Yeremia 23:1-6; Jabur 46; Kolose 1:11-20; Lukas 23:33-34
BOTEN MANGERTOS
Gusti Yesus tumuli munjuk: ”Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika
mugi paduka apunten, amargi sami boten mangretos punapa
ingkang dipun tindakaken.”
(Lukas 23: 34a)
Kados pundi raosing manah kita menawi dipun tatoni utawi dipun sakiti dening tiyang sanes? Upaminipun, wonten ing antiwisipun nem-neman kita ingkang nembe kapedhotan tresna. Utawi menawi kita dipun dukani ing sangajengipun tiyang kathah. Temtu kita rumaos lingsem, kuciwa lan serik ing manah. Lajeng punapa ingkang badhe kita tindakaken ing salajengipun?
Gusti Yesus paring tuladha dhateng kita sami supados sumadya paring pangapunten dhateng tiyang ingkang sampun natoni manah kita. Ingkang elok inggih punika panyuwunipun Gusti Yesus dumateng Sang Rama supados paring pangaksama dhateng para tiyang ingkang sampun nyalibaken panjenenganipun. “…amargi sami boten mangretos punapa ingkang dipun tindakaken…” Sinaosa ngraosaken sangsara ing kajeng salib, Panjenenganipun tetep ngrengkuh para tiyang punika, nglangkungi sedaya tumindakipun saha nglangkungi tatuning manah ingkang dipun raosaken. Kadosdene tiyang sepuh ingkang saweg ngemong larenipun ingkang tumindak awon. Lare punika dipun rangkul kanthi katresnan! Saestu elok lan luhur!
Tuladhanipun Sang Kristus punika endah nanging pancen boten gampil kangge dipun lampahi. MInangka manungsa limrah, kadangkala kita malah kepara dendam saha sengit satemah kepingin males punapa ingkang sampun dipun tindakaken dening tiyang punika. Pramila sumangga kita sangsaya mempeng anggen kita manekung manembah dhumateng Gusti supados kasagedna wening ing manah. Mugi kita sami kaparingan kekiyatan supados saged ngrengkuh sedherek wau kanthi katresnan. Ing weninging dalu, kita sami sowan Gusti kanthi pandonga mirunggan: “Dhuh Rama, mugi Paduka apunten sedherek kawula punika, amargi boten mangertos punapa ingkang dipun tindakaken.” |*OHPN
