Dhaniel 9:15-19; Jabur 122; Yakobus 4:1-10
ANDHAP ASOR
“Marga saka iku Panjenengane ngandika: Gusti Allah nglawan
wong kang kumalungkung, nanging maringi sih rahmat
marang wong kang andhap asor.” (Yakobus 4: 6b)
Wonten tigang prekawis ingkang saged ndadosaken kita gumunggung. Ingkang sepisan inggih punika banda. Tiyang ingkang sugih banda kedah waspada supados boten kapilut ing panggoda satemah dados gumunggung. Ingkang kaping kalih inggih punika kapinteran. Tiyang ingkang wasis kedah waspada supados sampun ngantos nggadhahi tumindak kumalungkung. Ingkang kaping tiga inggih punika andum pitulungan. Andum pitulungan punika pancen sae ananging kita sami ugi kedah waspada supados sampun ngantos ketaman raos kumalungkung.
Lumantar rasul Yakobus, Gusti Allah ngemutaken umat supados sampun ngantos nggadahi watak gumunggung. Awit Gusti Allah boten karenan dumateng tiyang ingkang nggadhahi watak punika. Tiyang ingkang kumalungkung rumaos bilih namung piyambakipun ingkang onjo wondene tiyang sanesipun boten. Dangu-dangu piyambakipun rumaos boten mbetahaken Gusti! Kosokwangsulipun, Gusti Allah ngersakaken supados kita sami nggadahi watak andhap asor. Tiyang ingkang andhap asor punika ngakeni bilih saben tiyang nggadhahi kaluwihan saha kekiranganipun piyambak-piyambak. Tiyang ingkang andhap asor ngrumaosi kasekenganipun wonten ing ngarsanipun Gusti. Tiyang ingkang andhap asor rumaos mbetahaken Gusti lan gumantung sawetahipun dhumateng Gusti.
Sumangga kita sami nitipriksa manah saha gesang kita, punapa kita asring kagodha dados kumalungkung? Punapa kita saged ikhlas ngasoraken raos gengsi kita satemah ing manah kita mijil raos andhap asor? Sumangga ing weninging ratri, kita sami ndedonga: “Dhuh Sang Roh Suci, nyuwun manah ingkang andhap asor.” |*OHPN
