Purwaning Dumadi 8:1-19; Jabur 124; Rum 6:1-11
PITULUNGAN KITA SAKING GUSTI
“Pitulungan kita iku ana ing asmaning Sang Yehuwah ,
kang nitahake langit lan bumi” (Jabur 124:8)
Filiphus Suryanto, nem-neman umur 13 tahun, asring ndherek pangibadah ingkang ngginakaken basa Jawi sareng kaliyan bapa lan ibunipun sinaosa piyambakipun kirang mangertos basa jawi. Nalika bibar pangibadah Filiphus Suryanto tangkled dhateng ibunipun: “Bu..kenging punapa ing wiwitaning ibadah Pendeta mesthi ngendika “Pitulungan kita punika pinangkanipun saking gusti allah ingkang nitahaken langit lan bumi?” Ibunipun lajeng paring katrangan: “Yen sak ngertine ibu iku kang diarani votum. Votum yaiku tembung kang ngelingake marang kabeh umat, yen uripe tansah kapitulungan lan rinimat dening Gusti”. Mireng katrangan punika Filiphus Suryanto lajeng manthuk-manthuk pratandha sampun mangertos.
Menawi kita gatosaken, tata pangabekti, mliginipun ing Gereja Kristen Jawa, mesthi badhe kawiwitan kanthi Votum. Prekawis punika ngajak lan ngemutaken dhateng warganing pasamuwan ingkang dherek pangibadah, bilih Gusti Allah kita punika kagungan purbawasesa, kagungan pangwasa ing bumi lan ing swarga. Sedaya titah rinimat kanthi prayogi, dadosa ingkang nembe wonten ing margi, nembe makarya punapa dene nembe wonten ing salebeting kaprihatosan saha ing satengahing ngadhepi ruwet rentenging gesang, kita sami kaajak kangge ngakeni panguwaosipun Gusti.
Juru masmur ngemutaken dhateng kita lumantar waosan dinten punika bilih pakaryanipun Gusti tansah kababar wonten ing gesangipun sedaya umatipun, ingkang dipun tresnani. Gesang rinimat dening Gusti boten ateges uwal saking perkawis utawi pepalang. Menawi kita nembe ngraosaken panandhang utawi ruwet rentenging gesang, Gusti Allah boten nilaraken kita, jer kita pitados bilih lumantar sedaya prekawis ingkang kita adhepi, Gusti Allah kagungan rancangan ingkang endah tumraping gesang kita. |*YS
