumantung sawetahipun dhumateng Gusti Allah wonten ing sedaya lampahing gesang kita. Tansah sumeleh, sumarah, sumendhe dhumateng Gusti! Sumangga kita sami ugi sangsaya migatosaken para lare, taberi nanggapi pitakenan-pitakenanipun para lare saha mangsuli kanthi sukarena. Kanthi mekaten, pasamuwan kita sami kasagedna mujudaken ”gereja ramah anak”. I*OHPN
