Yesaya 33:17-22; Jabur 24; Wahyu 22:8-21
SUJUD
“Sujuda marang Gusti Allah!” (Wahyu 22: 9c)
Kenging punapa malaekatipun Gusti paring dawuh dhateng Yokanan supados sujud dhumateng Gusti Allah? Awit nalika malaekat mbabar pangandikanipun Gusti bab rawuhipun Gusti, Yokanan lajeng sujud ing sukunipun malaekat. Malaekat lajeng ngengetaken Yokanan supados namung sujud dhumateng Gusti kemawon awit para malaekat ugi namung abdinipun Gusti. Malaekat lan Yokanan sami-sami namung abdinipun Gusti!
Sumangga kita nitipriksa gesang kita piyambak-piyambak. Nalika kita ngibadah, mesthinipun namung Gusti ingkang kita sembah. Ananging jujur kemawon, asring kita langkung migatosaken para sedherek ingkang leladi ing salebeting pangibadah. Para pelados musik ingkang prigel, cantoria ingkang endah swantenipun utawi pengkotbah ingkang swantenipun kung lan mantep kotbahipun. Ing salajengipun kita sami saged kapilut satemah nglirwakaken enering ibadah ingkang sejatos inggih punika Gusti Allah. Menawi mekaten, enering pangibadah kita sanes Gusti ananging para sedherek pelados wau.
Sumangga kita sami emut bilih namung Gusti ingkang kita sujudi. Kita saged kemawon ngaturi pangalembana dhateng para pelados wau. Ananging sampun ngantos kita sami kapilut satemah ngetut wingking sedaya pangucap saha tumindakipun tanpa sikap ‘kritis’ dhateng pra sedherek wau. Ing tembenipun, saged-saged punapa kemawon ingkang dados tumindakipun kita belani sinaosa awon! Kita lajeng ugi mbandhing-mbandhingaken kaliyan para pelados sanesipun! Sumangga kita sami emut bilih kita sedaya punika namung abdinipun Gusti kanthi perangan ayahanipun piyambak-piyambak. Pramila kita kedah sami donga-dinonga lan sangkul-sinangkul ing antawisipun pra abdinipun Gusti.
Sepisan malih, namung Gusti kemawon ingkang kedah kita sujudi! I*OHPN
