Zakharia 11:1-17; Jabur 46; I Petrus 1:3-9 SUKARENA “… Kowe padha sukarena, marga saka anane kabungahan kang mulya lan kang ora kena kinira kira. Amarga kowe wis padha bisa ngranggeh gegayuhane pracayamu, yaiku karahayoning nyawamu …” (I Petrus 1:8b-9) Punapa kita sami taksih saged ngraosaken sukarena nalika nandhang sangsara? Saged. Rasul Petrus nedahaken bilih pasamuwan saged ngraosaken sukarena sinaosa saweg nandang sangsara awit saking kapitadosanipun dhumateng Gusti Yesus. Kenging punapa? Amargi pasamuwan sampun nampeni karahayoning gesang langgeng awit saking kapitadosanipun ingkang boten ewah gingsir. Sinaosa katindhes badan saha manahipun ananging nyawanipun kawilujengaken dening Gusti. Sinaosa katindhes ing alam donya punika ananging pasamuwan badhe ngraosaken gesang langgeng kebak ing kabingahan ing swarga. Sukarena ingkang sejatos punika boten katemtokaken awit saking kawontenan ing sakiwa tengen kita utawi awit saking kawontenan ingkang saweg kita adhepi. Tuladhanipun, nalika kita mindhak gaji, kita ngraosaken bingah. Punika bingah amargi gajinipun mindhak. Ananging sekarena ingkang sejatos, ingkang karumentahaken saking swarga punika ajeg wonten sinaosa kawontenan ing sakiwa tengen kita tansah ewah. Sukarena punika mijil saking lebeting manah, kasurung saking pakaryanipun Sang Roh Suci. Pramila sinaosa kita saweg nandang kasangsaran lan karibedan, kita sami tetep saged ngraosaken sukarena bingah ing salebeting manah. Pengajeng-ajeng bab karahayoning gesang langgeng mugi njurung kita sami supados tetep nggadahi raos sukarena. Pengajeng-ajeng punika ndadosaken manah kita tetep bombong, boten nglokro lan semplah. Boten lajeng nedya nebih saking Gusti Yesus. Sumangga kita sami tetep gondhelan kaliyan Sang Kristus nalika ngadhepi bot repoting gesang ing alam donya punika. Kados dene peksi garudha ingkang mabur ing sainggilipun prahara ing jagad, mekaten ugi kita sami saged ngraosaken sukarena bingah ing sainggilipun sedaya kasangsaraning gesang. I*OHPN
Kemis, 20 November 2025 Minggu Limrah
II Babad 18:12-22; Jabur 46; Ibrani 9:23-28 MENENGA! “Menenga lan ngretia, manawa Ingsun iku Allah!” (Jabur 46: 11a) Nalika manungsa ngadhepi kawontenan ingkang nggegirisi lan mbebayani, limrahipun wonten kalih tanggapan. Ingkang sepisan, kita sami bingung lan kuwatos satemah boten saged wening lan ngandelaken panguwaosipun Gusti. Ingkang kaping kalih, kosokwangsulipun, kita sami gumunggung lan rumaos saged mrantasi kanthi kekiyatan kita piyambak. Kita sami namung ngothak-athik sedaya patrap supados saged ngadhepi karibedan utawi kangelan wau. Lumantar juru Mazmur, Gusti Allah mbereg umat Israel supados pitados sawetahipun dhumateng Panjenenganipun nalika ngadhepi karibedan, mirungganipun nalika ngadhepi bangsa sanes ingkang badhe nindhes. Gusti Allah ngersakaken supados umat sumene saha ngrantos pitulunganipun Gusti. Sampun ngantos bingung lan kuwatos utawi kosokwangsulanipun, gumunggung lan ngandelaken pemanggihipun piyambak. ‘Menenga lan ngretia, menawa Ingsung iki Allah!’ punika minangka wujuding panganthinipun Gusti tumrap kita sami. Kita sami sumene lan ngraosaken kanthi lebet panganthining Gusti Allah temahan saged saestu ngandelaken Panjenenganipun. Kita sami kedah mitadosi kanthi sayektos bilih Gusti Allah punika saestu madeg minangka Gusti ingkang kagungan panguwaos ageng tumrap sedaya karibedan kita sami. Sampun ngantos kadosdene prabu Saul ingkang boten taberi anggenipun nenggo nabi Samuel satemah misungsungaken kurban langkung rumiyin awit ajrih dhateng bangsa Filistin ingkang badhe nindhes. Ing jaman samangke, punapa kita saged nyamektakaken wekdal sawetawis supados saged sumene lan ngraos-ngraosakaen kanthi lebet panganthining Allah? Punapa kita sami saged langkung ngandelaken pitulunganipun Gusti lan boten ngandelaken kekiyatan kita piyambak? I*OHPN
Rebo, 19 November 2025 Minggu Limrah
Yehezkiel 43:1-12; Jabur 141; Mateus 23:37-24:14 NGULUKAKEN PANDONGA “Pandonga kawula mugi dadosa kados kurban dupa arum kagem Paduka, saha tangan kawula ingkang kawula ulukaken dadosa kados pisungsung kurban ing wanci sonten.” (Jabur 141: 2) Punapa kemawon ingkang dados kabetahanipun para sedherek adiyuswa? Wonten kalih, inggih punika ‘kempal’ lan ‘cariyos.’ Mendah remenipun para sepuh menawi saged kempal sesarengan lan sami andum cariyos bab gesangipun setunggal lan setunggalipun. Punika saestu ngeram-eramaken! Ananging kados pundi menawi wonten kasepuhan ingkang boten saged nderek kempalan? Raosing manah temtu kuciwa lan sedhih. Punapa malih menawi ing griya namung piyambakan, boten wonten kancanipun. Sangsaya nggrantes! Mbok menawi lajeng mijil pitakenan ing manahipun: geneya aku kaya wong sing ora kajen? Kenapa aku wis ora iso andum apa-apa? Ora iso leladi maneh kaya nalika isih enom? Taksih wonten ingkang saged katindakaken inggih punika dados juru syafaat kangge sinten kemawon. Para sepuh saged ngulukaken pandonga kangge brayat, pasamuwan, bangsa lan negari! Saking manah ingkang tuhu, sumengka pandonga ingkang tulus dhumateng Gusti! Juru Mazmur nelakaken bilih pandonga punika minangka pisungsung ingkang arum lan endah wonten ngarsanipun Gusti! Boten namung raja brana ingkang saged kita pisungsungaken ananging ugi pandonga ingkang mijil saking lebeting manah! Sumangga kita sami ngulukaken pandonga kanthi raos tulus bingah! Pandonga kita sami punika mugi ndhodhog penggalihipun Gusti satemah Gusti kersa miyarsakaken syafaat kita sami. Kanthi mekaten sauruting gesang kita ngantos yuswa sepuh tetep taksih maedahi lan migunani kangge sesami! I*OHPN
Selasa, 18 November 2025 Minggu Limrah
Yehezkiel 39:21-40:4; Jabur 141; I Korinta 10:23-11:1 MAEDAHI “Aku wenang samubarang, nanging ora samubarang iku maedahi.” (I Korinta 10: 23) Rasul Paulus nedahaken dhateng warganing pasamuwan ing kitha Rum supados nggadhahi tepo slira. Tiyang pitados pancen pikantuk nedha sedaya tetedhan awit Gusti sampun nyawisaken isining alam donya punika kangge nyekapi kabetahanipun manungsa. Menawi pikantuk daging saking tetanggi umpaminipun, kita tiyang pitados pikantuk nedha. Ananging menawi wonten sedherek sapatunggilan ingkang nggadahi ganjelan utawi pambengan bab daging punika, prayogi kita boten nedha daging wau supados boten dados sandhungan ing manahipun sedherek wau. Menawi sedherek wau nggadahi pamanggih menawi daging wau najis awit nembe