+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 30 November 2025 Minggu Adven I

Yesaya 2:1-5; Jabur 122; Rum 13:11-14; Mateus 24:36-44

NINDAKAKEN PERANGAN KITA

Bangsa kang siji ora bakal ngangkat pedhange maneh nglawan

bangsa sijine tuwin ora bakal nggladhi perang maneh.

(Yesaya 2: 4b)

Kita sami rumaos prihatos menawi mireng kabar perang ing antawisipun setunggaling bangsa kaliyan bangsa sanesipun. Miris. Mbok menawi tuwuh pitakenan ing manah kita sami: kenging punapa ngantos sami perang? Punapa estunipun ingkang dipun padosi? Punapa boten saged sami bedamen supados lerem sedayanipun? Kados pundi tentrem rahayu saged kababar menawi sedaya sami kepingin ngrampungaken prekawis kanthi perang? Sedaya pitakenan wau gemuleng ing manah kita sami nalika ngraosaken kawontenaning umat manungsa.

Puji Gusti, nalika kita sami maos bab pamecanipun Nabi Yesaya, manah kita saged ngraosaken anyes, lerem lan tentrem. Pamecanipun Yesaya punika tumuju ing mangsa tembe bilih nalika Gusti mulihaken kawontenanipun umat Israel saking pambuwangan. Panjenenganipun badhe nuntun bangsa-bangsa supados boten sami perang. Kosokwangsulipun, para bangsa badhe ngraosaken tentrem rahayu. Ananging taksih tuwuh pitakenan, kenging punapa samangke taksih kathah peperangan? Punika taksih dados misteri kangge kita sami.

Menawi kita raosaken langkung lebet, sejatosipun pamecaning Yesaya wau dados pamecut kangge kita sami kangge ngudi katentreman lan nebih saking peperangan. Gusti ngersakaken supados kita sami, umating manungsa, nindakaken perangan kita. Gusti ngersakaken supados kita sami boten namung mendel kemawon ananging sami gumregah ngudi tentrem rahayu. Sumangga kita sami ndongakaken supados jagad punika kaparingan tentrem rahayu. Sumangga kita wiwiti kanthi mbangun sesambetan ingkang raket kaliyan tetanggi kita ingkang beda talering bangsa, beda kapitadosan saha beda status sosial. Lumantar tumindak ingkang prasaja ing wanci samangke, mugi kita sami kasagedna ndherek andum katentreman ing satengahing alam donya punika. I*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *