Yesaya 60:8-16; Jabur 24; Lukas 1:1-4
KUWAOS NGEWAHI
“Minangka gegentine kaananira biyen, nalika sira katinggal,
disengiti lan ora ditekani wong siji-sijia, saiki sira bakal Sundadekake
kaluhuran kang langgeng, dadi kabungahan turun-temurun.”
(Yesaya 60: 15)
Kawontenanipun umat Israel nalika ing pambuwangan pancen mrihatosaken. Ing paran, umat boten ngraosaken katresnan, kepara malah dipun siya-siya. Boten wonten tiyang saking bangsa sanes ingkang purun sesambetan. Umat rumaos dipun tilar saha dipun sengiti. Ananging in tembe, Gusti Allah badhe mangsulaken kamulyanipun umat Israel. Panjenenganipun badhe maringi kaluhuran ing sangajengipun bangsa-bangsa satemah tedhak turunipun badhe ngraosaken bungah sukarena. Gusti kagungan panguwaos ngewahi kawontenanipun umat, ingkang swaunipun katilar nanging ing salajengipun dados kaluhuraken.
Punapa kita sami ugi nate ngraosaken kawontenan kados dene umat Israel? Mbok menawi kita sami sampun nyobi srawung kaliyan tetanggi, utawi mitra ing pedamelan, utawi sedherek sapatunggilan ing pasamuwan nanging sedaya malah sami nedya nebih saking kita. Manah kita dados rempu lan sedhih. Kenging punapa kita dipun tilar dening pra tiyang? Puji Gusti, kita saged ngandelaken panguwaosing Gusti ingkang kuwaos ngewahi manahing manungsa. Kanthi pandonga mirunggan ingkang tumemen, kita nyuwun pitulunganipun Gusti supados kita sami saged katampi dening para sedherek sanes. Menawi saderengipun sami sengit, mugi ing tembe para sedherek wau dados purun sesambetan kaliyan kita.
Sumangga kita sami tumungkul dhumateng Gusti kanthi sayektos. Sedaya kawontenan ingkang awon wau boten minangka wusananipun gesang kita. Taksih wonten pengajeng-ajeng ing Gusti. Taksih wonten Gusti ingkang kuwaos ngewahi sedayanipun. Kadosdene perangan syair saking lagu pop rohani: “Aku masih punya Tuhan, punya pengharapan….aku masih punya Tuhan” I*OHPN
