Yeremia 46:18-28; Jabur 24; Wahyu 21:5-27
WEDANA
“Iku bangsane wong kang padha takon ing bab Panjenengane,
ingkang sami ngupadosi wedana Paduka, dhuh Allahipun Rama Yakub.”
(Jabur 24: 6)
Sinten ingkang kepareng minggah redinipun Gusti lan ngadeg ing padalemaning Gusti? Pitakenan punika minangka panjurungipun sang Prabu Dawud dhateng umat Israel supados saestu nresnani sesami lan nresnani Gusti. Katresnan punika kababar kanthi lampah nebih saking tumindak awon dhateng sesami saha saking tumindak dora. Kanthi mekaten, umatipun Gusti kasagedna mujudaken pakaryan ingkang sae saha manah ingkang tulus suci. Kosokwangsulipun, menawi umat kapilut dening panggoda satemah nindhes sesaminipun, umat boten dipun keparengaken sowan ing padalemaning Allah.
Wondene katresnan dhumateng Gusti kawujudaken kanthi ngudi supados tansah nggadahi sesambetan ingkang raket kaliyan Gusti. Umat kadhawuhan supados tansah sinau bab katresnan saha pakaryanipun Gusti Allah. Umat ugi kajurung supados tansah ngaturaken sembah bekti dhumateng Gusti, ngupadosi wedananipun Gusti. Wedananipun Gusti punika nedahaken panguwaosipun Gusti ingkang nggegirisi ananging ugi nelakaken sih piwelasipun Gusti ingkang nresnani para umat. Ngupadosi wedananipun ateges nyuwun piwelasipun Gusti supados kersa migatosaken pasambatipun umat ingkang saweg nandang sangsara saha nyuwun panguwaosipun Gusti supados kersa paring pitulungan lan ngluwari saking sedaya panandhang wau.
Sumangga kita sami sinau saking sang Prabu Dawud supados tansah njagi manah saha tumindak kita ing padintenanipun satemah nyondhongi dhateng kersanipun Gusti. Sumangga kita sami ugi tansah nindakaken olah karohanen, ngupadosi wedananipun Gusti kanthi pangibadah ingkang tumemen. Gusti paring pangandika: “Apik tumindakmu anak-Ku, mlebua neng padaleman-Ku!” |*OHPN