kemawon dipun pisungsungaken kangge pangabekti dhateng brahala, tegesipun sedherek wau nggadahi ganjelan. Rasul Paulus ngemutaken warganing pasamuwan supados ngendhaleni dhiri boten nedha daging wau supados boten ndadosaken sandhungan kangge sedherek sanes. Rasul Paulus njurung warganing pasamuwan supados nengenaken karukunan ing satengahing pasamuwan. Ingkang inggil pangertosanipun bab kapitadosan kedah ngurmati lan ngemong sedherek sanes ingkang kirang pangertosanipun. Kanthi mekaten, sedaya tiyang pitados kasagedna angen ingenan setunggal lan setunggalipun. ‘ Sumangga kita sami nggadahi raos pangraos wonten ing gesang sesarengan. Boten nengenaken pikajeng kita piyambak ananging sesambetan ing antawisipun warganing pasamuwan ugi kedah kita reksa sesarengan. Kita pancen saged nindakaken punapa kemawon kangge kapentingan kita pribadi. Kita pancen wenang ing samubarang. Ananing menawi boten maedahi kangge gesangipun pasamuwan, prayogi kita ngendhaleni dhiri satemah boten mbujeng pepinginanning manah kita piyambak. I*OHPN
Senen, 17 November 2025 Minggu Limrah
Yehezkiel 11:14-25; Jabur 141; Efesus 4:25-5:2 NGULURI “Wong kang gawene nyolong, aja nyolong maneh, nanging becik nyambut gawe kanthi tumemen lan nglakoni pagawean kang becik kalawan tangane dhewe, supaya bisa nguluri wong kang kekurangan.” (Efesus 4: 28) Salah satunggaling wujudipun gesang ingkang kaanyaraken inggih punika nyambut damel kanthi patrap ingkang sae. Tegesipun, tiyang pitados kedah nindakaken pedamelanipun kanthi jujur lan tulusing manah, boten nyolong, boten korupsi. Kanthi mekaten, tiyang pitados saged nyekapi kabetahaning brayatipun piyambak lan boten gumantung kaliyan pambiyantunipun tiyang sanes ananging ‘kalawan tangane dhewe’ (mandiri). Ing sisih sanesipun malih, para tiyang ingkang nyambut damel kanthi jujur ugi kadhawuhan supados mbiyantu sedherek sanes ingkang mbetahaken pitulungan. Tiyang pitados katimbalan supados ngestokaken tanggel jawab sosial inggih punika purun migatosaken sesami ingkang kesrakat. Kanthi mekaten, raja brana ingkang katampi saking pedamelanipun boten namung kangge nyekapi kabetahanipun piyambak ananging ugi mengku kautaman bab ‘solidaritas.’ Wonten unen-unen ingkang mekaten: ‘ing salebeting raja brana kita, wonten ingkang dados hak-ipun tiyang miskin.’ Kanthi nyambut damel ingkang tumemen, kita saged pinaringan berkah kangge nyekapi kabetahaning gesang saha saged mbiyantu sesami. Sumangga kota sami ngraos-ngraosaken timbalanipun Gusti lumantar sabdanipun supados kita sami nguluri sesami ingkang kekirangan. Mugi kita sami kasagedna dados talang berkahipun Gusti kangge sesami, sae punika sesamining wargan pasamuwan utawi sesami umating manungsa titahanipun Gusti. Ngayahi pedamelan punika kewajibaning manungsa. Wondene nguluraken berkah kangge sesami punika timbalanipun Gusti ingkang elok. Rahayu sedaya tiyang ingkang ngestokaken timbalanipun Gusti kanthi ikhlasing manah saha kanthi bingah sukarena. “Sing sapa kerep andum berkat, bakal nampeni kaluberan….” (Amsal 11: 25). I*OHPN
Ahad, 16 November 2025 Minggu Limrah
Maleakhi 4:1-2a; Jabur 98; II Tesalonika 3:6-13; Lukas 21:5-19 NYAMBUT DAMEL “… wong kang ora gelem nyambut gawe iku iya aja mangan.” (II Tesalonika 3: 10b) . Kenging punapa rasul Paulus ngendika bilih tiyang ingkang boten nyambut punika boten pareng nedha? Nalika semanten wonten saperangan tiyang ingkang nggadahi pemanggih bilih Gusti Yesus badhe enggal rawuh. Para tiyang wau lajeng nilar brayat saha pedamelanipun. Miturut pamawasipun, nyambut damel punika namung ndadosaken badaning manungsa reged lan boten pantes nalika methukaken rawuhipun Gusti. Tiyang-tiyang wau ugi ngajak pasamuwan ing Tesalonika murih pitados dhumateng keyakinanipun para tiyang wau. Ananging awit dinten ingkang dipun ajeng-ajeng punika ngantos dangu dereng rawuh, para tiyang wau lajeng sami nyuwun tetedhan dumateng warganing pasamuwan. Nanggepi pemanggih ingkang klentu punika, rasul Paulus lajeng ngendikan: “…wong kang ora gelem nyambut gawe iku iya aja mangan.” Rasul Paulus ugi nelakaken bilih piyambakipun saha saperangan kanca pelados ugi nyambut damel. Piyambakipun njurung pasamuwan supados nebihi para tiyang ingkang klentu ing pemanggih wau. Methukaken rawuhipun Gusti boten ateges nilaraken tanggel jawab ing donya punika. Tiyang pitados kedah tetep nglampahi gesang salimrahipun saha nindakaken ayahan sapadintenan kanthi tumemen. Gesang bebrayatan, nyambut damel, sesrawungan kaliyan sesami saha ngabekti dhumateng Gusti. Kanthi cara mekaten, tiyang pitados cumawis methukaken rawuhipun Gusti Yesus, benjang punapa kemawon Panjenenganipun badhe rawuh. Nalika Gusti Yesus rawuh ing tembe, Gusti ngersakaken methuk para tiyang pitados ingkang setya tuhu mundhi dhawuhipun, memayu hayuning bawana. Mendahnea menawi kita sami kapetang minangka peranganipun tiyang pitados ingkang nggadahi tanggel jawab, ‘etos’ pakaryan ingkang inggil. I*OHPN
Setu, 15 November 2025 Minggu Limrah
Yehezkiel 10:1-19; Jabur 98; Lukas 17:20-37 KATUMPES “Wong-wong padha mangan lan ngombe, pada omah-omah lan diomah-omahake, nganti tumeka ing dinane Nabi Nuh lumebet ing prau; banjur ana banjir gedhe, kang numpes wong kabeh.” (Lukas 17: 27) Kenging punapa tiyang-tiyang ing jamanipun Nabi Nuh punika katumpes dening Gusti Allah kanthi jalaran bena ageng? Awit tiyang-tiyang punika gesang ing saklebeting dosa, lan boten purun dipun wilujengaken, kepara malah memoyok nalika Nabi Nuh nyawisaken baita. Tiyang-tiyang wau boten pitados lan boten purun nampi pepenget saking Gusti lumantar nabi Nuh bilih badhe wonten bena ageng. Gusti Yesus ngagem cariyos bab lelampahipun nabi Nuh minangka tuladha lan gegambaran bab kados pundi rawuhipun Kratoning Swarga ing tembe. Menawi manungsa boten sami nyawisaken dhiri saperlu methukaken rawuhipun Putraning Manungsa, manungsa badhe ngadhepi paukumaning Gusti. Punika sami kemawon kadosdene ‘katumpes’ ing cariyos bab nabi Nuh. Pancen kapireng nggegirisi! Ananging bab punika dipun tegesaken dening Gusti Yesus supados manungsa sami mratobat lan cecawis awit manungsa boten sumerep benjang punapa kratonipun Gusti punika badhe rawuh! Sumangga kita sami saestu nyamektakaken dhiri. Sami bakuh ing kapitadosan kita saha njagi sedaya tumindak kita saben dintenipun. Kita sami nglampahi gesang suci kados-kados benjang punika wancinipun Gusti rawuh methuk umatipun! Sampun ngantos kita kapilut dening panggodaning Iblis bilih wekdalipun taksih dangu, kadosdene para tiyang ing jaman nabi Nuh: “padhang njingglang kok gawe baita…wong aneh!” Sampun ngantos kita sami ketaman ing panggoda satemah kita sami kedlarung nindakaken molimo (main, madat, maling, mendem, madon/mlanang). Sinten ingkang tansah emut lan waspada, punika ingkang badhe kapitulungan rahayu. |*OHPN
Jemuwah, 14 November 2025 Minggu Limrah
II Samuel 21:1-14; Jabur 98; II Tesalonika 1:3-12 SEMBADA “Awit saka iku aku kabeh temah padha ndedonga, uga kanggo kowe kabeh, supaya Allah kita karsa nganggep marang kowe sembada ing timbalane lan kalawan panguwaose karsaa nyampurnakake sedyamu arep nindakake kabecikan sarta karsaa nyampurnakake sakehe panggawening pracayamu” (II Tesalonika 1:11) Tetela bilih rasul Paulus nresnani pasamuwan ing Tesalonika. Sinaosa ngadhepi maneka warni panindhes ananing warganing pasamuwan tetep bakuh kapitadosanipun dhumateng Gusti Yesus. Rasul Paulus nglipur manahipun pasamuwan bilih Gusti Allah piyambak ingkang badhe mitulungi pasamuwan saha paring paukuman dhateng para tiyang tingkang nganiaya pasamuwan. Rasul Paulus ugi ndongakaken supados pasamuwan sembada anggenipun nindakaken pakaryan ingkang sae minangka wujuding kapitadosanipun. Sinaosa katindhes, warganing pasamuwan tetep setya tuhu nandur wohing pakaryan ingkang sae. Pasamuwan tetep tuhu ngibadah lan ngiyataken kapitadosan. Pasamuwan tetep nunggil ing pasedherekan. Lan pasamuwan tetep sembada martosaken Injilipun sang Kristus. Saestu, rasul Paulus paring pangalembana saha tumemen ndongakaken pasamuwan ing Tesalonika. Para sedherek kinasih, lelampahanipun pasamuwan ing Tesalonika punika saged dados tulada kangge kita sami. Sinaosa kathah pacoben lan panggoda, kita sami boten lajeng nglokro. Ananging kita sami katimbalan supados tetep sembada nindakaken ayahan saking Gusti. Sedaya pepalang wau kita sami anggep minangka pamecut. Kita sami mbudidaya supados tetep makarya. Kukuh ing kapitadosan, rukun ing patunggilan saha gumregut martosaken pakaryanipun Gusti Yesus. Ing tembe, Gusti piyambak ingkang mirsani, punapa kita sami saestu sembada punapa boten. Kadosdene perangan syair pop rohani : ‘ku berjuang sampai akhirnya, ‘Kau dapati aku tetap setia….”, kawula badhe ngupadi gesang ingkang setya dumugi puputing yuswa. Amin |*OHPN
Kemis, 13 November 2025 Minggu Limrah
I Samuel 28:3-19; Jabur 98; Rum 1:18-25 ELOK “Pangeran Yehuwah repekna kidung anyar, awit Panjenengane wus nindakake kaelokan….” (Jabur 98:1a) Juru Masmur nelakaken bilih pakaryanipun Sang Yehuwah punika elok satemah piyambakipun njurung para umat supados ngrepekaken kekidungan kagem ngluhuraken asmanipun Gusti. Punapa ingkang elok? Gusti Allah sampun maringi karaharjan saha kaadilan dhateng umatipun. Panjenenganipun sampun ngrentahaken sih kadarman saha nelakaken sih kasetyanipun satemah bangsa Israel saged ngraosaken tentrem rahayu. Pramila, sampun kedahipun para umat sami ngluhuraken asmanipun Gusti kanthi kekidungan! Punapa pakaryanipun Allah punika namung kelampah wonten ing satengahing bangsa Israel kemawon? Boten. Ing salajengipun, Panjenenganipun badhe ngadili bangsa-bangsa kanthi kayekten. Karaharjan saha kaadilan ugi badhe kababar ing saindenging jagad awit Panjenenganipun nresnani jagad punika kanthi sih kawelasanipun. Sampun kedahipun menawi umat Israel ugi njejegaken kaadilan saha ngupadi karaharjan, boten namung kangge bangsanipun ananging ugi kangge sesami saking bangsa sanes. Pangatagipun Juru Mazmur punika ugi njurung kita sami supados nindakaken kalih prekawis. Ingkang sepisan, atur panuwun awit pakaryanipun Gusti ingkang elok ing gesang kita. Ingkang kaping kalih, kita katimbalan supados ndherek mujudaken kaadilan, kayekten saha karaharjaning jagad. Sinaosa kita rumaos sisah menawi ningali tumindaking manungsa ingkang mrihatosaken, kita sami boten surut ing pambudidaya. Malah kepara punika dados pecut kangge kita supados langkung trengginas anggen kita makarya. Mendahnea menawi gesanging manungsa saha jagad punika kebak ing karukunan. Mendah elokipun menawi sedaya bangsa saestu ngugemi kayekten lan ngupadi kaadilan. Kanthi mekaten kita sami kasagedna ugi mujukaken kaelokanipun tumindak, kados dene Gusti Allah! |*OHPN
Rebo, 12 November 2025 Minggu Limrah
Ayub 25:1-26:14; Jabur 123; Yokanan 5:19-29 NGURMATI “… Sing sapa ora ngurmati Sang Putra, iku uga ora ngurmati marang Sang Rama kang ngutus Panjenengane.” (Yokanan 5: 23b) Pangandikanipun Gusti Yesus punika nedahaken bilih Panjenenganipun punika asalipun saking Allah Sang Rama, dipun utus dening Sang Rama. Punapa ingkang dipun dhawuhaken dening Sang Rama badhe dipun estokaken dening Sang Putra. Panjenenganipun ugi dipun utus supados ngadili sedaya tiyang ing tembe. Pramila, Panjenenganipun negesaken supados sedaya tiyang ngurmati Sang Putra. Pangatagipun Sang Putra punika saperlu ndhodhog manahipun saperangan tiyang Israel ingkang dereng pitados dhumateng Panjenenganipun. Menawi kita raos-raosaken ing jaman samangke, pancen taksih kathah tiyang ingkang boten nggadahi raos urmat dhumateng Gusti Yesus, Sang Putra. Saged ugi awit piyambakipun boten pikantuk pawartos bab pakaryanipun Sang Kristus. Ananging saged ugi awit saking raos sengit dhateng para tiyang ingkang pitados dhumateng Sang Kristus. Punika pancen sampun kaserat ing Injil bilih para tiyang pitados badhe ngadhepi pamoyoking tiyang-tiyang ingkang boten remen mireng bab pakaryanipun Sang Kristus saha patunggilaning para umatipun. Sinaosa mekaten, kita sami kadhawuhan supados tetep nandukaken katresnan dhateng tiyang-tiyang wau. Kados dene Sang Rama kebak ing katrenan, mekaten ugi Sang Putra. Kados dene Sang Putra kebak ing katresnan, mekaten ugi kedahipun kita sami minangka pandherekipun! Sumangga kita sami nitipriksa, punapa kita ugi sampun nyatakaken raos urmat dhumateng Sang Putra? Ngurmati Sang Putra punika boten namung kawujudaken kanthi pangucap utawi kanthi ngangge kalung salib saben dintenipun. Asung pangurmatan dhumateng Sang Putra punika ugi kedah kawujudaken kanthi manembah ing ngarsanipun wonten ing pangibadah pribadi tuwin sesarengan. Ngurmati punika ugi kelampahan kanthi mbangun turut dhateng punapa ingkang dipun dhawuhaken Sang Putra. Wosipun, ngurmati punika boten namung bab tetembungan ananging ugi pakaryan nyata! |*OHPN
