+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 29 November 2025 Minggu Kristus Ratuning Jagad

Kejadian 6:11-22; Jabur 122; Mateus 24:1-22

SUDA ING KATRESNAN

Apamaneh marga saka saya wuwuhe duraka,

temahan wong kang akeh-akeh  padha suda katresnane.”

(Mateus 24: 12)

Saestu prihatos menawi ningali kawontenaning manungsa ing mangsa ingkang pungkasan mangke. Salah satunggalipun inggih punika sudaning katresnanipun kathah tiyang.  Kathah tiyang ingkang namung mbujeng pikajengipun piyambak. Sedaya patrap dipun tindakaken kangge mbujeng drajat pangkat saha raja brana. Tundhanipun, kathah tiyang ingkang tegel nindhes mitranipun supados piyambakipun saged pikantuk kalenggahan ingkang sainggil-inggilipun. Tundhanipun malih, kathah tiyang ingkang kecalan raos pri kamanungsan dhateng sesaminipun. Kathah tiyang ingkang kecalan nalar budi saha sih piwelas dhateng para sedherek ingkang mbetahaken pitulungan.

Kenging punapa kathah tiyang ingkang suda katresnanipun? Sedaya punika awit saking durakaning manungsa dhumateng Gusti. Manungsa boten manut kaliyan Gusti, kepara malah wantun nglawan dhumateng Gusti. Tiyang duraka punika boten purun kapimpin dening Gusti. Piyambakipun ndadosaken dhirinipun minangka ‘gusti’ kangge lampahing gesangipun. Tiyang duraka gampil kapilut dening sulaping kanikmatan kadonyan lan gampil ketaman ing panggodaning jaman.

Pamecaning Gusti Yesus ing waosan kita samangke saestu mbereg manah kita sami supados sangsaya gumregut anggen kita mbabar sih katresnan. Kawiwitan saking brayat kita, kalajengaken ing gesang masamu saha gesang bebrayan ageng ing satengahing masyarakat. Kita sami ugi kaatag dening Gusti supados mbangun turut dhumateng Gusti lan nedya nebih saking tumindak duraka. Sinaosa kathah panggoda, kita sami kadhawuhan supados boten keli lan boten kapetang minangka peranganing kathah tiyang ingkang sampun suda katresnanipun dhateng sesami. I*OHPN

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *